Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

BAWAHAN MEMANTON ANA ING DÉSA KANAH

33

Gusti Jésus bandjur ngladjengaké tindaké, kaḍèrèkaké sekabaté kang wititan. Mengkono uga Natanaèl ija ora kari.

Wong-wong sing paḍa kepranggul karo wong nenem sing paḍa lumaku bebarengan mau, mesṭi ora ana sing duwé panjana, jèn iku Sang Mesih kaḍèrèkaké sekabaté wong lima.

BAWAHAN MEMANTON ANA ING DÉSA KANAH

KATJARITA ing désa Kanah, ora adoh saka Nasarèt, ana bawahan memanton. Akèh wong désa kanan kéring paḍa djagong ing kono, mengkono uga Marjam, apadéné kang putra Jésus.

Nalika semono Gusti Jésus dalah sekabaté wong lima kebener ana ing tanah Galiléa, Gusti Jésus karo sekabaté paḍa diaturi pinarak ndjenengi bawahan mau.

Natanaèl wis tepung karo sing duwé gawé, djalaran asalé pantjèn saka ing désa Kanah.

Gusti Jésus ḍangan rawuh ana ing papaning karaméan, nggujubi kabungahané wong-wong sing lagi paḍa mangun, suka-pari-suka.

Wong sing duwé gawé ora kalebu golongané wong sugih, mulané pasugatan sing diwetokaké ora nganti mubra-mubru. Enggoné duwé gawé mung ngarah saperluné baé, malah kena diarani tjlimèn. Senadjan mengkono, kagawa saka enggoné arep nututi adat kalumrahan, bawahan mau enggeng-enggengan nganti pitung dina lawasé. Kotjapa bareng njanḍak pitung dinané, anggur seḍijan njugata tamu entèk babar pisan. Mangka wis akèh ḍajoh sing teka. Gèk keprijé polahé sing duwé gawé, saupama ḍajohé nganti ora disuguhi anggur? Mesṭiné wong-wong mau ora ana sing gelem njruwé, nanging mung mbatin: Wah, mesakaké temen! ....

Nanging sing djan memelas iku pangantèné! Iba tjuwa lan wirangé, déné ora bisa njugata tamuné! Nanging keprijé manèh, angguré wis entèk!

Marjam ija ngerti jèn wong sing duwé gawé ketjipuhan banget. Marga saka kamiwelasen, Marjam bandjur njeḍaki Gusti Jésus karo mbisiki: „Paḍa ora duwé anggur!”

Généja kok Marjam ngutjap mengkono? Apa karepe? ....

Marjam wis ngerti, jèn Gusti Jésus kersa mitulungi, seḍela baé karépotané wong-wong mau sirna. Wah saiba senengé, jèn Gusti Jésus saiki uga kersa nedahaké kaluwihané sing tanpa tanḍing, lan jèn Pandjenengané iku satemené kang djumeneng Nabi kang pinasṭi rawuh. Généja ta kok isih dienḍé-enḍé enggoné arep ngébaraké kamuljané? Marjam, kang ibu, rak ja wenang ta ngadjap-adjap sing mengkono iku?

„Paḍa ora duwé anggur!”

Nanging Gusti Jésus mangsuli: „Ibu, sampéjan tumut-tumut punapa ḍateng kula? Dèrèng dumugi waktu kula.”

Pantjèn njata, Marjam ora ngerti apa-apa sing gegajutan karo prakara kaswargan. Mung Gusti Allah pijambak kang pirsa, kapan waktuné Gusti Jésus miwiti nedahaké kamuljané marang djagad. Lah Marjam, bawané wong wadon sing mung abadan waḍag, mesṭi ora bisa nggajuh kekeran mau.

Éwasemono Marjam bandjur metu klawan lega atiné, lakuné terus menjang panggonané para sinoman.

Gusti Jésus mau ngandika: „Dèrèng dumugi waktu kula.” .... Pantjèn durung. Nanging sawajah-wajah rak bisa kelakon tekan waktuné. Mangka Marjam jakin, saupama Gusti Jésus kepareng mitulungi, mesți Pandjenengané kuwasa.

Marjam bandjur préntah marang para sinoman, kambi nudingi Gusti Jésus saka kadohan: „Apa saḍawuhé marang kowé, iku paḍa lakonana.

Sawisé iku Marjam bandjur ngentèni, kaja wong sing jakin, jèn kamuljané kang putra sedéla manèh bakal kebabar.

ING satjeḍaké pendapa ana genṭong watu waḍah banju nem idji geḍé-geḍé, seḍijan kanggo sesutji sadurung lan sawisé mangan, utawa kanggo asah-asah grabah lan bala petjah lijané.

Ora antara suwé saka prentahé Marjam, Gusti Jésus bandjur murugi sinoman sing duwé bubuhan ngisèni genṭong sarta ḍawuhé: „Genṭongé paḍa isènana banju.”

Ḍawuh mau tumuli diéstokaké, awit wis dipréntah Marjam mengkono, senadjan paḍa ora ngerti apa karepé préntah mau. Genṭong nem idji mau diisèni nganti kebak mentjep-mentjep.

Ing kono Gusti Jésus bandjur ngandika manèh: „Saiki tjiḍuken, gawanen katur marang pitajaning gawé.”

Bareng ngrungu ḍawuh mengkono iku, para sinoman mung ndomblong baé. Diḍawuhi keprijé? Njiḍuk banju, bandjur diaturaké marang, pramugarining bawahan? Kanggo apa? ....

Nanging para sinoman mau anané mung manut.

Nalika semono Gusti Jésus wis awor lenggah manèh karo para tamu.

Pramugari mau bareng ngitjipi banju, sing digawa sinoman, bandjur alok; „Lah généja iki isih ana anggur: Malah anggur énak, luwih betjik katimbang anggur sing wis dila-