Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

GUSTI JÉSUS KAMULJAKAKÉ

87

wong sing wis gilang-gilang asawang lajon, wong Lèwi mau liwaté ija bandjur njimpangi. Ing batin wis dirantam-rantam apa pawadané enggoné ora awèh pitulungan, senadjan wis ana osiking atiné jèn duwé kuwadjiban tetulung; djalaran saupama gelem nulungi wong sing kasangsaran, ora wurung mung arep ngunḍakaké karépotané awaké ḍéwé. Mulané luwih betjik jèn awad-awad ora weruh lan ora ngerti apa-apa! Wong Lèwi mau ija bandjur énggal-énggal bablas!

Wong sing gumléṭak ing pinggir dalan isih adjeg gumléṭak, tanpa olèh pitulungan babar pisan. Mangka sing kepener liwat ing dalan kono wong-wong sing pantjèné kena didjagakaké pitulungané, jaiku imam lan wong Lèwi, karoné paḍa ngabdi ana ing ngarsané Allah ing padaleman sutji. Lha jèn imam lan wong Lèwi ora gelem nulungi, sapa baja sing sudi tetulung? .... Apa kira-kira mung tekan semono pepesṭèning uripé?

NANGING tudjokna isih ana wong liwat ing kono; saiki wongé nunggang kuldi. Émané sing teka saiki dudu imam, dudu wong Lèwi, malah dudu wong Jahudi, nanging wong Samaria, dadi kalebu satru bebujutan. Wis mesṭi baé wong mau ora sudi tetulung; adja sing tetulung, ngingetaké baé suṭik, malah mung ketjah-ketjuh idu nélakaké giguné!

Kotjapa, bareng wong Samaria mau wis tjeḍak, lan weruh ana wong gumléṭak ing dalan, wong sing dinjana ala mau, banget trenjuh atiné; ora dipikir babar pisan jèn sing ngaṭang-aṭang ing dalan iku wong Jahudi, satruné bebujutan. Wong sing kelaran mau énggal diparani, tatuné diblebedi klawan dikopoh lenga lan anggur, kaja-kaja awaké ḍéwé mèlu ngrasakaké larané. Wong Samaria mau temen-temen ora duwé pikiran jèn wong mau sadjatiné wong Jahudi, lan ija ora klebu ing nalaré jèn bégalé bisa bali manèh, apadéné ora sing ngétung rekasa lan kangèlan, djalaran sing dadi antjasing atiné mung arep mitulungi wong sing lagi kasangsaran lan sing tumuli kudu olèh pitulungan sadurungé kasep.

Bareng wis rampung enggoné mblebedi tatuné, wong mau mau bandjur didjundjung alon-alon, katunggangaké ing kuldiné, tumuli diaterakè menjang ing désa satjeḍaké panggonan kono. Wong Samaria mau karo mlaku ora lérén-lérén enggoné ndjagani supaja sing lara adja nganti tiba. Satekané ing omah panginepan, wong sing lara bandjur dipulasara lan diwènèhi kabutuhané ing satjukupé. Ésuké bareng wong Samaria mau arep mangkat mbatjutaké lakuné, ora lali ninggali ḍuwit rong dinar diwènèhake marang kang duwé omah panginepan, wekasé: „Tijang punika sampéjan pulasara ingkang saé, sampéjan sukani sakabetahanipun supados énggal mantun sakitipun. Menggah wragadipun, inḍakipun saking semanten, punika kula ingkang baḍé nglintoni ḍateng sampéjan, béndjing sawangsul kula mriki malih.” Bareng wis pamitan, wong Samaria mau mangkat.

Tjrita pasemon wong Samaria ditjupet tekan semono. Gusti Jésus kèndel seḍéla. Ing ngarep mau ana pitakoné wong ahli Torèt mengkéné: „Ingkang dados sesami kula sinten?” Saiki Gusti Jésus ndangu wong mau: „Saka pandugamu, wong telu mau endi kang dadi pepaḍané wong kang katempuh ing bégal mau?” Wong ahli Torèt bangsa Jahudi mau kepeksa ngaturi wangsulan, senadjana atiné geṭing banget marang wong Samaria, mengkéné: „Inggih ingkang nandukaken kawelasan ḍateng pijambakipun wau.” Ing kono ḍawuhé Gusti Jésus: „Lungaa, kowé ija nglakonana kang kaja mengkono uga.”

Kaja mengkono uga ....! Apa kersané Gusti Jésus supaja wong ahli Torèt mau saben dina mlaku liwat ing dalan saka ing Jerusalèm menjang ing Jericho, nggolèki wong sing katempuh déning bégal? Ora, pangandikané Gusti Jésus mau ora kudu ditampa lugu kajadéné unining tembung, nanging sing luwih perlu iku sariné!

Mungguh kersané iku mengkéné: wong ahli Torèt mau kudu nandukaké katresnan kaja patrapé wong Samaria, ora ngemungaké marang sanak seduluré, lan marang bangsané ḍéwé, nanging ija marang wong lija, bangsa lija, dalasan marang mungsuhé, jaiku samangsa lagi nanḍang kasangsaran. Wong iku kudu bisa ngoṭongaké atiné, adja nganti kalebon ing watak murka, tjulika, djubrija, nanging atiné iku kebaka nganti mbludag katresnan lan kawelasan; jèn mengkono, wong lagi bisa weruh sapa sing dadi pepaḍané. Wong sing paḍa nanḍang papa lan sangsara, kesrakat lan sinangsaja, sumebar ing endi-endi, lan kabèh paḍa mbutuhaké pitulungan lan kawelasan. Mengkono kersané Gusti Jésus sarana ḍawuh: Nglakonana kang kaja mengkono uga!

Wong ahli Torèt mau meneng, awit wis krasa ketapuk rainé .... Tekané nglangak ngungasaké kapinterané, nanging mundure nḍingkluk kewirangan.

RIJAJANING KABUNGAHAN DIPUNGKASI NGANGGO KASUSAHAN

KATJARITA kuṭa Jerusalèm katon asri kaja petamanan, rinengga-rengga lan pinadjang-padjang nganggo gegoḍongan lan kem-