Kaca:Babad Solo.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
104

IX, kapatedhan asma Gusti Kangjeng Ratu Paku Buwana, lajeng peputra Sampéyandalem Ingkang Sinuwun Ingkang Minulya saha Wicaksana Paku Buwana X.

 Inggih punika kempaling trah SURYA kaliyan SASANGKA tuwin SUDAMA (Trimurti)

 Dados tedhakipun putra PAKUBANAN tetiga sampun semi karasuk ing sarira-dalem sadaya.

 Awit saking kasoking bingahipun panjenengan-dalem Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Arya MANGKUANAGARA IV, déning putra-kapénakanipun sampun saged peputra kakung, ingkang ing tembé badhé gumantos kapraboning rama, lajeng iyasa BAWA SEKAR CANDRA-KUSUMA Sléndro péthet sanga, ingkang suraosipun mardawa kempaling putra PAKUBANAN wau, makaten cakepanipun :

Kang dadi SUDAMA gusti, SASANGKA kasongan SURYA,
PRABANYA sumungsung kaswa, raras ruming Sari-sari,
samya manuksmèng SARIRA, sumarmanira sukanta,
hujwalanira sumunu, marbuk kang CANDRA-KUSUMA.

PRABANYA inggih PRABAYASA. Punika asmanipun Sampéyandalem Ingkang Sinuwun Paku Buwana II.
SARIRA inggih sarira-dalem Sampéyandalem Ingkang Minulya Paku Buwana X punika.
Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mengkunagara IV punika ingkang rayi Kangjeng Pangéran Harya Hadiwijaya II.


--o0o--