Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

62

ING OMAHÉ WONG FARISI, ARAN SIMON

***

Nanging Gusti Jésus pijambak ija dianggep asor dradjaté, ora béda karo wong wadon mau. Malah pangunandikané Simon mengkéné: „Saiki wis tjeṭa, jèn guru weton Nasarèt iku satemené dudu nabi. Djalaran saupama nabia, mesṭi sumurup wong wadon kang nggepok awaké iku sapa lan éwoning apa. Jèn ngertia, rak mesṭi wis ditunḍung, djalaran wong mau kalebu golongané wong dosa!”

Pantjèn njata, wong wadon mau wis kawentar alané. Sapa wongé sing gelem srawung lan gepok sénggol karo wong sing asor lan nisṭa kalakuané? Saben wong sing kepeṭuk, mesṭi nisih, sing ditjeḍaki, mesṭi ngadoh, supaja adja nganti ketularan ing pialané lan ketèmpèlan ing dosané. Ora patut babar pisan jèn wong sing resik sesrawungan karo wong kuwi, luwih manèh nganti gepok sénggol .... Lha kok saiki, apa sing katon? Jésus, Rabbi saka Nasarèt kuwi, gelem lan ora risi dirungkebi sikilé lan diudjungi wong wadon mau. Apa sing kaja mengkono iku patut ing atasé nabi?

PARA wong Farisi lan para ulama kabèh paḍa ngadoh, pamurihé adja nganti katjipratan ing djedjemberé, djalaran kabèh paḍa rumangsa resik tanpa tjatjat. Kabèh paḍa gila lan gigu ndeleng wong wadon mau . . Mung Gusti Jésus pijambak sing ora mengkono paningalé. Wong-wong lijané paḍa ora ngerti apa sebabé wong wadon mau nganti nangis kelara-lara .... Gusti Jésus pirsa. Ora ana wong sing duwé welas marang ḍéwèké .... Gusti Jésus kagungan sih piwelas. Ora ana wong sing gelem lan bisa nglipur lan nulungi wong wadon mau .... Gusti Jésus kersa lan kuwasa mitulungi. Mulané Gusti Jésus ora nunḍung wong wadon mau ...

Apa manèh .... Gusti Jésus ija ora duka marang wong-wong Farisi sing paḍa rumangsa resik lan awatak lamis. Malah Gusti Jésus ija wis pirsa apa sing ana ing batiné wong-wong mau, mulané tanpa ana sing kumetjap njuwun priksa, Gusti bandjur maringi wangsulan, tumudju marang Simon, pangandikané: „Simon, aku duwé pitutur ing kowé .... Ana wong duwé potang marang wong loro, kang sidji limang atus dinar, sidjiné sèket. Sarèhné ora duwé kang kagawé njaur, dadi utangé dililakaké marang sakaroné. Kang iku kowé tutura: Wong loro mau kang luwih akèh katresnané kang endi?” Undjuk wangsulané Simon: „Punika prakawis gampil. Pandugi kula inggih ingkang kaṭah anggènipun nglilakaken.” Mengkono wangsulané Simon, nanging Simon lan wong-wong lijané sing paḍa ngrungu tjrita mau paḍa ora ngerti apa kersané Gusti Jésus.

Ing kono pangandikané Gusti Jésus marang Simon: „Simon, kowé apa weruh wong wadon iki? .... daktekani ing omahmu, ora kowènèhi banju wisuh ing sikilku, déné wong iki nelesi sikilku klawan luhé lan diusapi klawan rambuté. Kowé ora ngambung marang Aku, déné wong iki wiwit nalika lebuné tansah ngambungi sikilku. Kowé ora nglengani sikilku. déné wong iki nglengani sikilku klawan djebad .... Mulané pituturku ing kowé: Dosané wong iki kang pantjèn akèh wus paḍa kaapura, djenèh akèh katresnané. Nanging kang kaapura saṭiṭik, katresnané ija saṭiṭik.”

Simon rumangsa kawelèhaké déning Gusti Jésus, mulané rada ketjipuhan. Atiné saja krasa ora kepénak, jèn ngrasakaké isining tjrita mau. Wong sing duwé utang sèket dinar mau ija Simon ḍéwé. Pangandikané Gusti Jésus iku genahé mengkéné: „Simon, kowé adja duwé panganggep jèn kowé resik lan sutji, awit sadjatiné kowé ija kalebu wong sing duwé utang ....”

Wong wadon ala iku wong sing duwé utang limang atus dinar. Mangka utang semono kèhé saiki wis dililakaké, tegesé: dosané sing geḍé wis kaapura. Iku sing dadi djalarané wong mau kasok tresnané marang Gusti Jésus, ngungkuli tresnané Simon. Iba begdjané wong wadon iku, ngluwihi kabegdjané Simon.

Gusti Jésus tumuli ngandika marang wong wadon mau: „Dosamu wus kaapura .... Pangandelmu kang mitulungi kowé, mundura klawan tentrem rahaju.”

Wong-wong sing paḍa ana ing kono, bareng ngrungu pangandika iku mau, bandjur paḍa grenengan: „Katik ana wong bisa ngapura dosa! Sapa ta wong iku? Rak mung Allah pijambak kang kuwasa ngapura dosa!”

Wong wadon mau ora ngrèwès babar pisan marang gunemé wong akèh, atiné wis bungah lan marem ngrungu pangandika: „Dosamu wus kaapura ....” Wong wadon mau pantjèn wis ngakoni jèn dosané iku luwih déning geḍé. Wis sawetara suwé enggoné ngrasakaké seḍih marga njumurupi geḍéning dosané .... Mangka ora ana wong sing bisa nulungi, sing akèh-akèh malah mung nutuh lan mojoki. Mung sidji sing bisa maringi pitulungan, jaiku Gusti Jésus. Mulané bareng wis tjeḍak karo Gusti Jésus, bandjur ngrungkebi padané kambi nangis kelara-lara, tanpa bisa mundjuk apa-apa, kagawa saka geḍéning prihatin. Nanging wong wadon mau ora perlu mundjuk apa-apa, awit Gusti Jésus wis pirsa apa sing dadi gémbolaning atiné.

Saiki? .... Wong wadon mau kaḍawuhan mundur klawan tentrem rahaju, atiné ajem, djalaran dosané wis kaapura, lan sabandjuré uripé bakal mung tansah sumaos marang Allah.