Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

54

WONG LARA SARAAT UTAWA BUḌUG

***

sarta ora tetanḍo ana ing lumbung, éwadéné paḍa kaparingan pangan déning Ramakmu ing swarga; kowé apa ora katjèk luwih akèh katimbang karo manuk iku? ....”

GUSTI Jésus mangandikakaké bab watak kumlungkung lan sumutji-sutjiné wong. Pandjenengané pirsa jèn akèh wong sing tansah ngawasaké marang pialané wong lija lan nganggep dosa lan murang sarak, nanging pialané awaké ḍéwé sing luwih akèh lan luwih geḍé, ora tau digagas.

Pangandikané: „Keprijé déné kowé weruh tatal kang ana ing mripaté sadulurmu, mangka glonḍong kang ana ing mripatmu ḍéwé, kowé teka ora weruh? Utawa keprijé enggonmu bakal tutur marang sadulurmu: Mara dakulapané tatal ing mripatmu, mangka ta ing mripatmu ḍéwé ana glonḍongé?

Èh wong lamis, glonḍong ing mripatmu ḍéwé buwangen ḍingin, nuli lagi bisa waspada enggonmu ngulapi tatal ing mripaté sadulur-mu iku....”

GUSTI Jésus mangandikakaké bab geḍéning sihé Allah kang tansah miḍangetaké pandongané para wong kang suméndé marang Pangéran.

Pangandikané: „Paḍa njenjuwuna, temah bakal kaparingan. Paḍa golèk-golèka, temah bakal nemu. Paḍa ṭoṭok-ṭoṭoka, temah bakal kawenganan. Sebab sok wonga kang njuwun, iku tampa, lan kang golèk, iku nemu, tuwin kang ṭoṭok ṭoṭok, iku bakal kawenganan. Endi ta ana wong panunggalanmu kang didjaluki roti anaké, rak ija ora diwènèhi watu? Apamanèh saupama didjaluki iwak, rak ija ora diwènèhi ula? Kang iku menawa kowé, senadjan ala paḍa mangerti ing bab pawèwèh kang betjik marang anak-anakmu, méndahané manèh Ramakmu ing swarga mesṭi peparing kang betjik marang wong kang paḍa ngaturi panjuwun ....”

MENGKONO uga ana pangandikané Gusti Jésus bab wong kang pinter lan kang punggung. Wong kang pinter enggoné ngadegaké omah ana ing paḍasan, sentosa panḍemèné; jèn ana udan deres, ora bakal kuwatir .... Déné wong kang punggung enggoné jasa omah ana ing paweḍèn ora bakuh lan sentosa; samangsa katempuh ing prahara ...!

Pangandikané mengkéné: „Saben wong kang ngrungu pituturku, sarta nganggo dilakoni, iku bakal Dakupamakaké kaja wong pinter kang ngadegaké omahé ana ing paḍasan. Bareng ana udan deres, lan bandjir teka, sarta angin midid, paḍa nempuh marang omah mau, meksa ora rubuh, amarga katalesan paḍasan.

Balik saben wong kang ngrungu pituturku, mangka ora nglakoni, iku bakal diupamakaké kaja wong punggung, kang ngadegaké omahé ana ing paweḍèn. Bareng ana udan deres, lan bandjir teka, sarta angin midid, paḍa nempuh marang omah mau, tumuli rubuh lan banget rusaké ....”

ISIH akèh manèh prakara kang diweḍaraké déning Gusti Jésus marang para sekabaté lan wong golongan. Pangandika kang diweḍaraké mau kabèh mratélakaké bab keprijé wewatekané wong lan apa kang kudu dilakoni samangsa paḍa arep nggajuh dadi putrané Allah, samangsa paḍa ngarah dadi ahli-warisé kratoning swarga kang diratoni déning Gusti Jésus pijambak.

Sarampungé maringi piwulang, Gusti Jésus bandjur kèndel, lan wong golongan kabèh ija paḍa meneng, djalaran paḍa kagawokan déning piwulangé. Durung tau ana pamulang kang maḍani Gusti Jésus, enggoné arum ngresepaké pangandikané, enggoné djero lan wingit surasané. Malah enggoné mulang mau kaja ngagem pangwasa, ora kaja para ulama.

SAKÈHÉ piwulangé Gusti Jésus ana ing gunung mau ing sangarepé wong golongan geḍé, iku diarani Warsita-arga, katjekak dadi Warsitarga, tegesé: piwulang ing gunung.

WONG LARA SARAAT UTAWA BUḌUG

KATJARITA satumeḍaké Gusti Jésus saka ing gunung bandjur kaḍèrèkaké déning wong golongan pirang-pirang. Ing kono ana wong nanḍang lara saraat. Awaké sakodjur katon pating benjinjih putih-putih; awaké krasa lara lan lungkrah, apadéné atiné seḍih djalaran disingkang-singkang déning wong pepaḍané. Wong lara saraat iku ora kena manggon ana ing kuṭa, malah mlebu menjang kuṭa baé ora kena; pamanggoné kapisah ana ing sadjabané kuṭa. Lelara kang nggegirisi mau kalebu lelara nular. Sapa sing nganti gepok sénggol karo wong lara saraat, bisa ketularan. Mangka jèn ketularan, tangèh bisané mari, temah sadjegé urip mung tansah nanḍang lara lan seḍih nganti tekan adjalé. Mulané wong sing wis ketjanḍak lara saraat dipapanaké pamanggoné ana ing sadjabané kuṭa. Jèn pinudju lumaku ing dalan, kudu awèh sasmita klawan alok-alok: „Nadjis, nadjis!”

Wong-wong sing nandang lelara saraat iku tansah disirik déning angger wong, malah dianggep nadjis. Mangka lelara mau ora bisa mari. Lelarané saja suwé saja banget, nganti sing lara tumeka ing adjalé. Ing djaman semono durung tau ana ḍukun sing bisa nambani lelara saraat ....