Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/29

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki durung katitiwaca
 ,, RABBI, PAKÈNDELAN TUWAN WONTEN ING PUNDI?

ndadèkaké bungahing atine. Jochanan ban- djur njawang wong-wong sing pada ngadeg ing sakiwa-tengené, wong-wong burus ing ati, setya-tuhu, sing tansah ngetutaké Jochanan lan sing, wis pada ngakoni dosané sarta kabap- tis, sing wis pada mandjing dadi muride utawa dadi sekabaté. Bareng weruh Gusti Jésus, Jochanan babar pisan ora duwé gaga- san: ,,Supaja aku tetep dadi guruné, aku kudu luwih prajitna, murid-muridku “adja nganti pada ninggal aku lan ngetut-buri Jésus!” Ora, — malah Jochanan bandjur nudingi Gusti Jésus sarta klawan bungah ngandikani murid-muridé: ,,Lah iku Tjempéné Allah kang ngrembat nglungakaké dosané djagad!” Pantjèn kaja mengkono iku njatané. Dudu Jochanan Pambaptis kang bisa ngapura dosa; Jochanan mung bisa ngrungokaké jèn wong- wong pada ngakoni dosané, sawisé iku bandjur mbaptisi wong-wong mau, — nanging Gusti Jésus, sing lagi mentas rawuh iku, jaiku kang djumeneng Panebus. Pandjenengané iku kang djumeneng Putrané Allah, rawuhé ing djagad perlu arep ngrembat dosané manusa kabèh. Kaja patrapé tjempé enggoné kasembelèh, bandjur kagawé kurban ana ing mesbèh ing padaleman sutji, temah njangga sakèhing paukuman kang beneré kudu kaetrapaké ma- rang manusa kang pada nandang dosa, ija kaja mengkono rawuhé Gusti Jésus menjang djagad perlu ngrembat dosaning djagad,

Pangangen-angené Jochanan ora lija mung mengkéné: ,,Dudu aku kang bisa mitulungi kowé, nanging Pandjenengané! Aku pada ko- Jalèkna, bandjur ndèrèka Pandjenengané, pada ngrungokna pangandikané lan njaosna katres- nan marang Pandjenengané, Pandjenengané iku pinasti saja mindak, aku iki saja suda.”

LAH iku Tjempéné Allah!” Ana muridé Jochanan loro, bareng ngrungu guruné ngandika mengkono iku, bandjur ndèrèkaké tindaké Gusti Jésus. Murid kang sidji djenengé ija Jochanan, lan sidjiné Andréas. Wong loro mau panggaweané amèk iwak lan asalésaka ing laladané segara Galiléa, Bareng Gusti Jêésus pirsa jèn tindaké ana sing ndèrèkaké, tumuli minger ningali wong loro mau, sarta ngandika: ,,Kowépada golèk apa?” Undjuké;,,Rabbi— tegesé : Guru—, pakèndelan Tuwan wonten ing pundi?” Undjuké sing kelair sadjaké mung prakara sepélé, nanging sedjatiné isih luwih akèh lan wigati sing arep disuwunaké priksa, saupama kelaira arep mundjuk,mengkéné: ,,Rabbi, kula mugi sami Tuwan wulang, inggih mugi Tuwan pangan- dikani bab kekeran warni-warni ingkang kula boten sami mangertos kateranganipun. Ma- nah kula sami ketir-ketir lan was sumelang déning agenging dosa kula. Duh, Rabbi, mugi kula sami Tuwan paringi manah ajem lan tentrem!”