Kaca:Babad Solo.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
110

 Ingkang kathah Wirèng pethilan ringgit purwa kaliyan ringgit gedhog. Saya lami tambahing wirèng saya kathah. Malah lajeng amulang talèdhèk kadadosaken wirèng èstri. Dangu-dangu lajeng ngadani iyasa ringgit tiyang pisan. Dèrèng ngantos kalampahan dados, Kangjeng Gusti kaping IV kaselak séda. (tahun 1881)

 KGPAA Mangkunagara kaping V kapareng nglajengaken iyasa ringgit tiyang, angluluri karsanipun ingkang rama. Malah lajeng dipun santosani, dipun iyasakaken panganggèn irah-irahan aniru wujuding ringgit wacucal purwa. Wonten ingkang nganggé makutha, topong, gelung kekeling lan gelung supit urang, kelat bau sumping, praba, sarta uncal badhong, sadaya pepak. Dipun jangkepi miturut punapa mestinipun ringgit wacucal purwa, kados ingkang kasebat wonten ing serat waosan carios lampahaning ringgit purwa.

 Dados saben tiyang ingkang sami ningali lajeng saged gampil panitikipun dhateng salah satunggaling wewujudan wayang, saged mèmper sayektos kaliyan ringgitipun wacucal ingkang dipun émba wau.

 Menggah sadaya prabot panganggén punika ngantos dumugi sapriki taksih kathah ingkang saé. Inggih wonten sapérangan ingkang risak, nanging kénging dipun dandosi; dipun pulihaken tatu lami, dados boten éwah kaliyan aslinipun.

 Pramila saben ing Pura Mangkunagaran wonten gebyagan ringgit tiyang, kathahing tiyang ingkang sami ningali prasasat ngebaki palataran. Nanging dangu-dangu saking kathahipun tiyang, lajeng wonten ingkang paben, dados kerengan. Malah wonten ingkang kataton. Pramila tetingalan ringgit tiyang wau lajeng kabibaraken.

 Sabibaring ringgit tiyang ing Mangkunagaran, tetiyang alit ingkang suwaunipun ngabdi dados ringgit tiyang, sami akal-akal damel kempalan ringgit tiyang kanggé barangan sarana kabayaraken dhateng tiyang-tiyang ingkang sami ningali.

 Sasampunipun punika ing Surakarta lajeng anggebyah kathah tiyang ingkang ngedegaken pakempalan ringgit tiyang kanggé barangan, ngantos dumugi sapriki, awit sami-sami tetingalan Jawi, ringgit tiyang punika kalebet dipun senengi piyambak déning tiyang kathah.