Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

JOCHANAN PAMBAPTIS LAN RADJA HÉROḌÈS

67

kaukum tanpa dosa; ora marga saka iku mau kabèh, nanging mung ana saprakara kang diprihatinaké, jaiku: bab Gusti Jésus .... Saiki Pandjenengané ana ing endi? .... Lan apa sing ditindakaké? .... Rak ora kliru ta jèn nganggep Pandjenengané kang djumeneng Sang Mesih? O, bok ija Pandjenengané rawuh ngirid wadyabala pirang-pirang, bandjur nelukaké para radja lan para bupati, sarta djumeneng Nata binaṭara ana ing kuṭa Jerusalèm, ngratoni bangsa kang merdika, kaja sing dadi pangarep-arepé wong Israèl ing atasé Sang Mesih kang pinasṭi rawuh .... Upama kelakon mengkonoa, saiba enggoné nengsemaké ati!

Nanging Jochanan bola-bali mung tansah ngrungu warta jèn Gusti Jésus tansah memulang marang wong golongan, tansah ngolah-ngalih panggonan, wis kalok jèn wataké sabar drana lan anḍap-asor. Miturut panganggepé Jochanan, sing kaja mengkono rak ora samesṭiné. Pandjenengané sadjatiné rak Putrané Allah, rak kuwasa djumeneng Nata ngerèhaké sadjagad rat. Kok sulaja karo sing dadi pangarep-arepé Jochanan!

Awit saka lelakon kang mengkono mau, suwé-suwé Jochanan bandjur katuwuhan pamaido ing atiné. Apa ija kuwi kang djumeneng Sang Mesih kaja udjaré wong akèh? Apa ija Pandjenengané kuwi kang djumeneng Putrané Allah, kang munḍut dibaptis ana ing kali Jardèn? .... Jochanan isih éling wewèntèhan lelakon nalika semana, éwadéné .... ora mokal jèn kuwi dudu Sang Mesih kang diarep-arep rawuhé. Lha kok tradjangé banget enggoné anḍap-asor, prasadja lan ing semu tanpa daja prabawa.

Mangka prihatiné Jochanan munḍak dina munḍak nggeges. Terkaḍang ana muridé sawetara sing pada tilik, nemoni Jochanan ana ing pakundjaran. Lan nalika Jochanan wis ora bisa njirep pamaidoné, murid-muridé mau paḍa diutus sowan ing ngarsané Gusti Jésus sarta mundjuk pitakèn mengkéné: „Punapa Tuwan ingkang pinasṭi rawuh, punapa kawula sami ngantos-antos ḍateng sanèsipun?”

Murid-murid mau satekané ana ing ngarsané Gusti Jésus, bandjur paḍa mundjuk pratéla bab pamaido lan melang-melanging atiné Jochanan.

Gusti Jésus miḍangetaké wong-wong mau. Pandjenengané ora ketambuhan mungguh kaanané Jochanan enggoné mesakaké, déné ora bisa mèlu neksèni apa sing ditindakaké Gusti Jésus. Pantjèn Jochanan kepéngin banget pratjaja lan tresna marang Gusti Jésus kang dadi Djuru Slameté, nanging atiné kebak pamaido ....

Ing kono Gusti Jésus bandjur maringi wangsulan, pangandikané: „Paḍa mundura mratélakna marang Jochanan apa ngrungumu lan sapandelengmu: Wong pitjak paḍa ndeleng, wong lumpuh paḍa lumaku, wong nanḍang lara saraat paḍa kabirat nadjisé, lan wong buḍeg paḍa ngrungu; wong mati paḍa katangèkaké, lan wong mlarat paḍa kawartanan Indjil ....”

Wong-wong mau saulihé saka ing ngarsané Gusti Jésus, bandjur nganḍaraké kabèh marang Jochanan apa sing dideleng lan dirungu; kabèh sing dipangandikakaké Gusti Jésus ...

Bareng Jochanan mireng anḍarané murid-muridé mau, atiné bandjur lega lan bungah. Pamaido kang ana ing atiné larud sanalika. Wong kang bisa nindakaké kaélokan kaja mengkono iku tan kena ora mesṭi kang djumeneng Sang Mesih pijambak! .... Saiki Jochanan ora nglangut pikirané ngrasakaké enggoné Gusti Jésus katoné tansah anḍap-asor lan tanpa daja, lan généja Gusti Jésus ora ngerigaké wadyabala neluk-nelukaké ratu mantja-negara. Sapa sing kagungan panguwasa sing semono geḍéné, malah nganti bisa nguripaké wong mati, rak mesṭi luwih luhur lan mulja, apadéné luwih kuwasa katimbang karo sakèhing panguwasa lan radja ing bumi .... Saiki Jochanan lagi baé tinarbuka atiné njumurupi jèn Kratoné Gusti Jésus iku tjaloné dadi Kraton kaswargan, dudu kraton kadonjan. Kraton kadonjan iku ing wusanané bakal sirna tanpa kukupan, kosokbaliné Kratoné Allah iku ora bakal sirna ing salawas-lawasé .... Atiné Jochanan saiki wis lega, ajem lan tentrem.

Saiki, mbok ana lelakon apa baé, atiné wis ora bakal godjag-gadjeg manèh. Saiki anané mung kumandel lan pratjaja, mangka Jochanan ija wis ngerti, jèn ana ing pangaubané sihé Allah mesṭi slamet uripé.

Ana ing senṭonging pakundjaran kono Jochanan mung tumungkul narima ing pandum, djalaran sakabèhing lelakon sing wis tumama ana ing awaké lan sing isih bakal tumindak ing tembé, iku mung ana ing pamengkuné Gusti Allah. Atiné Jochanan saiki wis sarèh lan narima, mulané pira lawasé enggoné kudu ngentèni ana ing pakundjaran, iku wis ora dadi pikiran manèh ....

Nanging — ora antara suwé Jochanan bakal njumurupi prakara mau.

KATJARITA ana ing keḍatoné radja Héroḍès dianakaké bodjana andrawina, mbeneri tingalané Sang Prabu. Para tamu lan para luhur kabèh paḍa mangun suka-wibawa, nutug enggoné paḍa ḍahar lan ngundjuk anggur, nganti akèh kang paḍa wuru, temah paḍa lali marang tata lan susila. Sidji baé ora