Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

WONG WADON KANG DUWÉ KAANTEPAN

77

tumeḍak saka ing gunung, bandjur ndjudjul para sekabat ing segara perlu paring pitulungan. Gusti Jésus ngagem pangwasané tindak napak ing banju segara kajadéné tindak ana ing ḍaratan.

Bareng Pétrus ngerti jèn sing ngandika iku Gustiné, bandjur ènggal mundjuk: „Ḍuh Gusti, menawi èstu Tuwan, kawula mugi Tuwan ḍawuhi murugi napak ing toja.” Ḍawuhé Gusti Jésus tjekak aos: „Maraa!”

Pétrus, sing tjukat tandang-grajangé lan ora tau duwé wedi, bareng ngrungu ḍawuh mengkono mau, énggal bandjur andjlog saka ing prau tumapak ana ing banju lumaku marani Gusti Jésus. Gusti Jésus sing ḍawuh, Pétrus mung saderma nglakoni, mulané atiné tatag, wani napak ing banju kajadéné ana ing ḍaratan. Klawan bungah mripaté njawang marang Gustiné. Senadjan awaké kombak-kombul katut ing obahing banju, senadjan sikilé kasempjok ing ombak, éwadéné Pétrus terus mlaku marani Gustiné. Nanging bareng méngo seḍéla, ngingetaké ngiwa nengen, weruh angin geḍé lan alun gegulungan, bandjur maras atiné. Kakendelané lan kapratjajané marang maha-kwasané Guruné sirna sanalika pinḍa merkètèké geni klaras kobong, murub seḍéla bandjur sirep. Bareng Pétrus léna ora ngawasaké Gustiné, djalaran méngo ngiwa nengen sumurup kaantjam ing bebaja geḍé, ing sanalika iku uga Pétrus bandjur maras atiné, lali marang maha-kwasané Gusti Jésus. Bareng karo sirnaning pangandelé Pétrus krasa sikilé ambles ing banju, tumuli sambat: „Duh Gusti njuwun tulung!” Pétrus énggal ditjepeng déning Gusti sarta dipangandikani: „Èh wong tjupet ing pangandel, jagéné teka uwas?”

Jagéné? .... Pétrus ora ngaturi wangsulan, djalaran rumangsa isin. Satemené Pétrus ora perlu maras lan wedi, djalaran wis ngerti, jèn Gustiné iku kang murba-misésa ombak lan prahara. Saiki Pétrus rada kisinan, djalaran pangirané duwé kakendelan lan kapratjajan ngungkuli para sekabat lija-lijané, nganti wani tumapak ing segara, djebul saiki dipangandikani: „Èh wong tjupet ing pangandel!” Pétrus rumangsa isin!

Bareng wis paḍa minggah ing prau, angin tumuli menḍa. Para sekabat lija-lijané ija paḍa rumangsa kawirangan ana ing ngarsané Guruné awit paḍa kapirsan enggoné paḍa maras atiné lan tjupet pangandelé bareng katempuh ing ombak lan prahara; Gusti Jésus ija pirsa enggoné paḍa nanḍang was lan sumelang ana ing satengahing bebaja. Jagéné paḍa ora duwé pangandel marang Guru lan Gustiné? Senadjana adoh, Pandjenengané rak kwasa maringi pangajoman! Apa kaélokan bab roti lan iwak durung njukupi kanggo nuwuhaké pangandel marang maha-kwasané Gusti Jésus?

Ing kono para sekabat kabèh bandjur paḍa marek sudjud marang Gusti Jésus, undjuké: „Saèstu Tuwan Putranipun Allah!”

Wajahé wis bjar-ésuk; ing sisih wétan katon trontong-trontong pleṭèking srengéngé.

WONG WADON KANG DUWÉ KAANTEPAN

UH Gusti, teḍakipun Dawud, kawula mugi Tuwan welasi. Anak kawula èstri memelas anggènipun kerandjingan.” Mengkono panguwuh-uwuhé wong wadon bangsa kapir, kang ngetut-buri tindaké Gusti Jésus lan para sekabaté. Wis sawetara suwé enggoné tut-buri karo nguwuh-uwuh njuwun tulung, nanging semuné sing disuwuni tulung mau ora ngrèwès babar pisan. Senadjana mengkono, wong wadon mau ora kanḍeg pangundiné. Panguwuhé diambali manèh: „Anak kawula èstri mugi Tuwan welasi, ḍuh Gusti, .... Mugi Tuwan tulungi!” Menjanga endi baé tindaké Gusti Jésus, wong wadon mau tansah kekinṭil ana ing sawingkingé.

KELAKONÉ iku mau ora ana ing tanahé bangsa Jahudi, nanging kepara adoh ing sadjabaning wilajah, jaiku ing tanah Feniké, tanahé bangsa kapir. Wong wadon mau wis ngerti, sapa sing rawuh ana ing désané, awit wis kerep ngrungu pawarta bab sih kawelasan lan pangwasané Gusti Jésus. Pantjèn wis suwé enggoné kepéngin sowan ana ing ngarsané, nanging marga sebab warna-warna pangarep-arepé mau durung bisa kaleksanan. Saiki tanpa kanjana-njana Pandjenengané wis rawuh ing désané, mulané wong wadon mau ora ketlompèn ngetut-buri tindaké Gusti Jésus. Mumpung Pandjenengané kena ditjelaki!

Ambal-ambalan panguwuhé: „Ḍuh Gusti, Putranipun Dawud, kawula mugi Tuwan welasi!” Nanging Gusti Jésus maringi wangsulan saketjap baé ora! Éwadéné wong wadon mau ora kemba atiné. Wis mantep panemuné, jèn Gusti Jésus mesṭi ora mentala nilar awake ing sadjeroning karépotan lan kasusahané.

Mungguh Gusti Jésus pijambak keprijé? Apa nganti kelakon Pandjenengané ora mijarsakaké pasambat lan panguwuhé wong wadon kawelas-asih? Para sekabat sing ana ing sawingkingé Gusti Jésus wis ora betah ngrungokaké panguwuh-uwuhé wong mau, mulané bandjur paḍa marek sarta mundjuk marang Gusti: „Gusti, tijang èstri punika mugi Tuwan lilani, supados boten keladjeng-ladjeng anggènipun nututi kalijan nguwuh-uwuh mekaten.