Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

BATURÉ PANATUS PRADJURIT RUM

55

Nalika semono ana wong nanḍang lara saraat lumaku ing dalan. Sanḍangan sing dienggo suwèk-suwèk, kaja wong lagi nanḍang susah marga kasripahan; rainé separo katutupan ing gombal .... Nanging .... mripaté sing adaté katon lojop-lojop, saiki katon sumilak paḍang, kaja-kaja ana sing nenangi pangarep-arepé.

Wong mau wis ngrungu warta bab Gusti Jésus. Iku kang nenangi pangarep-arepé ana ing atiné: „O, Gusti Jésus mesṭi kwasa marasaké aku .... „Semuné prakara sing mokal lan nglengkara, awit lelara saraat iku wis kawentar madal tamba. Nanging wong sing nanḍang lara mau ana ing atiné wis mantep pangandelé: „Mung Gusti Jésus kang kwasa marasake ....”

Mulané wong mau bandjur nempuh bjat ninggal panggonané, bandjur nggolèki Gusti Jésus. Saja bungah atiné, bareng saka kadohan weruh untabé wong golongan sing paḍa medun saka ing gunung, nḍèrèkaké tindaké Gusti Jésus. Lakuné bandjur digelak, laraning awaké wis ora digawé rasa. Bareng tekan ing ngarsané Gusti Jésus, bandjur sudjud sarta mundjuk: „Gusti, menawi Tuwan karsa, inggih kawasa mbirat nadjis kawula.” Tumrapé wong sing lara wis ora ana wong lijané manèh sing dipandeng kedjaba mung Gusti Jésus. Wong golongan sing pijak marga njingkiri wong lara saraat mau, dianggep sepi. Apadéné saraking angger-angger sing turun-tumurun diparingaké marang bangsané, diterak wani, udjer mung sawidji sing dadi paraning atiné: birat nadjisé marga pitulungané Gusti Jésus. Mulané bareng wis tekan, wong mau ora taha-taha bandjur sudjud lan mundjuk.

Mungguh Gusti Jésus pijambak keprijé? Apa Pandjenengané adjrih kagepok ing wong lara saraat mau? Apa ija kuwatos jèn kasutjèné bakal katularan nadjisé sing nanḍang lara saraat mau? Apa Gusti Jésus ija runtik galihé kajadéné wong golongan? .... Ora, Gusti Jésus ora mengkono.

Nanging Gusti Jésus bandjur mulung astané, ndemèk marang wong mau sarta ngandika: „Aku karsa, birata nadjismu!” Paḍa sanalika kabirat malané saraat dadi resik. Sing pating benjinjih putih-putih ilang babar pisan, kulité pulih kaja wingi uni, lan awaké sing lungkrah malih dadi kuwat manèh. Durung nganti mundjuk apa-apa manèh, wong mau wis diḍawuhi Gusti Jésus supaja adja kanḍa-kanḍa marang wong apa sing mentas kelakon; wong mau diatag supaja énggal nuduhaké awaké marang imam lan njaosaké kurban miturut ḍawuhé nabi Musa .... Sawisé nglakoni iku kabèh, wong sing wis mari larané mau lagi bisa manggon manèh ing kuṭa awor sanak seduluré.

WONG sing wis birat lelarané mau bandjur lunga klawan kabungahan geḍé. Atiné prasasat mbludag suka sokur marang Allah déné diparingi kanugrahan sing tanpa upama geḍéné, temah ora kena ditjanḍet manèh grengsenging atiné arep njritakaké lelakoné kang nggumunaké mau. Ing sadalan-dalan ora lèrèn-lèrèn enggoné njritakaké kaélokan sing mentas tumanduk ing awaké. Sapa baé sing gelem ngrungokaké ditjritani, awit kabegdjan sing semono geḍéné mau ora amot disimpen ana ing atiné,

BATURÉ PANATUS PRADJURIT RUM

ORA antara suwé sapungkuré lelakon ing ḍuwur mau Gusti Jésus rawuh manèh ing Kapernaum, kaḍèrèkaké wong golongan geḍé. Lan sanalika wong-wong pada kumrubut sowan arep njuwun pitulungan. Saiki sing paḍa sowan para pinituwané wong Jahudi. Nanging sowané mau ora kanggo butuhé ḍéwé; sing disuwunaké pitulungan iku baturé panatus pradjurit Rum, djalaran lara mbebajani ndungkap mati. Gusti Jésus diaturi rawuh ing omahé panatus pradjurit mau, supaja marasna baturé sing lagi lara.

Jèn digagas, satemené kalebu anèh, déné ing atasé pinituwané wong Jahudi kok nganti paḍa gelem ngaturi Gusti Jésus rawuh ing omahé wong Rum, mangka sing lara iku mung batur, malah bisa uga batur tukon. Mulané wong Jahudi mau paḍa njaosi katerangan, jèn wong Rum sing ngaturi Gusti Jésus iku wong betjik, ora ambek sija ing atasé bangsa Jahudi, malah saking tresnané nganti ngjasakaké mesdjid ing kuṭa Kapernaum.

Katerangan mau ḍasar kepara njata. Panatus pradjurit Rum mau pantjèn wong sing luhur budiné. Jèn ora mengkonoa, mangsa wong Jahudi nganti gelem dadi kongkonané. Wong Rum mau nganggep sapaḍa-paḍa marang bangsa Jahudi, senadjan bangsa telukan. Djalaran wong Rum mau wis wanuh marang Allahé bangsa Israèl, malah ija ngabekti marang Allah, mulané bisa nduwé katresnan marang bangsa Jahudi .... Wong mau mesṭi baé luhur budiné, apamanèh ambek welasan, katélak saka enggoné keraja-raja golèk ichtijar murih warasé baturé sing lagi lara banget. Endi ana wong Rum sing gelem nggumatèni batur? ....

GUSTI Jésus midangetaké aturé wong Jahudi mau klawan rena galihé. Enggoné wong-wong mau paḍa tresna-tinresnan iku