Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

WONG PITJAK LAIR MULA

93

wong kang kena ing terka ana ing ngarepé pradata sing arep ngadili. Wong mau atiné tatag, ora nganḍut kuwatir apa-apa, djalaran pantjèn ora rumangsa gawé luput, lan polatané katon gambira. Kosokbaliné para wong Farisi katon ndjenggureng, mripaté mantjereng, djalaran paḍa ora rena banget déné ana lelakon mengkono iku .... Sapa ta wong iki? Apa kuwi sing dikanḍakaké wong pitjak lair mula? Ah, mokal jèn wong pitjak lair mula bisa mari pitjaké! Wong mau bandjur diḍeḍes-ḍeḍes keprijé kelakoné.

Wong mau bandjur matur apa anané, kaja sing wis ditjritakaké marang tangga-tanggané lan marang wong kang mauné paḍa weruh enggoné pepriman ing pinggir dalan, marang wong-wong sing setengah ora ngandel, djalaran nalika ésuké wong mau isih katon andon nḍéprok pepriman, mangka saiki wis bisa mlaku menjang ngendi-endi lan awas pandelengé kaja salumrahé wong. Jèn para ulama lan Farisi paḍa kepéngin ngerti keprijé mula-bukané bisa waras pitjaké, wong mau ora rumangsa kabotan njritakaké lelakoné, malah sapa baé sing gelem ngrungu tjritané, kena ngrungokaké.

Nanging para ulama mau paḍa ora ngandel, lan ora lega atiné, malah wekasané bandjur paḍa muring-muring lan paḍa udur-uduran rebut bener. Ana sawenèhé wong Farisi sing ngutjap mengkéné: „Wong iku mesṭiné baé Jésus, Rabbi saka Nasarèt. Wong iku tetep dosané, djalaran nindakaké pagawéan ing dina Sabbat. Jèn mengkono ora saka ing Allah asalé, awit ora netepi Sabbat.” Nanging ana wong lijané sing madoni, tembungé: „Wong kang nanḍang dosa keprijé jèn bisaa gawé pratanḍa kang kaja mengkono iku?” Temahan para ulama paḍa dija-dinija.

Senadjan wong sing mauné pitjak wis bola-bali matur apa sing mentas dialami nganggo diseksèni wong lija-lijané, éwadéné para ulama paḍa ora gelem ngandel, malah ngarani jèn wong mau mung gawé-gawé! Para ulama ḍasar paḍa ora gelem pratjaja marang mahakwasané Gusti Jésus. Bapa lan bijungé wong mau bandjur paḍa diundang menjang ngarepé para ulama sarta ditakoni: „Apa iki anakmu? Apa njata pitjak lair mula? Jèn mengkono keprijé déné saiki bisa ndeleng?” Wong loro mau enggoné paḍa ngadep ana ing ngarepé para ulama klawan wedi lan kuwatir, djalaran wis paḍa krungu gotèké wong akèh, jèn para ulama wis paḍa mupakat, saupama ana wong ngakoni Sang Kristus marang Gusti Jésus, iku bakal kasébrataké saka ing padaleman sutji, tegesé: wong mau dilarang mlebu ing padaleman sutji utawa ing mesdjid, dadi didjabakaké saka ing umaté Allah, dipaḍakaké karo wong kapir, .... Wong loro mau mesṭiné paḍa wedi marang para ulama sing kwasa matrapi paukuman, nanging paḍa ora ngélingi geḍéning katresnané Gusti Jésus sing wis ditandukaké marang anaké. Aturé wong mau: „Kula sami ngakeni bilih punika anak kula lan bilih pitjak wiwit lair mila. Nanging kadospundi déné sapunika saged ningali, kula sami boten sumerep. Utawi sinten ingkang ngelèkaken mripatipun, kula inggih sami boten sumerep. Anak kula sampun diwasa, sampéjan dangu pijambak kadjengipun matur prakawis awakipun pijambak.” Sawisé paḍa matur mengkono mau, wong loro mau énggal-énggal paḍa mundur supaja adja ketjangking-tjangking ing prakarané anaké.

Para ulama paḍa durung marem atiné, isih golèk réka enggoné arep njatakaké sing dianggep kaélokan mau. Nanging sadjatiné enggoné paḍa mempeng pangungsedé mau kagawa saka sengité marang Gusti Jésus, pamurihé bisaa olèh bukti jèn Gusti Jésus iku mung guru tjulika, lan kaélokan sing ditindakaké iku mung apus-apusan utawa gawé-gawéné wong ngemis mau.

Wong sing mauné pitjak bandjur diundang manèh sarta ditakoni kaping pinḍoné lan dipituturi: „Kowé ngurmatana marang Allah. Matura ing sanjatané kowé mung gawé-gawé baé. Mungguh ta aku, wong kaé wus dakweruhi jèn wong dosa.”

Wong mau bandjur mangsuli, lan wangsulané mau nélakaké kamantepaning atiné lan panganggepé marang Gusti Jésus sing ora kena diowahi manèh, mengkéné: „Tijang punika punapa tijang dosa, kula boten sumerep. Namung saprakawis ingkang kula sumerepi, waunipun kula pitjak, samangké saged ningali.

Supaja wong mau dadi bingung lan wedi, temah kliru wangsulané, bandjur diḍeḍes-ḍeḍes manèh, tembungé: „Kowé mau dikapakaké? Enggoné ngelèkaké mripatmu keprijé patrapé?”

Wong sing mauné pitjak mau satemené ora wegah njritakaké lelakoné, nanging saiki bareng weruh polatan lan pratingkahé para ulama sing katon paḍa ora rena atiné malah ija katon jèn paḍa ngenḍem sengit marang nabi sing mbetjiki awaké, wong mau emoh ngandakaké apa-apa manèh. Wangsulané sengol: „Kula sampun matur ḍateng sampéjan, sampéjan teka boten mirengaken. Punapaa sampéjan baḍé mireng malih? Punapa sampéjan inggih baḍé dados muridipun?”

Dadi muridé? Para ulama, para pangarepé wong Jahudi, dadi muridé Jésus, guru nasar? Ora sudi! Wong mau bandjur dipisuhi entèk-entèkan, malah wekasané wong mau nganti disébrataké saka ing padaleman sutji.

Dadi wong mau kapatrapan paukuman sing abot ḍewé tumrapé wong Jahudi. Jèn wong