Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

JOCHANAN PAMBABTIS

27

saben wit kang ora metokaké woh kang betjik, iku kategor lan katjemplungaké ing geni!”

„Mratobata? Selak mokal!” mengkono panjanané wong akèh.” Apa aku paḍa tukang gawé piala? Samangsa Sang Mesih rawuh, Ratu kang wis diprasetyakaké, aku mesṭi paḍa saguh nglawan bangsa Rum. Nanging apa gunané paḍa keduwung lan mratobat? .... Apa ta sebabé? .... Apa ta karepé?

Nanging ana uga wong kang paḍa njanḍak pangandikané nabi Jochanan. Sing paḍa ngerti, mung paḍa tumungkul awit saka rumangsaning atiné. Wong-wong mau paḍa ora sélak, jèn pantjèn paḍa dosa lan jèn pantjèn kerep gawé trenjuhing galihé Pangéran marga saka pialané. Osiking atiné mengkéné: „Saupama aku paḍa dadi wit-witan kang paḍa ora metokaké woh kang betjik, wis mesṭi aku paḍa ditegor lan katjemplungaké ing geni.” Mulané bandjur paḍa njuwun priksa marang nabi Jochanan: „Kula sami kédah nglampahi punapa?”

Jochanan mirsani wong-wong mau, ana kang sugih, ana kang mlarat, kang anḍap-asor lan kang ambek sumakéjan. Jochanan ija pirsa sapa-sapa ing antarané wong golongan iku sing angkara-murka, ora tau ngélingi sapaḍa-paḍané.

Wong-wong mau paḍa diḍawuhi mengkéné: „Sapa kang duwé kotang loro, mènèhana kang ora duwé, kang duwé pangan, ija kaja mengkono uga.” .... Pangandika kang mengkono mau ngemu rasa mengkéné: „Paḍa tresnaa marang sapepaḍanira, lan wong miskin iku paḍa pandumana saka kalubèrané barang darbèkmu.”

ANA uga djuru mupu béja sing paḍa sowan. Wong mau ija kalebu bangsa Jahudi, nanging paḍa ngawula marang bangsa Rum. Wong-wong mau paḍa njaosaké ḍuwit marang para kang njekel pangawasa, sumurup tebasaning ḍuwit padjeg, mulané wong-wong mau paḍa diwenangaké mupu béja utawa padjeg saka kawula tunggal bangsané ḍéwé. Mangka adaté padjegé mau bandjur diunḍakaké tikel tekuk. Mulané para djuru mupu béja mau digeṭingi lan dianggep asor budiné déning bangsané. Udjaré wong akèh: „Djura mupu béja iku ora béda karo maling lan buḍaké bangsa Rum. Wis ora pantes jèn disebuta wong Israèl.”

Éwadéné djuru mupu béja mau ija paḍa sowan ing ngarsané Jochanan. Klawan isin lan wedi paḍa matur: „Guru, kula sami kedah nglampahi punapa?” Wangsulané Jochanan: „Adja paḍa mupu luwih saka kang kapantjèkaké marang kowé.” Jochanan wis pirsa, apa dosané wong-wong mau sing geḍe ḍéwé.

Para pradjurit ija ana kang paḍa matur pitakon: „Menggah kula, kula kedah sami nglampahi punapa?” Jochanan ija ora kekilapan mungguh ing kaanané para pradjurit Rum mau, enggoné paḍa seneng nganiaja lan ndjarah rajah. Wong-wong mau paḍa diḍawuhi mengkéné: „Adju ngrubedi utawa nggegiri wong, nrimaa ing blandjamu.

Tanpa wilangan tjatjahé sing paḍa sowan. Mangka wong-wong mau paḍa dipangandikani bab geḍéning dosané, lan kabèh paḍa diḍawuhi: „Mratobata!”

Lan sapa sing keduwung lan njumurupi déwé bab dosané, apadéné sumedja ngabekti lan tresna marang Allah, bandjur paḍa dibaptisi déning Jochanan. Gusti Allah pijambak kang ngosikaké atiné wong-wong mau, temah nganti paḍa bisa mratobat. Pantjèn geḍé sih kadarmané Allah marang wong dosa, sepira-piraa geḍéning dosané manusa, Gusti Allah isih kagungan pangapura.

NANGING——bareng sing paḍa sowan iku golongané para Farisi, jaiku wong-wong Jahudi sing awatak angkuh lan gumeriḍung, sing tekané mrono mung kagawa saka enggoné kepéngin weruh nabi anjar, lan gémbolaning atiné saupama ditembungaké, udjaré mengkéné: „Aku iki rak isih paḍa teḍak-turuné Abraham, aku paḍa wong betjik, lan nglakoni kabèh sing kasebut ing angger-anggeré Musa, ora ana sing keliwatan sidji-sidjia, malah saḍuwuré iku. Apa perluné aku paḍa dikon mratobat?” .... lan nalika ing kono ija katon ana golongané para Saduki, jaiku wong-wong sing wataké ora perdulèn, ketara saka èntjeping lambéné, — ing kono Jochanan bandjur muntab dukané, lan sereng pangandikané: „Èh tetesaning ula beḍuḍak! .. Jochanan wis pirsa lamising kamursidané, gumenḍunging atiné lan wataké sing ora perdulèn, mangka Jochanan ija pirsa, jèn iku mau mung dadi pangéwan-éwan ana ing ngarsané Gusti Allah.

DJEDJEL rijel wong kang paḍa sowan marang ing ngarsané Jochanan; ana sing paḍa bisik-bisik rerasanan, bokmenawa Jochanan iku Kristus, ija Sang Mesih Pijambak.

Nanging bareng Jochanan miḍanget rerasanan mengkono mau, bandjur wiwit manèh nggelaraké bab kawontenané Ratu kang bakal rawuh, pangandikané: „Ora, dudu aku kang kasebut Sang Kristus, nanging kang rawuhé anungka aku iku kuwasané ngungkuli aku, jaiku kang djumeneng Sang Mesih. Aku? .... bok ngutjuli djangeting trumpahé baé aku ora patut. Pandjenengané iku Mahaluhur lan Mahasutji. Aku? .... tekaku mung nglantaraké pawarta mau marang kowé.”

Sing akèh-akèh wong-wong mau wis paḍa ngerti, jèn wis dadi adat lan kalumrahan,