Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

28

GUSTI JÉSUS LAN IBLIS

***

samangsa ratu arep rawuh, mesṭi ana tjetjala kang lumaku nḍisiki tindaké ratuné, perlu ngrata dalan kang bakal diambah. mbukak dalan nratas alas. utawa rawa-rawa, ngunggahi gunung utawa ngeḍuni djurang lan ngliwati kali. Dalan sing ménggak-ménggok lan menḍak menḍukul kudu digawé lempeng lan rata .... Lah kaja mengkono iku perluné Jochanan rawuh, rawuhé luwih ḍisik kaḍawuhan njawisaké dalan, dadi tjetjala, nḍisiki rawuhé Sang Mesih, mulané pangandikané Jochanan ngumandang seru: „Paḍa njawisna margi ambah-ambahané Pangéran! Sang Prabu tumuli rawuh!” ....

Nanging mung seṭiṭik sing ngerti, jèn enggone paḍa kudu mbagèkaké rawuhé Sang Prabu samangsa rawuh, iku kudu nganggo ati kang lembah lan anḍap-asor, nelangsa lan mbangun-turut. Lan manèh rawuhé Sang Prabu ora bakal ngagem kaluhuran lan kamuljan, apadéné kratoné iku dudu kraton kadonjan.

„Paḍa mratobata, marga kratoné swarga wus tjeḍak!” kaja mengkono enggoné Jochanan saben-saben miwiti wulangané. Éman, ora akèh sing paḍa ngerti, jèn nabi anjar mau nggelaraké wulangan bab pangapuraning dosa lan bab katentremaning ati, kang bakal diparingaké déning Sang Mesih marang angger wong kang pratjaja marang Pandjenengané.

KATJARITA, ing nalika Jochanan lagi memulang lan mbaptisi wong, ana Prija njelaki Jochanan. Sadjaké durung ana wong sing wanuh marang Prija mau, mulané ija ora ana sing nggatèkaké.

Nanging nalika Jochanan maspadakaké Prija mau, banget ngungun galihé, saja manèh bareng Prija mau nglairaké kersané supaja kabaptisa. Jochanan ora uwis-uwis enggoné ngungun, awit prakara mau dianggep nglengkara kelakoné. Jochanan ketara banget enggoné hurmat lan éring marang Prija mau; apa saiki Jochanan kelakon mbaptis Pandjenengané kaja déné enggoné wis mbaptisi wong-wong lijané? Jochanan mopo ngleksanani pamunḍuté Prija mau. Undjuké marang Prija mau: „Kawula ingkang perlu Tuwan baptis, mangka Tuwan teka murugi ing kawula?” Nanging Prija mau puguh, pamunḍuté kudu dileksanani. Ing kono Jochanan tumuli sumarah.

Prija mau bandjur diaturi meḍak ing kali Jardèn, nganti kelakon slulup ing banju .... Sawisé kabaptis, bandjur mentas saka ing banju. Nalika semono tumuli ana prakara sing banget ngéram-éramaké: swarga katon kabuka, sarta Rohé Allah tumeḍak pinḍa manuk dara, neḍaki sarirané Sang Prija mau. Ing kono bandjur ana swara saka ing swarga, ija pangandikané Allah pijambak: „Iku Putraningsun, kekasihingsun, kang sinelir ana ing ngarsaningsun.”

Jochanan banget ing pangunguné, nanging atiné ngrasakaké kabungahan kang tanpa upama geḍéné. Saiki wis jakin jèn Prija iku mau Jésus, Putrané Allah, Sang Mesih, Ratu kang pinasți rawuh! Saiki wis rawuh, malah djumeneng ana ing kali Jardèn! Lèdjeming polatané Jochanan nélakaké kabungahan kang saka ing swarga pinangkané. Nanging Gusti Jésus ora terus amor karo wong akèh ing kono, amarga durung tekan wantjiné! Kaja déné rawuhé ing kono mau tanpa sabawa, mengkono uga enggoné késah ija tanpa sabawa.

Jochanan ija maspadakaké tindaké Gusti Jésus nganti ora kasatmripat, kaaling-alingan ing pepunṭuk, ana ing pasamunan, panggonan kang sepi.

SAIKI wis kelakon Sang Mesih uga kabaptis, ora béda karo wong-wong lijané. Sadjatiné iku prakara kang anèh! Apa ta sebabé? Pandjenengané iku Putrané Allah, rak mesṭi tanpa dosa! .... Jèn wong lijané mèmper baé mbutuhaké baptis, kanggo mratanḍani enggoné wis kakumbah resik utawa kasutjèkaké saka ing dosané. Bareng Pandjenengané, Kang Maha Sutji, rak mesṭi sutji ta?

Ewadéné Gusti Jésus ngersakaké kang mengkono mau. Ing samubarang prakara Pandjenengané kersa ngasoraké sarira. Wong-wong enggoné paḍa sowan marang ngarsané Allah klawan isin lan wedi, perlu njuwun sih palimirma, kaja patrapé durdjana jèn sowan marang ngarsané ratuné njuwun pangapura. Lah kaja mengkono uga Gusti Jésus ija ngersakaké disamèkaké karo pura durdjana. Mulané ḍawuhé marang Jochanan: „Wis ta nuruta!”

Rawuhé Putrané Allah marang djagad perlu ngrembat sakèhing dosa,lan sakèhing pialané manusa. Lan wekasané bakal séda sinalib, sinangsara lan kapidana ngèmperi durdjana.

Saiki, sawisé lelakon iku mau, Pandjenengané tindak murugi ing pasamunan. Ana ing panggonan sing sepi Pandjenengané arep ndedonga, supaja bisa tetunggilan karo Sang Rama kang ana ing swarga.

Anadéné Jochanan adjeg enggoné tansah memulang lan mbaptisi. Atiné saiki kebak kabungahan, lan swarané saiki ngumandang luwih sora: „Paḍa mratobata, mratobata! Sang Mesih sanjata wis rawuh!”

GUSTI JÉSUS LAN IBLIS

ANA ing pasamunan sepi njenjet, ora ana sabawaning djanma manusa. Mung kaḍang-