Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

44

WONG SÈMPÈR ING KAPERANAUM

***

sadalu muput enggèn kula sami njambut damel, boten angsal punapa-punapa.” Karepé: saja maneh ing wajah awan, gèk arep olèh apa? Nanging Pétrus énggal njambungi undjuké: „Ewasemanten awit saking ḍawuh Tuwan, kawula inggih baḍé nḍawahaken djala.”

Pantjen kuduné ija mengkono. Samangsa Gusti Jésus ḍawuh, tan kena ora Pétrus kudu ngleksanani, ora ngétung wajah lan kangèlan.

Prauné bandjur dilakokaké menjang panggonan kang luwih djero. Simon Pétrus lan Andréas bandjur nibakaké djalané; bareng djalané ditarik munggah, ing tangan wis krasa aboté ora djamak, djalaran kebak iwak akèh banget, malah djalané nganti beḍah. Kantja-kantjané sing ana ing prau lijané paḍa diawé kapurih ngréwangi. Jochanan lan Jakobus énggal paḍa tandang ngréwangi ngunggahaké djalané Pétrus. Bareng wis bisa munggah, prau karo pisan paḍa kamotan iwak, kebak nganti kaja mèh ngèrem-ngèremna.

Simon Pétrus bareng weruh, bandjur ngrumangsani apes lan sèkèng, lan banget kaeraman njumurupi iba mulja lan kwasané Gusti Jésus. Mulané bandjur njungkemi djengkuné Gusti Jésus sarta mundjuk: „Gusti, Tuwan mugi nilar kawula, awit kawula tijang dosa.” Gusti Jésus pirsa apa isiné teleng segara, mesṭiné ija pirsa kang ana ing telenging atiné Simon. Simon rumangsa ora pantes ditenggani Gusti Jésus, mulané Gusti Jésus diaturi tindak saka ing prauné.

Nanging Gusti Jésus ora kersa nilar Simon. Gusti Jésus ija wis pirsa apa sing dadi osiking atiné Simon.

Simon Pétrus dalah kantja-kantjané paḍa rumangsa isin marga saka dosané, apadéné ija rumangsa nanḍang apes lan asor ana ing ngarsané Gusti Jésus. Nanging marga saka rumangsaning ati kang mengkono mau, para sekabat mau malah saja wuwuh enggoné paḍa disihi déning Gusti Jésus. Pangandikané marang Simon: „Adja wedi, wiwit samengko kowé bakal paḍa amèk wong.”

KEPRIJÉ, amék wong? .... O, Simon lan kantja-kantjané wis paḍa njanḍak marang kersané Guruné: paḍa kaḍawuhan martakaké bab katresnan lan pangwasané Gusti Jésus, temah wong-wong kang paḍa ngrungu pawarta mau paḍa kagèndènga marang ngarsané Sang Pamartaning djagad, supaja paḍa pratjajaa marang Pandjenengané murih olèha karahajon. O, jèn mung diḍawuhi nindakaké sing kaja mengkono, Simon sakantjané paḍa saguh nglakoni lan ngéstokaké ḍawuh, malah paḍa rumangsa olèh kanugrahan lan berkah geḍé.

BARENG wis paḍa munggah ing ḍaratan manèh, Simon sakantjané bandjur paḍa ninggal bale-omahé, brajaté, pagawéané lan negarané, nḍèrèkake tindaké Gusti Jésus ing sapurug-purug.

Para murid mau paḍa ora ninggal Guruné manèh nganti tekan waktuné Gusti Jésus ngalami saat sing gawaté keliwat-liwat.

Nanging saiki durung padja-padja tekan waktuné.


WONG SÈMPÈR ING KAPERNAUM

KATJARITA ing sawidjining dina ana wong sawetara paḍa nggotong wong lara ana ing paturon. Wong mau sèmpèr tangan lan sikilé, temah ora bisa mlaku babar pisan. Polatané katon suntrut seḍih marga saka enggoné nanḍang lara mau.

Parané wong-wong mau arep menjang endi? Apa arep menjang panggonané dukun? Nanging sapa ta sing bisa nambani larané lan ngledjaraké atiné sing tansah nganḍut seḍih lan was sumelang?

Sadurungé mangkat saka ngomah mesṭiné wis dirantjang ḍisik, sing lara mau arep digawa menjang endi. Sedulur-seduluré wong sing lara wis paḍa ngrungu warta, jèn Gusti Jésus rawuh ing Kapernaum manèh. Mulané wong-wong mau paḍa golong rembugé arep njowanaké sing lara ana ing ngarsané Gusti Jésus, supaja kabirata larané. Wong mau wis paḍa jakin temenan, jèn ora ana dukun lija-lijané manèh sing bisa marasaké seduluré mau kedjaba mung Gusti Jésus. Lakuné ana ing dalan ora njlèwèng mangiwa utawa manengen, djalaran antjasé mung sawidji, jaiku sowan ing ngarsané Gusti Jésus.

Lah, omah panggonané Gusti Jésus pinarak wis katon. Lakuné disengkud, daja-daja énggala tekan. Sing lara wis dikanḍani: „Seḍéla engkas kowé tekan ing ngarsané Gusti, bandjur....” Sing lara bisa mèsem, wis nitjil bungah. Atiné nganta-anta énggala bisa njawang Gusti, temah mesṭi birat lelarané.

Nanging kotjapa, bareng wis tekan ing palatarané omah, wong-wong mau kepeksa manḍeg, djalaran ora bisa olèh dalan. Ing latar, apa manèh ing djero omah wis djedjel rijel wong sing paḍa ngrungokaké pangandikané Gusti Jésus. Mangka enggoné pinarak ing tengahé omah. Wong golongan sing ana ing kono kabèh paḍa ngrungokaké. Kabèh malah kepeksa ngrungokaké, apa tekané mrono iku kagawa saka sih tresnané marang Gusti Jésus, apa mung djalaran kepéngin weruh tok, utawa apa marga saka enggoné geṭing marang Pandjenengané, kabèh paḍa baé angger Gusti