Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

60

BÈTÈSDA

***

keprijé bisané, djalaran obah baé ora bisa. Apa wong iki kira-kira gelem nulungi njemplungaké ing blumbang Bètèsda, samangsa ana malaékat tumeḍak? .... Nanging kira-kira ija tanpa gawé, awit mesṭiné wis keḍisikan wong lija. Mulané wong lara sing kapiran mau bandjur mangsuli: „Ḍuh Tuwan, kula boten gaḍah réntjang ingkang njemplungaken kula ḍateng ing blumbang samangsa tojanipun panudju kotjak. Déné menawi kula saweg murugi, ladjeng wonten tijang sanès ingkang ambjur ngrumijini kula.”

Wong kang ndangu mau bandjur rentah welasé, énggal ngandika marang kang lara: „Tangia, paturonmu angkaten, lumakua!” Sanalika wong mau dadi waras, sarta ngangkat paturoné, tumuli mlaku. Awaké sing lemes tanpa daja sanalika dadi kuwat, kaja-kaja kalebon ing daja gaib sing ndjalari warasé.

Bareng wong mau wis ngrasakaké pulihing kakuwatané, ménga-méngo nggolèki wong sing marasaké arep awèh panarima, nanging wis ora katon ana ing kono. Sapa ta wong iku, déné kok kuwasa marasaké wong lara mung nganggo disabdakaké baé? Wong mau ora ngerti, marga saka lawasé enggoné gumléṭak ana ing bangsal kono, nganti ora tau ngrungu kabar apa-apa saka ing sakiwa-tengené.

SAKING bungah-bungahé déné wis kelakon bisa waras manèh, wong mau bandjur mlaku-mlaku ana ing kuṭa Jerusalèm, ngalor ngidul kambi manggul paturoné. Atiné kebak kabungahan, malah kaja-kaja wong sadjagad paḍa mèlu ngrasakaké kabungahané. Ing nalika iku panudju dina Sabbat.

Dumadakan ana wong ngaruh-aruhi lan njenḍu: „Iki dina Sabbat, ora kena kowé nggawa paturon.”

Wong sing disenḍu mau kagèt. .... Paturoné? Ora rumangsa babar pisan jèn sing dipanggul mau paturoné lan jèn tindaké mau luput. Sing digagas-gagas mung kaélokan sing mentas tumanduk ing awaké. Klawan tadjem wong mau mandeng wong-wong Farisi lan wong Jahudi lijané, sarta mangsuli: „Tijang ingkang njarasaken kula punika ingkang ḍawuh: Paturonmu angkaten, lumakua!” „Jèn kula namung sadermi nglampahi ḍawuh, mangka ingkang paring ḍawuh punika tijang ingkang kuwaos njarasakan kula, rak kula boten lepat sanget-sanget!” Nanging wong mau tetep diluputaké déning wong Farisi. Bangsa Jahudi kabèh rak wis ngerti jèn paḍa ora kepareng nglakoni saḍéngah pagawéan ing dina Sabbat . Lan wong sing bisa marasaké wong lumpuh, sapa ta wong iku? Nanging wong sing mentas waras ora weruh iku sapa.

Nanging wong-wong Farisi wis paḍa ngerti lan wani nemtokaké sapa wongé sing marasaké: iku ora lija Rabbi anjar saka Nasarèt kaé! Jèn kélingan wong Nasarèt mau, saja wuwuh enggoné paḍa ngigit-igit. Ora perduli apa wong Nasarèt mau pinter marasaké wong lara sarana kaélokan! Ora perduli apa wong sing wis lawas nanḍang lara lumpuh saiki wis mari temah bisa ngrasakaké kabungahan geḍé! Djenèh wong-wong mau paḍa nemaha nerak wewaler dina Sabbat! Wong sing mentas mari iku mlaku ngalor ngidul karo manggul paturoné, dadiné ngeḍèng enggoné nglakoni pagawéan ing dina Sabbat. Mangka sing ḍawuh mengkono iku wong Nasarèt sing aran Jésus! Dadi sakaroné paḍa kaluputan nerak wewaler dina Sabbat. Wong-wong Farisi satemené wis ora gumun, jèn Guru anjar saka Nasarèt iku duwéa pokal kang mengkono iku. Pantjèn medjanani banget tangkepé marang golongané wong Farisi lan para ulama; pepatjak lan préntahé dianggep tanpa teges,malah pangibadahé mung dianggep lelamisan. Mulané wong Farisi lan para ulama geṭingé ndjering marang Gusti Jésus. Apa sing mentas kelakon ana ing Bètèsda wis ditjaṭet, mung kari ngentèni mangsané jèn sundukané wis kebak.

Wong sing mari lumpuhé didjaraké baé, nanging Gusti Jésus ing sabandjuré tansah ditut-buri lan ditliti, digolèki lénané.

SAWUSÉ mengkono wong sing wis mari iku mlebu ing padaleman sutji, bareng karo wong golongan arep njaosaké pamudji sokur marang Allah. Polatané katon bingar lan atiné gambira, déné wis bisa mlaku ing saparan-paran manut kekarepané.

Lagi énak mlaku-mlaku ing padaleman sutji, dumadakan kepranggul karo wong sing marasaké awaké. Ing kono lagi baé wong mau ngerti jèn sing kawasa marasaké iku Gusti Jésus. Atiné wong mau banget enggoné kakenan.

Gusti Jésus ija pirsa wong mau, bandjur dipangandikani. Wong-wong ing sakiwa-tengené paḍa ora bisa ngerti apa tegesé pangandika mau, nanging wong sing dipangandikani ora bakal kliru tampa. Pangandikané Gusti Jésus: „Lah kowé wus dadi waras, adja manèh gawé dosa, supaja kowé adja nganti ketaman kang luwih banget.” Wong mau mung nḍingkluk baé marga kisinan. Pantjèn enggoné nanḍang lara nganti lawas mau dadi paukumané enggoné mblunṭah uripé nalika isih enom lan rosa. „Adja manèh gawé dosa!” mengkono ḍawuhé Gusti Jésus, awit samangsa mbalèni uripé sing bijèn, mesṭi bakal ketaman kang luwih banget, jaiku paukuman kang langgeng. Wong mau tumuli lunga .... marani wong Farisi.

Wong mau rak ditakoni sapa sing marasaké lan sing ḍawuh ngangkat paturoné. Nalika