Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

94

PANGON KANG UTAMA

***

mau dilarang mlebu ing padaleman sutji, iku ateges jèn wong mau ija kasébrataké saka ing ngarsané Allah; kaanané ora béda karo wong kapir, wong sing paḍa kena ing laknat.

Wong sing mauné pitjak bandjur lunga metu saka ing kono; atiné sing lagi baé bisa ngrasakaké kabungahan, wiwit ketaman ing seḍih manèh. Nanging wong mau aluwung ngrasakaké seḍih djalaran kasébrataké, katimbang karo ngrudjuki para Farisi ngala-ala marang wong sing wis diseksèni djumeneng nabi temenan ....O, aluwung disébrataké!

Wong sing mauné pitjak saiki dadi wong buwangan, wong tampikan. Sapa sing gelem tjanḍuk lawung karo ḍéwèké? Upama ana sing gelem, mesṭiné rak wedi lan éring karo para imam lan para ulama! Nalika isih pitjak, akèh sing pada welas marang awaké, nanging saiki bareng wis bisa ndeleng, sapa sing welas lan sudi karo wong tampikan?

Gusti Jésus ija mijarsa jèn wong mau wis disébrataké, mulané bandjur dipanggihi. Gusti Jésus iku tansah madosi wong sing kaja mengkono, sing disébrataké sanak seduluré, sing katjingkrangan lan dikaniaja. Bareng wong mau wis kepanggih, bandjur dipangandikani: „Kowé apa pratjaja marang Putrané Allah?” Wong mau bandjur njawang marang Gusti Jésus, awit durung tau weruh wongé, nanging ora pangling swarané. Atiné wong mau bungah banget, déné saiki bisa adu-arep karo wong sing diseksèni djumeneng nabi, sing wis ngelèkaké mripaté. Saiki bisa ngaturaké panuwun sokur déné wis diparingi bisa ndeleng gebjaring pepaḍang.

Sarèhné didangu, wong mau bandjur mangsuli: „Sinten punika, Gusti, ingkang sinebut Putranipun Allah? Menawi Tuwan pirsa, kawula mugi Tuwan paringi sumerep, supados kawula pitadosa ḍumateng Pandjenenganipun. Awit punapa ingkang Tuwan ḍawuhaken, punika mesṭi njata.”

Gusti Jésus ngandika manèh: „Pandjenengané wus kodeleng, ija kang lagi sapotjapan karo kowé, iku Pandjenengané!”

Wong mau bandjur njatitèkaké panjawangé marang Gusti Jésus; dadi sing mitulungi awaké iku Sang Mesih pijambak, ija kang djumeneng Putrané Allah! Enggal-énggal wong mau bandjur sudjud ana ing ngarsané Gusti Jésus sarta mundjuk: „Kawula pitados, Gusti!” Wong mau ora bisa mundjuk manèh-manèh, kedjaba mung sudjud lan ngabekti ing sampéjané Gusti Jésus. Wong mau rumangsa olèh kanugrahan geḍé banget, nalika lair ing ngalam donja ora bisa weruh apa-apa, nanging saiki bareng wis diparingi bisa ndeleng malah bisa njawang Sang Mesih, ija Sang Djuru Slamet!

WIWITANE wong mau diutus menjang ing blumbang padusan Siloam, perluné kanggo ndadar pangandelé — paḍa kaja patrapé nabi Élisak nḍawuhi Naaman wong Aram supaja adus ing kali Jardèn ....

Saiki wis ketitik jèn wong sing pitjak lair mula mau duwé pangandel. Mripaté bandjur bisa ndeleng pepaḍang sing kasat mripat waḍag. Sawisé mengkono, wong mau bandjur dipanggihi Gusti Jêsus manèh, arep diparingi kang luwih adji lan luwih mulja katimbang samubarang kang kena dideleng nganggo mripat. Wong sing disébrataké mau, saiki diparingi bisa ngandel lan pratjaja marang Sang Djuru Panebus, kang kwasa ngluwari saka pamisésaningdosa.Peparing iku ngungkuli adjiné pepaḍang kang tumrap ing mripaté, djalaran kang diparingaké iku pepaḍang tumrap ing djiwané. Nalika iku Gusti Jésus pijambak ngandika: „Aku dadi pepaḍangé djagad!”

SAIKI wong mau wis ora perduli apa para ulama, para imam lan wong Farisi paḍa nesu lan misuh-misuh, lan ija ora dadi baja jèn mung disébrataké saka ing padaleman sutji ....

Djalaran swarga wis binuka kanggo awaké!

PANGON KANG UTAMA

WAJAH ésuk umun-umun ing tengah ara-ara. Ana ing papan sing paḍang ngilak-ilak ing ara-ara djembar ana kanḍang weḍus. Sing diarani kanḍang weḍus ing kéné iku ora paḍa karo prandjên utawa omah-omahan kanggo ngingu kéwan, nanging panggonan djembar sing dipageri mubeng nganggo pager watu, diwènèhi lawang sidji. Kanḍang weḍus mau kanggoné mung ing wajah bengi; ing wajah soré saulihé saka ing pangonan, pepanṭan weḍus digiring mlebu ing kanḍang; lawangé dikantjing rapet. Lan sawengi muput para pangon genti-genti paḍa tugur ing kono.

Ing wajah ésuk lawangé wis dibukak, pangoné ngadeg ing lawang karo ngundangi weḍusé manut arané ḍéwé-ḍéwé, bandjur digiring metu menjang ing ara-ara djembar, ing panggonan sing akèh suketé idjo rijo-rijo. Pangoné lumaku ing ngarep, lan weḍusé paḍa ngetut-buri, marga paḍa wanuh swarané. Pangon kang utama nganṭi lakuné weḍus-weḍusé, weruh ing ngendi dunungé papan kang murah suket; jèn wis wareg enggoné paḍa njenggut, weḍusé bandjur lon-lonan digiring menjang banju ing panggonan kang tentrem, paḍa diplégungaké ing panggonan kang ajom lan éḍum. Pangon kang utama