Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/98

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

PASEMON WONG SUGIH LAN LASARUS

99

uripé tansah nanḍang kamlaratan lan katjingkrangan, disebut: tjilaka. Sing dienggo paṭokan nemtokaké begdja lan tjilaka iku mung prakara kadonjan; nanging prakara kaswargan lan djaman achérat iku ora klebu ing gagasaning wong. Mulané Gusti Jésus kepareng maringi pasemon minangka piwulang, supaja manusa iku adja mung nggagas bab kang kadonjan baé, nanging ija mikira bab kang bakal kelakon ing djaman achérat. Gusti Jésus bandjur nḍawuhaké pasemon bab wong sugih lan Lasarus.

KATJARITA ana wong sugih singgih, ora kurang sawidji apa, malah uripé bisa mubra-mubru. Panganggoné tenunan wungu lan mori alus, ora béda karo pangagemané ratu. Omahé geḍé lan apik, penḍapané kaja bangsal kraton nganggo direngga-rengga rerenggan èdi pèni. Sadina-dina awan lan bengi wong sugih mau karo pawong mitrané paḍa mangun sukan-sukan sarwa mubjar. Suguhan ḍeḍaharan lan undjuk-undjukan mbanju mili wetuné, kaladèkaké abdi lanang lan wadon pirang-pirang. Jèri disawang uripé kaja-kaja mung mudjudaké kasenengan lan kalubèran, tanpa ana blentongé seṭiṭik-ṭiṭika sing bisa gawé sudaning kabungahan. Kaja-kaja sakèhing kanikmataning ngaurip wis ditumplak ana ing kono!

Lan .... ana ing ngarepé regolé wong sugih mau ana kéré, djenengé Lasarus, ngglungsar ana ing lemah, mangka awaké sakodjur korèngen. Saben dina wong mau ora tau mingsern saka ing panggonané, karo ngarep-arep bokmenawa ana wong gelem nguntjali lorodan pangan saka ing médjané wong sugih, supaja adja kebangeten enggoné nanḍang luwé. Nanging sing gelem nekani wong mau mung asu sing paḍa ndilati korèngé. Mengkono uripé Lasarus tansah ngalami sing ora kepénak, jèn awan ngrasakaké panas déning soroting srengéngé, jèn bengi aḍem kasiliran angin, mangka awaké rasané pegel perih kebak korèng. Jèn disawang uripé kaja-kaja mung mudjudaké pananḍang lan kasangsaran, prasasat kungkum ana ing keḍung kamlaratan lan katjingkrangan, dianggep ina-papa déning pepaḍaning tumitah.

KAANANE djagad tansah gilir gumanti, mengkono uga tumrapé wong sugih sing tjetjiblon ana ing kanikmataning ngaurip, ora béda tumrapé Lasarus sing klelep ana ing keḍung kamlaratan lan katjingkrangan. Urip ana ing djagad iku ora tanpa wangenan. Katjarita ing sawidjining dina Lasarus mati .... sanak sedulur utawa waris ora duwé, dadi ora ana sing ngrasa seḍih kélangan Lasarus. Bareng wis dikubur, djenengé wis ora tau kotjap manèh, kaja-kaja katut kapenḍem bareng karo badan waḍagé. Nanging mungguh njawané ora mengkono nasibé. Para malaékat paḍa tumurun saka ing swarga, nambut njawané Lasarus diarak nganti tekan ing pangkoné Abraham, suminggah saka ing djagad lembahing kasangsaran, sumengka ing ngaluhur menjang kamuljaning swarga. Mengkono gilir gumantining kaanan. Lasarus sing mauné nanḍang sangsara diparengaké ngrasakaké kamuljan lan kabungahan .... Iku apa marga saka enggoné nanḍang kamlaratan lan kasangsaran? Ora, ora marga saka iku! Ora angger wong mlarat, lan ora angger wong tjilaka uripé ana ing donja, jèn wis mati, disambut njawané déning para malaékaté Allah. Enggoné Lasarus bisa olèh kanugrahan semono geḍéné iku marga saka pangabektiné Lasarus marang Allah, senadjan uripé digandjar nanḍang ora kepénak.

Lasarus, djeneng sing nélakaké kabatinané wong sing nganggo djeneng mau, tegesé: „Allah iku pitulunganku.”

ING nalika semono wong sing sugih mau ija mati. Wong sing paḍa nglajat tanpa wilangan tjatjahé. Ramé swarané wong sing nganakaké patangisan. Djenengé dadi utjap-utjapané wong sanegara. Saben wong ngrasani kasugihané. Nanging satemené ora saben wong. Para malaékat ing swarga ora ana sing ngutjap ngrasani wong sugih mau.

Nalika lajoné digawa menjang pakuburan, sing paḍa nguntapaké lajon lakuné ndilir ing dalan dadi arak-arakan geḍé, lan panguburé nganggo pakurmatan kaja ratu.

Nanging njawané wong sugih mau dibablasaké menjang ing naraka, menjang ing panggonaning paukuman langgeng. Mengkono gilir gumantining kaanan. Saka ing papaning kanikmatan ngalih ing papaning kasusahan .... Apa iku marga saka kasugihané? Ora, ora marga saka kasugihané! Ora angger wong sing sugih, ora angger wong sing bisa ngrasakaké kabegdjaning ngaurip, bakal katjemplungaké ing naraka. Nanging wong sing sugih mau ing sadjeroné kabungahané ora tau éling lan ngabekti marang Allah.Nalika isih urip, sing dipikir mung radjabrana kadonjan, nanging saiki ora ana bareng darbèké sidji baé sing bisa gawé senenging atiné. Wong sing mauné sugih saiki kudu ngalami dadi mlarat! ......

Kotjapa nalika wong sugih mau ngelèkaké mripaté ana ing teleng palimengan, gumlinting ngrasakaké lara marga kasiksa awaké, ngrasakaké panasé geni murub sing ora bakal kasirep ing salawas-lawasé, ing kono wong bandjur tumenga menḍuwur, lan saka kadohan katon panggonan pinaraké Abraham ana