Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/97

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

98

PASEMON WONG SUGIH LAN LASARUS

***

mblasar bandjur ngadeg njat, awaké sing wis lemes lan lungkrah dikuwat-kuwataké, mlaku mulih marani omahé bapakné. Saiki wis ora bisa muni arep mulih menjang omahé ḍéwé, awit iku wis dudu omahé, lan marga saka pamblasaré, awaké ora pantes kasebut putrané bapakné, djalaran wis kélangan hak lan wewenangé marga saka luputé ḍéwé. Pangarep-arepé mung muga-muga bisaa ketampan dadi batur, senadjana mung batur sing asor ḍéwé, awit sing digajuh ora lija mung bisaa ngajom ana ing pangaubané bapakné.

Lakuné saiki wis tjeḍak. Saka kadohan omahé bapakné wis katon putih keṭap-keṭap kaja-kaja mbagèkaké tekané .... Nanging sapa sing isih kélingan jèn sing saiki katon kaja kéré iku putrané sing kagungan dalem, wong anom tur bagus kesembuh ing busana adi, sing bijèn buḍal saka ing kono arep lelana menjang ing negara mantja? Wong ing saomah kono mesṭiné paḍa pangling kabèh.

Nanging ora kabèh. Mung sidji sing ora pangling! Bapakné ḍéwé! Senadjan bebasan bisa mantjala putra mantjala putri, bapakné mesṭi ora bakal pangling. Djalaran sasuwéné ditinggal lunga anaké, bapak mau saben dina tansah nganti-anti baliné anaké; saben dina ora towong lenggah ana ing penḍapa ngarep terus ngawasaké ing dalan mbokmenawa anaké katon bali .... Kabeneran, nalika wong nonoman mau mulih, bapakné lagi ngawasaké ing dalan kaja adaté, bareng weruh saka kadohan jèn sing teka iku anaké ḍéwé sing wis lawas dianti-anti, bandjur atiné banget trenjuh déning welas. Tumuli diplajoni, karangkul guluné lan diambungi! Anaké bandjur matur: „Ḍuh rama, kula sampun nglampahi dosa ḍateng swarga tuwin wonten ing ngarsa sampéjan, kula sampun boten pantes kawestanana putra sampéjan.” Nanging aturé sing akèh-akèh mau kaja-kaja ora dirungu, tangané dikanṭi diadjak mlebu ing omah. Bapakné bandjur préntah marang batur-baturé: „Dikebat djupukna djubah kang adi ḍéwé, nuli anggokna; nuli ing dridjiné anggonana ali-ali, sarta sikilé anggonana trumpah. Apamanèh peḍèt kang lemon parakna, kasembelèha. Pajo paḍa mangan lan sukan-sukan, awit anakku iki wis mati, urip manèh; wis ilang, ketemu.” Semono geḍéning katresnané bapak marang anaké.

KOTJAPA nalika semono anaké lanang kang tuwa, mulih saka ing pategalan. Bareng tekan ing ngarep omah, bandjur ngrungu swarané gamelan lan sabawané wong sesenḍonan, mangka adaté ing omah kono sepi njenjet kaja omah suwung. Tumuli ngundang batur sidji, ditakoni: „Kaé ana gawé apa?” Aturé batur mau: „Punika raji sampéjan ḍateng; déné rama djengandika sampun ḍawuh mragat peḍètipun ingkang leman, awit kepanggih malih kalijan ingkang putra sami wiludjeng.” Ing kono anak kang tuwa bandjur nepsu, ora gelem mlebu. Atiné ora trima, déné wong paḍa bungah-bungah lan nganakaké karaméan marga saka mulihé aḍiné. Apa wis pantes, jèn botjah sing mblasar, sing ngebrèh-ebrèh barang darbèké, sing mblunṭah uripé, ditampani manèh, malah disuba-suba nganggo unining gamelan lan karaméan? Atiné mangkel banget, mulané ora gelem mlebu, ora gelem mèlu bungah-bungah karo wong lija-lijané ing omah. Atiné ora bisa ngapura aḍiné enggoné mblasar lakuné, awit miturut panganggepé, aḍiné mau pantes jèn nampanana paukuman kang abot murwat karo dosané.

Bapakné bareng ngrungu kang mengkono iku, bandjur metu ngrerepa. Nanging anaké meksa ora gelem mlebu. Mulané kelakon, anak sing mblasar lakuné, bareng ngeduwungi pamblasaré lan njuwun pangapura, bisa mèlu mlebu ing omah lan ngrasakaké kabungahan, lan kosokbaliné anak sing rumangsa mbangunturut lan betjik lakuné, kari ana ing djaba.

GUSTI Jésus nḍawuhaké pasemon iki marang wong akèh, supaja paḍa ngertia jèn ing swarga ana ing ngarsané Allah lan para malaékaté bakal ana kabungahan geḍé tumrap wong dosa sidji kang mratobat. Menawa katresnané bapa kadonjan semono geḍéné, méndahané manèh katresnané Allah Sang Rama kang ana ing swarga! Nanging sapa sing adigang, adigung, adiguna, sing nganggep awaké ḍéwé luwih betjik, luwih mursid katimbang wong lijané, lan atiné sepi ing katresnan, wong mau bakal didjabakaké saka ing swarga adoh saka ing kabungahan lan karaméan. Lan .... wekasané wong sing mengkono iku bakal dadi paḍa kaja anak sing mblasar!

PASEMON WONG SUGIH LAN LASARUS

IBA begdjané wong sing sugih tur ginandjar waras awaké! Nanging iba tjilakané wong sing mlarat, mangka awaké nanḍang lelara!

Kasugihan lan kawarasan iku ora langgeng, mengkono uga kamlaratan lan lelara iku ija ana wusanané.

Djalaran jèn wis tumeka ing adjalé, bandjur?

WIS lumrah wong sing uripé sarwa kepénak, disebut: begdja. Nanging sing