Kaca:Babad Solo.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

9

Dados siti Talawangi kaliyan siti Sala kalih-kalihipun sami kanggé. Terang dhawuh-dalem lajeng dipun yayasani Kadhaton sapanunggilanipun.

 Abdidalem lurah undhagi sami anggarap. Ingkang sami dados kamisepuhipun undhagi KYAHI PRABASANA kanthi KYAHI HARYASAMA, KYAHI RAJEGPURA, KYAHI SRIKUNING kanthi bausuku mancanagari. Ingkang anjanengi ADIPATI PRINGGALAYA kanthi Bupati njawi-lebet sedaya. Sampun paripurna rakiting nagari, ananging kala samanten dèrèng pinageran banon; saweg jaro bethik kémawon ingkang kanggé dandos-dandos. Dadosing nagari SURAKARTA HADININGRAT sinengkalan "Sirnaning Resi Rasa Tunggal" (1670).

 Kacarios kala samanten Adipati Pringgalaya sampun anampèni palapuranipun abdidalem ingkang sami andadosi Kadhaton sampun paripurna. Para Nayaka sekawan langkúng suka, lajeng nyaosi dhumateng Sampeyandalem anyaranani Kadhaton.

 Ingkang Sinuwun karenan ing galih, lajeng dhawuh mundhut brana tuwin arta, kaparingaken Adipati Pringgalaya; nyambut naringaken dhateng abdidalem ingkang mentas nyambut damel. Sang Kindya Kantri matur sandika badhé nampèni kucah-dalem.

 Ingkang Sinuwun karenan ing galih, lajeng dhawuh mundhut brana arta, kaparingaken Adipati Pringgalaya; kadhawuhan maringaken dhateng abdidalem ingkang mentas nyambut damel. Sang Nindya Hantri matur sandika badhé nampeni kucah-dalem.

 Sadumuging njawi ganjaran-dalem wau lajeng kabagé ingkang sami nggarap sadaya, sampun warading. Para Wadana Kaliwon, Panèwu, Mantri, Lurah, Bekel, Jajar, sami suka nuwun sami anampi ganjaran.

 Sareng antawis dinten Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping II animbali sang pujangga Tumenggung Tirtawigua kaliyan Pangéran Wijil. Risang kekalih sampun manjing pura, mareg ingarsa-dalem. Ingkang Sinuwun andangu dhumateng Tumenggung Tirtawiguna kaliyan Pangéran Wijil. Dhawuhing pangandika-dalem :

 "Heh Tumenggung Tirtawiguna, marnane sira ingsung timbali marang ngarsaningsun, sarta sira Pangéran Wijil, padha ingsung pundhuti susurupan, apa kang dadi kupiya sarta isaraté panjenenganingsun ngalih nagara iki."

Unjukipun Tumenggung Tirtawiguna :

 "Kawula nuwun. Menggah ingkang dados isaratipun : (I). Nalika panjenenganipun nata binathara PRABU YUDAYAKA pindhah Yawastina, makaten sarananipun: