Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

ING LALADANÉ TANAH GADARA

67

mutawatiri, mulané ora nggumunaké jèn panggonan kono sepi, djalaran ora ana wong sing wani liwat ing dalan mau. Kabéh wis paḍa ngerti, jèn ing kono dadi pasabanè wong kesurupan ḍemit sing mbebajani; gawéné nglambrang ana ing pakuburan utawa ing punṭuk-punṭuk lan munasika wong liwat. Uripé wis ora béda karo kéwan, bligang-bligung tanpa nganggo apa-apa, awaké sakodjur reged djalaran wis ora tau kambon banju. Wudjudé pantjèn nggegirisi, ngaglah ana ing dalan kambi bengak-bengok ngumbar swara karo nḍoḍogi awaké ḍéwé nganggo watu. Sadurungé kesurupan ḍemit wong mau ija manggon ana ing kuṭa, nanging bareng malih dadi kaja wong édan marga disurupi ḍemit, wong mau dadi mbebajani. Wis asring kelakon dibanda lan ditlikung nganggo ranté lan blenggu, nanging ranténé dipeḍot lan blengguné dibeḍat, apadéné babar pisan ora kena diarah tututé. Tudjokna wong mau metu saka ing kuṭa, bandjur nglambrang ana ing gunung-gunung lan manggon ana ing pakuburan. Katoné wong mau merdika, wong lija-lijané wis ora ana sing wani ngalang-alangi kekarepané, nanging kamerdikan sing kaja mengkono iku malah njilakani. Udjaré wong akèh: „Wong iku dadi buḍaking Iblis!” Pantjèn wong mau wis ora bisa ngerèh awaké ḍéwé, apa sing dilakoni iku mung manut saka karepé Iblis, kajata: awaké ḍéwé dipilara lan diḍoḍogi nganggo watu ... Dadi katoné wong mau merdika, nanging satemené dadi bebandané Iblis! Mangka ora ana wong sing bisa ngrebut wong mau saka ing pangwasané Iblis!

Pantjèn dalan sing sepi mau katoné singer banget ....

Gusti Jésus tindak liwat ing kono kaḍèrèkaké para sekabat. Durung nganti adoh tindaké, dumadakan kepranggul wong kang kesurupan ḍemit mau. Wong mau kaja-kaja djumeḍulé saka ing pakuburan; saka kadohan wis bengak-bengok kambi mlajoni Gusti Jésus, kaja arep nempuh-nempuha wong sing wani-wani ngambah ing wewengkoné. Nanging bareng wis tjeḍak, wong mau bandjur sudjud klawan wedi banget, djalaran kena ing sambang pangaribawané Gusti Jésus, patrapé kaja kéwan galak sing nḍepèpès ana ing ngarepé sing nututaké. Ing kono ḍawuhé Gusti Jésus marang wong mau: „Èh ḍemit, metua saka wong iku!” Wong mau bandjur mbengok sakajangé karo ngolang-aling kaja wong kelaran, undjuké: „Tuwan tumut-tumut punapa ḍateng kawula, ḍuh Jésus, Putranipun Allah ingkang Mahaluhur! Tuwan kawula supaosi demi Allah, sampun misakit ḍateng kawula.”

Sing paḍa ngrungu undjuké wong kaja mengkono mau, mesṭi wis paḍa ngerti jèn sing mundjuk mau dudu wongè ḍèwè, nanging Iblis sing manggon ana ing wong mau.

Wong mau bandjur didangu: „Sapa djeneng-mu?” Atur wangsulanè: „Westa kawula pun Legijun, awit tjatjah kawula punika kaṭah.” Legijun iku saka tembung Legio, tegesè: pirang-pirang èwu, djalaran sing paḍa manggon ana ing wong mau tjatjahè pirang-pirang èwu, lan wong mau mung dadi ḍemit Legijun.

Saiki laladané tanah kono ditekani saka sabrangé segara manusa sing luwih déning kuwasa, jaiku Gusti Jésus .... Para ḍemit mau wis paḍa ngerti marang Pandjenengané, lan wis paḍa ngerti jèn ora ketjonggah nanggulangi pangwasané, mulané ora kira-kira geṭingé marang Gusti Jésus. Klawan ngasih-asih enggoné paḍa njenjuwun, supaja adja nganti diulihaké menjang ḍangkané, jaiku ing naraka, nanging paḍa diparengna ngalih menjang ing babi sapanṭa geḍé kang pinudju diengon ana ing pèrèngané gunung kono, ing pinggiré segara .... Para ḍemit mau wis paḍa ngerti jèn kudu ninggal wong sing diandjingi, djalaran mengkono ḍawuhé Gusti Jésus, mangka ḍawuhé ora kena dibaèkaké.

Gusti Jésus tumuli nglilani panjuwun mau. Para ḍemit bandjur paḍa metu sarta mandjing ing babi mau. Kelakoné mau ora katon ing mripat, weruh-weruh babi sapanṭa geḍé mau paḍa gumrudug bebarengan mlaju marang ing djulegan bandjur ambjur ing segara, swarané gumuruh nggegirisi. Babi wetara rong èwu tjatjahé pada mati klelep ana ing segara, ndadèkaké kapitunan geḍé tumrapé sing duwé. Pangoné babi mau ora bisa apa-apa kedjaba mung mlaju mulih menjang ing kuṭa, awèh weruh marang wong-wong ing kono apa sing mentas kelakon. Wong sakuṭa kabèh bandjur paḍa metu arep njumurupi ananing lelakon. Miturut udjaré pangon, sing teka ing laladan tanah kono iku wong Galiléa, sing asma Jésus dalah para sekabaté. Enggoné wong-wong mau metu saka ing kuṭa ora sedya meṭukaké rawuhé Gusti Jésus klawan kabungahan, déné wis kepareng rawuh ana ing wilajahé, lan kepareng mitulungi wong-wong ing tanah kono sing paḍa nanḍang ketjingkrangan, apadéné maringi pitedah bab dalaning karahajon kang andjog menjang ing swarga. Ora, tekané wong-wong mau ora karana betjik; senadjan atiné paḍa nganḍut wedi, éwadéné wong-wong mau kelair panjuwuné marang Gusti Jésus supaja kersaa tindak saka ing tanah kono. Wong-wong mau ija paḍa weruh wong sing tilas kerandjingan ḍemit lungguh lan wis manganggo tur wis pulih waras manèh budiné, wis ora dadi bebandané Iblis, nanging merdika nglakoni karepé ḍéwé. Lelakon mau