Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

ANA DJURU NJEBAR METU NJEBAR WIDJI

69

Allah; — nanging luwih akèh manèh wong-wong sing ora tresna marang Pandjenengané, malah lumuh srawung karo Pandjenengan sarta éwa marang sakèhing piwulangé.

Ing kono Gusti Jésus bandjur mangandikani wong golongan mungguh prakara pirang-pirang klawan pasemon. Pasemon sing diḍawuhaké iku njritakaké lelakon sing pasadja lan gampang dingertèni wong akèh.

AWUHÉ: „Lah, ana djuru njebar metu njebar widji ....” Gusti Jésus bandjur njrijosaké keprijé kadadéjané widji kang kasebar. Ana kang tiba ing dalan, durung nganti ṭukul, wis entèk ditjutjuki manuk.

Ana manèh kang tiba ing paḍasan, ing kono ana lemahé, nanging mung saṭiṭik; widjiné énggal ṭukul, nanging ojodé ngambang, ora bisa nundjem ing paḍasan sing atos. Bareng srengéngé saja ḍuwur, ṭukulan anjar mau kebrangas, bandjur mati garing.

Salong ana kang tiba ing erèn. Senadjan widjiné bisa ṭukul lan metu ojodé, nanging bareng eriné saja ḍuwur, ṭukulan anjar ing kono bandjur kelinḍih nganti mati.

Salong ana kang tiba ing lemah betjik; widjiné ing kono bisa ṭukul klawan subur, ojodé bisa olèh pangan ing satjukupé, bisa nundjem nganti djero, djalaran ora ketanggor ing paḍasan; ṭukulan anjar ing kono bisa énggal geḍé lan ḍuwur, ora ana erèn sing ngalang-alangi, temah wekasané metu wohé, ana kang tikel satus, ana kang tikel sewidak, lan ana kang tikel telung puluh. Bareng tekan mangsa panèn, djuru njebar mau bisa ngunḍuh olèh-olèhaning kangèlané klawan bungah.

Mengkono tjaritané djuru njebar sing metu njebar widji.

WONG golongan paḍa klawan tumemen enggoné ngrungokaké pangandikane Gusti Jésus, nanging paḍa durung bisa njanḍak eliding tjarita. Dudu prakara anjar utawa ruwet sing dipangandikakaké, mèh saben dina ana wong lunga menjang ing pategalan utawa sawahé arep njebar widji. Nanging wong-wong mau wis ngerti, jèn tjaritané wong njebar widji mung digawé pasemon baé, maksudé isih kineker ana ing djeroné; wong sing ngrungokaké kudu paḍa pinter nguḍari kekeraning pasemon.

Wong-wong sing pantjèn ndableg wataké lan éwa atiné marang Gusti Jésus, paḍa wegah njuwun priksa apa maksudé pasemon mau. Saja suwé wong-wong mau saja rekasa panampané marang pangandikané Gusti Jésus, lan saja suwé ija saja ngadoh lan renggang srawungané karo Gusti kang satemené keduga lan ḍangan ing galih paring pitulungan.

Déné para sekabat lan murid lija-lijané sing pantjén maḍep atiné marang piwulangé Gusti njuwun supaja didjarwanana apa maksudé pasemon mau. Wong-wong mau saja suwé saja munḍak pangertiné mungguhing kaadilan lan kadarmané Allah, saja suwé ija bakal saja tjelak enggoné ngaḍep ana ing ngarsané Allah, lan saja raket srawungané karo Gusti Jésus kang wis sumaḍija mitulungi lan njlametaké uripé saka ing pamisésané dosa.

ING kono Gusti Jésus bandjur paring wangsulan, nguḍari kekeraning pasemoné wong njebar widji.

Saḍéngah wong sing ngunḍangaké pawarta bab Kratoné Allah, iku kena kaupamakaké kajadéné wong sing njebar widji. Widji sing disebar iku betjik, ora ana sing gabug, nanging papan sing ditibani widji mau sing akèh-akèh ora betjik. Akèh wong sing paḍa seneng ngrungokaké pawarta bab kadarman lan panguwasané Allah, nanging paḍa ora ngerti maknané; wong-wong mau paḍa ora kapilih dadi para putrané Allah; paḍa baé karo upamané widji kang tumiba ana ing papaning atiné, bandjur sirna ilang karebut déning Iblis.

Ana manèh wong lijané sing paḍa seneng nampani pangandika, bandjur paḍa marek ing ngarsané Allah, — nanging paḍa ora antepan. Bareng ketaman ing karubedaning ngaurip, sirna pangandelé marang sih kadarmané Allah; pangandika sing mentas ditampani klawan bungah, iku prasasat widji kang bisa tumuwuh seḍéla, nanging ora bisa ngojod ana ing batiné; paḍa alum kena ing sumuking hawa, kajadéné widji kang tumiba ing paḍasan. Wong-wong kang kaja mengkono iku énggal paḍa murtad.

Ana manèh wong-wong sing paḍa temen-temen nggatèkaké pangandika, nganti kelair kasaguhané arep nḍèrèk marang Allah lan ngéstokaké ḍawuhé ing salawas-lawasé. Nanging wong-wong mau bandjur katempuh ing panggoḍa warna-warna, ana sing kepéngin dadi sugih, ana sing ngojak pangkat lan ana sing kaebjukan ing pakéwuhing donja, temah paḍa lali marang pangandika. Wong-wong mau paḍa ora sembada dadi putra pilihané Allah; ora béda karo widji sing tumiba ing erèn, bareng wis ṭukul, bandjur mati kalinḍih déning eri sing ṭukulé luwih rosa lan rikat katimbang karo widji sing betjik.

Nanging ana uga wong-wong kang paḍa ngrungu lan nampani pangandika, paḍa sumujud marang Allah klawan bungah, apadéné paḍa njaosaké pangabekti klawan sih-katresnan marang Pandjenengané lan ora ana manèh-manèh sing dirungkebi klawan gumolonging ati kedjaba mung enggoné ngéstokaké