Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

32

GUSTI JÉSUS WIWIT ANGSAL SEKABAT

***

Ḍawuh wangsulané Gusti Jésus: „Mara ndelenga!” Murid loro mau bandjur paḍa nḍèrèk tindaké Gusti Jésus lan sabatjuté tetep ana ing ngarsané, sarta nḍèrèk Gusti ing saparan-paran. Saiki Gusti djumeneng Guruné lan wong loro mau dadi sekabaté. Suwé-suwé para sekabat mau paḍa ngerti marang werdiné pirang-pirang prakara kang mauné dianggep kekeran lan paḍa sumujud sarta tresna marang Guruné klawan gumolonging atiné.

ANADÉNÉ Andréas duwé sedulur, djenengé Simon, djuru amèk iwak. Udjaré marang Simon: „Aku wis paḍa ketemu Sang Mesih, jaiku Sang Kristus!” Simon tumuli diirid menjang ngarsané Gusti Jésus.

Kabungahan sing semono geḍéné tumrap Andréas ora pisan-pisan arep dikakahi ḍéwé, nanging seduluré ija dikanḍani supaja mèlu ngrasakaké kabungahan.

Gusti Jésus tumuli mandeng marang Simon, Gusti mirsa samubarang, mulané ija mirsa nganti tekan telenging atiné wong. Pangandikané marang djuru amèk iwak mau: „Kowé iku Simon, anaké Junus; kowé bakal didjenengaké Pétrus.” Anèh banget patrapé Gusti Jésus enggoné mbagèkaké tjalon muridé. Nanging Gusti Jésus pantjèn wis pirsa marang Simon, jaiku wong sing atiné kebak katresnan, peṭel ing gawé, malah ing tembé sawisé marambah-rambah ngalami kalemesan, bakal dadi sekabaté Gusti kang mondjo ing kakuwatan lan kataberèn enggoné nindakaké ajahané lumados marang Gusti, lan wekasané bakal dadi abdining Pangéran sing kukuh bakuh apinḍa gunung karang, ngetrepi unining djenengé Pétrus, tegesé gunung karang.

NALIKA Gusti Jésus ngladjengaké tindak mengalor menjang ing laladan Galiléa, sing paḍa ndèrèkaké tindaké wong telu, jaiku: Jochanan lan Andréas karo seduluré: Simon Pétrus.

Ora antara suwé Gusti Jésus kepeṭuk wong saka ing Bètsaidah, negarané Andréas lan Pétrus, ing pinggiré segara Galiléa. Ḍawuhé marang wong mau tjekak aos: „Mèlua aku!”

Wong mau — djenengé Filippus — ora suwala, ora godjag-gadjeg lan ora njuwun priksa: „Wonten punapa?”, nanging bandjur nḍèrèkaké Gusti Jésus klawan seneng lan mantep. Filippus tetep dadi sekabaté Gusti. Saking, geḍéning kabungahané marga wis bisa wanuh karo Sang Mesih, Filippus bandjur énggal-énggal marani mitrané sing aran Natanaèl, perlu arep njritakaké kabungahaning atiné, tembungé: „Aku wis paḍa ketemu kang kasebutaké déning Musa sadjroning Torèt sarta déning para Nabi, ija iku Jésus putrané Jusup, saka ing Nasarèt.”

Wis mesṭi baé Natanaèl iya ngerti kajadéné Filippus, jèn Sang Mesih bakal rawuh, malah atiné tansah kebak pangarep-arep muga-muga énggala kelakon, nanging bareng ngrungu: „Putrané Jusup, saka ing Nasarèt!”, atiné mlenggong. Ah mokal, keprijé bisané mengkono? Mèh ora ketemu ing nalar jèn Sang Mesih iku pinangkané saka ing Nasarèt, désa tjilik. Mulané pangutjapé Natanaèl klawan gela lan mangu-mangu: „Ing Nasarèt apa metu kang betjik?” Nanging Filippus sing atiné mbludag kabungahan lan wis jakin temenan jèn sing dikanḍakaké iku mau njata, wangsulané mung tjekak: „Mara ndelenga!” Natanaèl mau bandjur ngetutaké mitrané, nanging atiné mung tansah melang-melang lan maido.

Gusti Jésus bareng mirsa Natanaèl marek ing ngarsané, bandjur ngandika mengkéné: „Lah iku wong Israèl saluguné kang ora kadunungan linjok!” Dadiné Gusti Jésus ija wis mirsa mungguh batiné Natanaèl, kajadéné ija mirsa batiné angger wong. Pandjenengané mirsa jèn Natanaèl iku wong burus, ora tau lelamisan, blaka-suta lan djudjur. Nanging Natanaèl anané mung sumlengeren, djalaran wong sing ditjritakaké Filippus marang ḍéwèké iku mau rak durung tau srawungan, keprijé bisané ngandikakaké jèn „ora kadunungen linjok utawa goroh”? Mulané Natanaèl bandjur mundjuk: „Tuwan wanuh ḍateng kawula saking pundi?” Enggoné mundjuk mengkono mau klawan gumun, nanging saja munḍak gumuné, bareng dipangandikani: „Sadurungé kowé diadjak déning Filippus, Aku weruh kowé ana ing sangisoré wit andjir.” Pangandika sing nggumunaké mau ndjalari Natanaèl mung tansah njawang marang Sang Pamarta klawan pakéring, awit pantjèn kepara njata, Natanaèl nalika diparani mitrané lagi linggih ana ing sangisoré wit andjir kambi ndedonga. Nanging panggonané mau adoh saka ing kono. Éwadéné Gusti Jésus bisa mirsa lan ènget marang ḍéwèké.

Ing sanalika sirna sakèhing was sumelang, lan sakèhing pamaido larud saka ing atiné. Gusti Jésus sanjata dudu manusa lumrah kaja manusa lija-lijané. Pandjenengané ngungkuli, ngondjoni .... Klawan bungah Natanaèl bandjur mundjuk, aturé: „Duh Rabbi, Tuwan punika Putranipun Allah, Tuwan punika Ratunipun Israèl.”

Tekané Natanaèl ing mauné nggawa gagasan arep ketemu karo putrané Jusup kaja sing dikandakaké Filippus, nanging saiki djebul malah ketemu karo Putrané Allah.

Gusti Jésus bandjur mangsuli, pangandikané: „Sarèhné aku tutur ing kowé: Aku weruh ing kowé ana sangisoring wit andjir, mulané kowé pratjaja, nanging kowé, bakal weruh lelakon kang luwih élok katimbang karo iku.”