Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

WONG SÈMPÈR ING KAPERNAUM

51

Jésus lagi ngandika, tan kena ora wong-wong ing sakiwa-tengené mesṭi ngrungokaké.

Bareng wis tita ora bisa mbatjutaké lakuné, bandjur paḍa lèrèn ana ing palataran karo golèk akal keprijé bisané nglebokaké sing lara mau. Mangka ora ana wong sing gelem mingsed seṭiṭik baé, kabèh mung paḍa ketungkul ngrungokaké pangandikané Gusti Jésus. Wong sing lara dalah sedulur-seduluré paḍa ketjuwan banget atiné, djalaran wis tjeḍak banget karo Gusti Jésus, nanging meksa isih adoh saka ing pitulungan.

Saiki keprijé rékané? Apa ngentèni sabubaré? Nanging jèn wis bubar, apa malah ora munḍak seksekan wong golongan sing paḍa arep mulih? Jèn mengkono, apa sing lara bisa kelakon disowanaké ing ngarsané Gusti Jésus? Ringkesé jèn ngentèni sabubaré, mesṭi bakal ora olèh gawé!

Jèn ora ngentèni, gèk keprijé manèh rèkané? Apa kelakon sing lara digotong mulih, disèlèhaké ing panggonané gumléṭak mau, ngaṭang-aṭang ing selawas-lawasé nganti tekan adjale? Ah, mesakaké temen jèn mengkono!

Dalané kaslametan mung sidji, jaiku sowan ing ngarsané Gusti Jésus! Saupama sing lara bisa nganti kapirsan déning Gusti, wis mesṭi kapitulungan! Nanging keprijé dalané?

Bareng wis nggolongaké rembug, wong sing nggotong mau bandjur paḍa tumandang. Embuh bener, embuh luput ichtijar sing ditindakaké, wis dinalar dawa, waton seduluré sing lara mau bisa marek ing ngarsané Gusti Jésus. Wong sing lara mau bandjur digotong metu ing unḍak-unḍakan sing digawé nurut témbok omah, munggah tekan ing pajon rata, sing adaté diarani „sotoh”. Saka ing pajon mau wong bisa ndeleng ing goḍagan omah ing djero, bisa ngrungu swarané wong sing paḍa guneman. Sing lara bandjur diglétakaké; djubin tutuping pajon bandjur dibréngkali, pener ing saḍuwuré Gusti Jésus pinarak. Bareng bolongané wis tjukup ambané, sing lara bandjur kauḍunaké sapaturoné, kaeneraké ing ngarsané Gusti Jésus.

Gusti Jésus lan wong-wong sing ana ing djero omah kono paḍa njumurupi ana wong lara sapaturoné diuḍunaké saka ing pajon.

Gusti Jésus bandjur kèndel enggoné ngandika, nanging Gusti ora duka marga ana sing wani-wani ngrusuhi enggoné memulang. Malah saiki Pandjenengané mirsa sepira geḍéning pangandelé sedulur-seduluré wong sing lara mau, lan ija mirsa sangsarané wong sing sèmpèr, sing babar pisan ora bisa ngglawat, nanging mripaté katja-katja, ésṭané kaja njuwun muga kapitulungana. Gusti Jésus ora pisan-pisan mengku duka, nanging malah rentah welasé.

Mulané bandjur ngandika marang kang lara: „He pawong sanak, dosamu wus kaapura!” Wong-wong sing paḍa ngrungu pangandika mau, bandjur paḍa gumun. Sowané wong lara mau rak perlu njuwun kawarasaké sèmpèré, mangka pangandikané Gusti Jésus: „Dosamu wus kaapura!” Malah para ulama lan para Farisi sing ija paḍa melu ana ing kono, paḍa nggrundeli Gusti Jésus: „Wong iku sapa ta déné kok ngutjap njenjamah marang Allah? Kang kwasa ngapura dosa sapa ta, kedjaba mung Allah pijambak?” ...

Nanging Gusti Jésus mirsa apa kang dadi osiking atiné wong. Pandjenengané mirsa was lan sumelangé atiné wong sing nanḍang lara, marga ngrasakaké geḍéning dosané nalika isih bagas kuwarasan. Mulané Gusti Jésus ngersakaké marasaké atiné ḍisik, sarana ngapura dosané.

Lelarané mau dadi paukumaning dosané. Jèn dosané wis diapura, larané mesṭi tumuli birat. Bareng sing lara mau ngrungu pangandikané Gusti Jésus mengkono iku, polatané malih dadi sumringah, suntrut lan seḍihé larud sanalika ....

Mengkono uga Gusti Jésus ija mirsa kang dadi osiking atiné para ulama lan para Farisi lan wong lija-lijané sing paḍa ora kesdu marang Pandjenengané. Gusti mirsa jèn wong-wong mau ora duwé pangandel marang Pandjenengané. Pantjèn gampang ngetokaké udjar marang wong, jèn dosané wis kaapura. Saben wong rak bisa muni mengkono, mangka pangutjap mengkono iku klebu njenjamah marang Allah! Kaja mengkono iku panggraitané para ulama lan para Farisi. Nanging saiki Gusti Jésus arep nedahaké, jèn Pandjenengané ija kagungan pangwasa ngapura dosa temenan, mulané arep nindakaké prakara sing wong lija ora bisa.

Pangandikané Gusti Jésus marang wong-wong mau: „Kowé paḍa duwé panggraita kaja apa ana ing atimu? ....” Sawisé ndukani wong-wong mau, bandjur ngandika marang sing lara: „Ḍawuhku marang kowé: Ngadega, paturonmu angkaten, lan muliha!”

WONG sing sèmpèr mau keprijé? Bareng dipangandikani mengkono, ora kok bandjur ndomblong njawang Gusti Jésus, djalaran rumangsa jèn ora kuwagang nglakoni saḍawuhé. Lan ija ora ndjadjal ngadeg alon-alon awit sumelang jèn pangandika mau ora temenan! Ora, wong mau marga saka pangandelé sanalika bandjur ngadeg, ora nganggo djadjal-djadjal ḍisik. Awaké sakodjur kaja-kaja klebon daja kakuwatan sing anèh. Bareng wis ngadeg, paturoné tumuli diangkat, bandjur mundur mulih kambi ngluhuraké Allah.

Nalika iku wong-wong sing djedjel rijel