Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

80

„MUNGGUH KOWÉ, AKU KOARANI SAPA?”

***

Wong akèh mau paḍa dipatjuhi adja nganti kanḍa-kanḍa marang wong bab lelakon iku mau, nanging sepiraa enggoné dipatjuhi, malah munḍak nemen enggoné martak-martakaké marang angger wong kang gelem ngrungu, djalaran wong mau paḍa kaéraman ndeleng mahakwasané Gusti Jésus.

Ing panggonan lija, isih nunggal wilajah karo telatahé tanah kono, tau ana babi sapanṭa geḍé paḍa ambjur ing segara nganti mati kabèh. Wong-wong ing kono paḍa njuwun marang Gusti Jésus klawan adreng supaja kersaa tindak saka ing telatahé ....

Nanging lelakon saiki kosokbali bledjed.

„MUNGGUH KOWÉ, AKU KOARANI SAPA?”

KATJARITA ing sawidjining dina Gusti Jésus kaḍèrèkaké para sekabat rawuh ing laladané negara Késaréa Filippi, ora adoh saka pagunungan Libanon.

Nalika semono ana pandanguné Gusti Jésus marang para sekabat mengkéné: „Mungguh rasanané wong golongan, Aki ini diarani sapa?”

Kang kadangu paḍa mangsuli, undjuké: „Jochanan Pambaptis,sawenèh: Élijah sawenèh malih: Jirmijah utawi salah satunggaling para nabi.”

Para sekabat wis kerep paḍa ngrungu udjaré wong golongan sing paḍa duwé pangira jèn Pandjenengané iku mesṭi sawidjining nabi geḍé, ora béda karo nabi-nabi ing djaman kuna. Nanging saiki Gusti Jésus mirsani para sekabaté, sing ora kenḍat nḍèrèkaké tindaké. Gusti Jésus ija kepéngin miḍanget keprijé panganggepé wong-wong mau marang Pandjenengané. Pandanguné mengkéné: „Nanging mungguh kowé, Aku koarani sapa?” Ing kono Simon Pétrus bandjur madju, prasasat makili kantja-kantjané, sarta mundjuk: „Tuwan punika Sang Kristus, Putranipun Allah ingkang asipat gesang.” Undjuk wangsulane mengkono iku ora digawé-gawé, nanging pantjén metu saka ing ḍasaraning atiné sing wis mantep enggoné pratjaja lan tresna, apadéné éring marang Gusti lan Guruné.

Gusti Jésus bandjur paring wangsulan, pangandikané: „Rahaju kowé, Simon!” Gusti banget rena ing galih, déné mirsa kamantepaning atiné Pétrus lan déné para sekabat ora paḍa duwé pangira kajadéné wong golongan, malah wis paḍa kukuh pangandelé jèn Pandjenengané iku kang djumeneng Sang Kristus. Satemené para sekabat mau enggoné paḍa duwé panganggep mengkono iku mung marga saka panuntuné Allah kang maha mirah.

NANGING nalika iku uga ana prakara kang gawé kagèt lan seḍihé para sekabat, djalaran wiwit nalika iku Gusti Jésus paring pitedah marang para sekabat jèn Pandjenengané perlu tindak menjang ing Jerusalèm, lan nanḍang sangsara akèh déning para pinituwa lan para pangarepé imam tuwin para ulama, lan wekasané disédani, nanging ing telung dinané kawungokaké.

Para sekabat paḍa diblakani prakara iku mau kabèh ing sadurungé kelakon, nanging ing atasé para sekabat pangandika iku mau dianggep nglengkara bisané kaleksanan. Djalaran para sekabat wis paḍa mantep pangandelé jèn Guruné iku kang djumeneng Kristus, lan isih paḍa duwé pangira, jèn samangsa Sang Mesih rawuh, Pandjenengané bakal jasa kraton kang pinundjul kamuljan lan pangwasané. Déné para sekabat sing paḍa tansah nḍèrèkaké tindaké, bakal kinulawisuḍa kaparingan pangkat luruh lan pangwasa ....

Djebul saiki .... Gusti paring pirsa jèn Pandjenengané kudu nanḍang sangsara akèh, malah kudu ngalami séda. Wis ora klebu ing nalar, jèn Pandjenengané kang linuwih kasektèn lan kwasané, kang tau-taté marasaké wong lara lan nguripaké wong mati, kang njirep prahara lan ngenḍakaké alun segara, Pandjenengané kang djumeneng Putrané Allah, ngantia nanḍang sangsara utawa ngalami séda! Iku kena diarani prakara sing nglengkara lan mokal!

Enggoné Gusti ngandikakaké jèn ing telung dinané arep wungu manèh saka ing padunungané wong mati, iku malah ora kepikir babar pisan déning para sekabat.

Sing banget karasa-rasa ing atiné para sekabat jaiku enggoné Gusti Jésus kudu ngalami séda. Apa kelakon jèn Gusti lan Guruné nganti ngalami séda? Para sekabat ija wis paḍa ngerti jèn para pinituwa, para pangarepé imam, para ulama lan wong Farisi paḍa geṭing marang Pandjenengané, apadéné akèh wong bangsané ḍéwé sing paḍa ora ngandel jèn Pandjenengané iku kang djumeneng Sang Mesih. Nanging senadjan mengkonoa, Gusti Jésus rak kagungan pangwasa nindakaké ing sakeparenging kersané pijambak!. Keprijé déné Pandjenengané isih ngandikakaké bab papa lan sangsara, bab lara lan pati? Ana ing endi kasektèn lan kwasané?

Kaja mengkono pangudarasané para sekabat. Pétrus babar pisan ora bisa njanḍak apa gunané ndadak ana prakara sing aèng lan njeḍihaké iku. Gusti Jésus bandjur diaturi sumingkir seḍéla bandjur dibisiki, undjuké: „Ḍuh Gusti, punika mugi kasandèkna, sampun pisan-pisan Tuwan keḍatengan ingkang mekaten! Pandjenengan saèstu sampun ginaḍang-gaḍang djumeneng ratu. Mila sam-