Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

ING OMAHÉ WONG FARISI, ARAN SIMON

61

ditakoni, durung ngerti sapa wongé, nanging bareng saiki wis ngerti, bandjur énggal-énggal awèh weruh, jèn sing marasaké awaké iku Gusti Jésus. Wong mau enggoné awèh weruh, iku mung kagawa saka bungahing atiné déné wis bisa ngerti sapa sing mbetjiki awaké, tanpa nglegéwa jèn pawartané iku mau malah ngobong atiné para wong Farisi lan para ulama. Saiki wis tjeṭa sapa wongé sing nerak wewaler dina Sabbat, awit mauné mung paḍa duwé panggrajangan jèn sing nerak iku mesṭiné Jésus, wong Nasarèt. Wong-wong mau bandjur paḍa sekongkel arep ngringkes wong Nasarèt sing ora duwé éring babar pisan karo para pangarepé bangsa Jahudi lan sing tansah dietut-buri ing wong golongan. Ing tembé buri samangsa wis kebak sundukané, pira suwéné njirnakaké wong sidji, bebasan isih suwé midjet wohing ranti.Saiki wong-wong mau wis paḍa gilig rembugé, jèn wong Nasarèt iku, jaiku Gusti Jésus, kudu disirnakaké. Pantjèn, jèn Gusti Jésus wis kelakon séda, ija wis ora ana manèh sing wani ngagru-agru para wong Farisi lan para ulama. Mulané saiki wong-wong mau mung arep métani tindak-tanduké Gusti Jésus, sing paḍa diudi supaja bisa ngonangi Gusti Jésus nindakaké kaluputan utawa panerak.

ING OMAHÉ WONG FARISI, ARAN SIMON

ING sawidjining dina Gusti Jésus diaturi ḍahar déning wong Farisi, aran Simon, ana ing omahé. Miturut tata lairé, wong Farisi mau katon sumanak lan betjik tangkepé marang Gusti Jésus, mangka sadjatiné ora babar pisan. Enggoné ngaturi Gusti Jésus rawuh ana ing omahé lan njaosi ḍahar, iku ora marga saka keduga lan senengé wong mau marang Gusti Jésus, nanging marga saka nalar lija. Wong Farisi mau rumangsa luwih unggul ing samubarang prakara katimbang karo Gusti Jésus, kang asalé mung saka ing désa Nasarét. Nanging sarèhné Guru mau wis kawentar bisa memulang lan nindakaké kaélokan warna-warna, mulané wong Farisi mau kepéngin tetepungan lan wawan gunem karo Gusti Jésus. Lan supaja adja nganti dirusuhi déning wong golongan, Gusti Jésus bandjur diaturi rawuh ing omahé. Iku djalarané Gusti Jésus rawuh ana ing omahé wong Farisi.

Rawuhé ora pijambak, kedjaba Gusti Jésus isih akéh sing diaturi rawuh, jaiku para wong Farisi lan para djamhur lija-lijane. Rawuhé para tamu ditampa klawan pakurmatan, sikilé diwidjiki lan disaosi djebad wangi déning para abdi, sawisé mengkono Simon ḍéwe sing dadi tuwan rumah, bandjur meṭukaké tamuné, ngaturi pambagé sarana ngambung miturut adaté ing tanah kono.

Nanging nalika Gusti Jésus rawuh, ora ana wong sing mbagèkaké; ora ana batur sing teka midjiki sampéjané, ora ana sing njaosi lenga djebad lan ora ana sing nutjup Pandjenengané. Awit pangirané wong Farisi, pambagé sing kaja mengkono iku ora samesṭiné dietrapaké marang Guru weton Nasarèt, rak wis pira-pira wong mau dililani kekembulan karo wong Farisi; dadi apa perluné ndadak isih diaturi pambagé klawan pakurmatan?

KOTJAPA para tamu wis paḍa pinarak arep ḍahar; enggoné paḍa pinarak ana ing resbang sing ditata mubeng ngubengi médja, lingguhé setengah turon, sikil karo pisan diunggahaké ing resbang, sawisé trumpahé diutjuli lan disèlèh ing ngisor resbang. Para tamu wis gupjuk enggoné paḍa ngandikan, nanging sing akèh ḍéwé enggoné ngandikan iku Gusti Jésus, djalaran diteter ing pitakonan, émané enggoné paḍa takon mau mung tumudju arep njoba, awit para wong Farisi wis paḍa rumangsa luwih pinter lan luwih witjaksana katimbang Rabbi anjar saka désa Nasarèt. Miturut udjaré wong akèh, Pandjenengané iku djumeneng nabi, nanging para wong Farisi durung gelem nganggep nabi jèn durung weruh tanḍa-jektiné.

Nalika semono ana lelakon kang dadakan. Ing tengah-tengahé wong akèh sing paḍa ngadeg ana ing palataran nonton sing lagi paḍa andrawina, ana sawidjining wong wadon.

Wis rada suwé enggoné ingak-inguk, djalaran ana sing digolèki, jaiku Gusti Jésus. Saka ing djaba wis katon tjeṭa ana ing sisih endi pinaraké. Bareng wis tita panjawangé, wong wadon mau bandjur mlebu ndjudjug ing panggonan pinaraké Gusti Jésus. Klawan mbrebes-mili ngrungkebi padané, eluhé dléwéran nelesi sarta bandjur diusapi nganggo rambuté .... Wong wadon mau ora bisa mundjuk apa-apa, bisané mung nangis kelara-lara kambi tangané srikutan ngusapi padané Gusti Jésus, bandjur diudjungi sarta dilengani nganggo djebad olèhé nggawa saka ngomahé. Wong wadon mau enggoné nganti kumawani tumindak sing katoné murang tata mau, iku mung marga saka kapeteking atiné déning seḍih. O, gèk sapa sing bisa ngerti lan ngrasakaké seḍihé? .... Wong-wong sing ana ing padjagongan kono paḍa tjingak, bareng weruh wong wadon mau. Wong-wong Farisi, dalah Simon ḍéwé, paḍa méntjep lan grenengan, déné wong wadon mau tanpa pamit wani mlebu ing kalangané para wong geḍé, tur ora iḍep ing isin mbebarang tangis ana ing ngarepé wong akéh.