30 GUSTI JÊÉSUS WIWIT ANGSAL SEKABAT
njang Jerusalèm, kadjumenengaké ana ing duwur pajoné padaleman sutji, bandjur mun- djuk mengkéné: ,,Menawi Sampéjan Putrani- pun Allah. suwawi Sampéjan andjlog dumugi ing ngandap, awit wonten seratan mekaten; Pangéran bakal ndawuhi para malaékaté, ing ngatasé Sira, sarta Sira bakal ditadahi ing ta- ngané, supaja sikilira adja nganti kesandung ing watu.” Undjuké Iblis mau pantjèn kepara njata. Saupama Gusti Jésus dawah wis mesti baé para malaékat sumadija nadahi ana ing ta- ngané, temah sampéjané ora nganti kesandung ing watu. Lan wong-wong sing pada weruh Gusti Jésus andjlog saka ing duwur pajon, ora babak ora busik, mesti bakal pada éring marang Pandjenengané. Nanging Gusti Jêsus pirsa marang paékané Iblis. Gusti Allah ora marengaké manusa nemaha marang katjila- kan, tanpa ana perluné. Kang mengkono iku kena diarani njoba apa Gusti Allah kersa mitulungi. Mulané sereng pangandikané Gusti Jésus marang Iblis: ,,Ana manèh tulisan meng- kéné: Sira adja njoba marang” Pangéran Allahira.” Dawuh kang tansah dipundi-pundi déning Gusti Jésus iku ora ana sing ngluwihi dawuh: nindakaké kersané Sang Rama lan manut miturut ing samubarang prakara, kaja patrapé botjah tjilik, pasrah suméndé kanti kumandel.Iblis dadiné njingkir manèh kambi ngedumel; ,,Gagal manèh!”
IBLIS isih bali manèh marek ing ngarsané Gusti Jésus. Saiki Iblis nganggo gelar anjar. Gusti Jésus_ disambut manèh minggah ing gunung kang luwih banget duwuré, bandjur diaturi ningali sakèhé kraton ing sadjagad lan sakamuljané kabèh. Pasang gelaré Iblis saiki nélakaké kadjuli- gané. Pantjèn Iblis iku kuwasa, nguwasani sakèhé manusa, nanging mung Manusa sidji iki sing ora tunduk marang panguwasané. Jèn Manusa sidji iki bisa kelakon sudjud djèng- kèng ana ing ngarepé, Iblis mesti tetep dadi ratu lan gusti. Nanging Sidji iki semuné mban- dakalani, Iblis wis ngrasa kuwatir .... Na- nging pasang gelaré saiki mesti bisa ngentasi gawé. Gusti Jésus ditedahi sakèhing kamuljan lan kaéndahaning_ djagad, ing kono undjuké Iblis klawan tetembungan manohara lan anor- raga: ,,Punika sedaja badé kula sukakaken dateng Sampéjan, anggeripun Sampéjan su- mungkem sudjud dateng kula.” Wah, begdja kemajangan, ngantuk nemu ketuk! Rak aluwung nampani kamuljan lan kasugihan iki katimbang karo nandang sang- sara sing dadi gegadangané!
Éwadéné — Gusti Jésus ngandika klawan duka: ,,Wis lungaa Sétan! Sebab ana tulisan mengkéné; Pangéran Allahira sira sembaha lan adja ngabekti marang lijané.” Kaja kataman ing sembur déning dawuh pangandikané Gusti Jésus, Iblis bandjur mak slingker sumingkir ngadoh .... Ora kendat-kendat enggoné kedumelan kla- wan ngigit-igit: ,,Gagal! Nganti ping telu, meksa gagal! Aku asor, nanging Pandjene- ngané unggul!”
GUSTI Jésus kari anggana. Lah ing kono bandjur ana malaékat pada marek sarta ngladosi Pandjenengané. Temen-temen Sang Pamarta nindakaké apa kang dadi kersané Sang Rama, temah Pan- djenengané bisa unggul ing djurit!
GUSTI JÊÉSUS WIWIT ANGSAL SEKABAT
SAIKU wis tumeka wajahé Gusti Jésus ngembuli wong golongan, marga kadereng déning gedéning sihé lan kabereg déning Roh Sutji. Sawisé njepi ana ing pasamunan patang puluh dina lawasé, Gusti Jésus bandjur lelédang ana ing tengahing djagad karaméan. Keprijé lekasé Gusti Jésus sing wiwitan? Apa Gusti bandjur wiwit sowan menjang ing dalemé Imam agung sarta manggihi para imam lan ahli kitab apadéné para panggedé ing Jerusalèm, perlu arep nepangaké jèn Pandjenengané djumeneng Sang Mesih kang dadi panganti-antiné sabangsa kabèh? .... Ora! Apa Gusti miwiti nindakaké kaélokan murih kaweruhana ing wong akèh utawa ngêbaraké kasektèn lan kaluwihan nganti wong akèh pada tjingak kambi ngutjap: Lah iku Sang Oral! Iku mau kabèh ora ditindakaké déning Gusti Jésus! Purugé Gusti Jésus menjang ing laladané kali Jardèn, menjang panggonané Jochanan Pam- baptis, nggelaraké piwulangé. Ana jng kono, saka ing antarané wong golongan, Gusti Jésus wiwit angsal sekabat. Kang pada dadi sekabaté iku dudu wong panunggalané para ulama, utawa para pa- nguwasa utawa para luhur. Sing dipilih djebul mung panunggalané wong amèk iwak, sing pinangkané saka Galiléa medun menjang Ing kali Jardèn perlu arep ngrungokaké piwu- langé Jochanan Pambaptis, supaja pada olèha wedjangan murih karahajoning uripé. '
Nalika semono Jochanan ija weruh Gusti Jésus tindak ana ing antarané wong akèh, iku