Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

68

ANA DJURU NJEBAR METU NJEBAR WIDJI

***

ana sing kelingan marang sing lagi dikurung ana ing pakundjaran.

Katoné pantjèn kaja wis paḍa lali kabèh marang Jochanan, nanging sadjatiné ana sidji sing ora bisa nglalèkaké, djalaran atiné kebak pangigit-igit marang kang dianggep dadi klilipé. Wong mau jaiku Héroḍias!

Bodjana andrawina mau disemuwakaké déning unining tetabuhan lan beksané putrané èstri Héroḍias, dipitongtonaké ana ing tengahé pasamuwan, temah banget nengsemaké galihé Héroḍès lan para tamu kabèh. Gumuruh swaraning surak lan keploké wong sapa-samuwan bareng Salomé, jaiku putrané Héroḍias, marek ing ngarsané Sang Prabu ngundjukaké sembah mungkasi beksané. Ḍasar putri sulistya ing warni, mrak-ati sasolah-bawané, baud nenangi wiragé, luwih-luwih tumrap Sang Prabu lan para tamu sing keladuk enggoné suka ing galih déning sumuking anggur. Mulané tanpa taha-taha kelair pangandikané Sang Prabu marang Salomé mengkéné: „Njuwuna, mesṭi bakal kaparingan apa sapanjuwunmu, .... senadjan ngantia sepasenadjan ngantia separoning kraton!” Pangandikané Sang Prabu kang mengku prasetya lan supaos mau kaseksèn lan karudjukan déning para luhur kabèh kang paḍa ana ing pasamuwan kono.

Sarèhné Salomé wis diadjani déning kang ibu, énggal bandjur mundjuk marang Sang Prabu mengkéné: „Kawula mugi kaparingana sirahipun Jochanan Pambaptis wonten ing ngriki kawaḍahana ing ḍulang.”

Sang Prabu kedjot ing galih, ora njana babar pisan jèn rupa sing mrak-ati mau bisa nglairaké witjara sing nggegirisi. Sang Prabu ora bisa marengaké panjuwunan sing mengkono iku, nanging keprijé manèh, pangandikané wis kelair klawan supaos nganggo kaseksèn déning para tamu semono kèhé, senadjan Sang Prabu sungkawa ing galih, kepeksa ḍawuh maringaké apa kang dadi panjuwuné Salomé, sarta utusan nigas Jochanan ana ing pakundjaran. Mengkono wekasané uripé Jochanan. Sirahé kawaḍahan ana ing ḍulang, bandjur katampakaké marang Salomé, kang bandjur nggawa marang ngarsané kang ibu. Héroḍias lan Salomé mau bandjur paḍa girang-girang gumuju, pangunandikané mesṭiné mengkéné: „Rasakna saiki opahané wong dahwèn pati opèn! Mara muni-munia manèh jèn wani! Ora wurung aku sing menang! Sapa saiki sing wani ngalang-alangi karepku? Nabi sing ora duwé duga-prajoga wis sirna!” ....

Nalika iku para sekabaté nabi Jochanan bandjur paḍa teka ngukup lajoné guruné, bandjur disarèkaké.

ING semu lelakon ing ḍuwur mau pantjèn njeḍihaké wekasané .... Sing djudjur kodjur, nanging sing salah malah mbruwah. Nanging iku mung katoné ing lair!

Awit satemené Jochanan iku ninggal djagad kang kebak dosa lan piala, pinḍah menjang ing papan kang sarwa éndah lan mulja, ing kono wis ora ana para tjidra lan rasa sengit apadéné pananḍang. Jochanan abdiné Allah, sarampungé enggoné nglakoni ajahan klawan setya tuhu, bandjur katimbalan marek ing dalemé Ratu Gustiné, diparengaké ngrasakaké karahajon langgeng ing salawas-lawasé.

Kosokbaliné keprijé mungguh wekasané Héroḍès, Héroḍias utawa Salomé? Miturut lairé wong-wong mau bisa mukti wibawa, ketutugan ing sakakarepané .... Nanging ing ḍasaring atiné tansah ana rasa sumelang, marga ngélingi paukuman sing bakal tumama ing awaké sumurup opahaning panggawéné kang ala. Malah wis tau kelakon, nalika Héroḍès mireng warta bab Gusti Jésus enggoné memulang lan nindakaké kaélokan, Sang Prabu bandjur kataman ing adjrih, disengguh jèn Jochanan urip manèh .... Dadi Héroḍès sadjatiné isih nganḍut adjrih marang Jochanan, senadjana wis tilar.

Pantjèn njata, wong-wong mau paḍa bisa ngumbar ardaning atiné .... nanging mung kanggo sawetara mangsa. Ing wekasané mesṭi bakal paḍa tumeka ing adjalé. Lan jèn tekan semono, bandjur? ....

LELAKON kang wekasané njeḍihaké ...., nanging ora tumrapé Jochanan, djalaran Jochanan bisa olèh ajem lan tentrem ana ing ngarsané Allah. Kosokbaliné tumrap wong-wong lijané sing tumindak sawenang-wenang, sing ngegungaké watak angkara-murka, tumrap wong-wong mau wekasaning lelakoné pantjèn njeḍihaké temenan ....

ANA DJURU NJEBAR METU NJEBAR WIDJI

ING sawidjining dina ana wong golongan paḍa nglumpuk marang ngarsané Gusti Jésus ana ing pinggiring segara. Mulané Gusti Jésus bandjur minggah ing prau sarta pinarak, déné wong golongan paḍa mapan ana ing gegisik.

Gusti Jésus mirsani wong golongan mau, tuwa anom, lanang wadon lan geḍé tjilik, katoné kabèh paḍa sumaḍija nampani wedjangan warna-warna. Gusti Jésus pirsa keprijé kaanané wong-wong mau, lan apa sing dadi gagasané, malah ija pirsa apa sing mobah mosik ana ing telenging atiné. Ing antarané wong mau akèh uga sing paḍa asih lan tresna marang Pandjenengané lan ora bosen-bosen ngrungokaké pangandikané bab Kratoné