Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

GUSTI JÉSUS JUSWA ROLAS TAUN KASOWANAKÉ ING PADALEMAN SUTJI

23

Jusup lan Marjam dadi kuwatir banget. Lah gèk ana ing ngendi putrané? Mangka seḍéla engkas srengéngéné wis surup, lan kafilah mau ora lèrèn nggolèki botjah ketriwal, saja manèh mung botjah saka désa Nasarèt, mesṭi ora digapé.

Bareng wis tita jèn putrané ora katut ana ing kafilah kono, Jusup lan Marjam tjengkélak bali menjang Jerusalèm; atiné ngandut samar lan sumelang. Wajahé wis bengi. Dalané peteng tur adoh lan ora sepi ing bebaja. Wong loro mau mung tansah nutuh awaké ḍéwé, déné kurang waspada enggoné paḍa ngulataké putrané. Iku babar pisan dudu luputé Jésus, wiwit timur mula ora tau duwé kenakalan, anané mung tansah manut miturut marang wong tuwané. Jusup lan Marjam tjeṭa jèn luput, djalaran sadurungé buḍal saka Jerusalèm kuduné rak wis ngerti, jèn putrané durung mèlu ngumpul ana ing tjeḍaké gapura. Lah saiki bandjur keprijé?

Lah jèn botjahé ketjilakan ana ing dalan, utawa kesasar, utawa katut kafilah lijané, bandjur keprijé? Lah jèn botjahé ngantia kepeṭuk karo kéwan galak, bandjur ....! Dalané sepi njenjet tur ora aman. Jusup lan Marjam mung tansah ketir-ketir atiné .... Lakuné diterusaké, nganti tekan Jerusalèm, nanging ana ing dalan ora kepeṭuk karo putrané. Sawengi natas enggoné nggolèki ora nganti lèrèn, ésuké kuṭa Jerusalèm diubres saka lor mengidul, saka wétan mengulon, saben wong ditakoni, saben omah dileboni, nanging putrané ora ketemu. Kaja mengkono mau enggoné paḍa nggolèki putrané rong dina rong bengi. Saben panggonan kang diampiri, diparani manèh karo takon-takon marang sapa baé sing diwanuhi. O, bok ja ana sing weruh utawa awèh weruh bab putrane! .... Nanging Jusup lan Marjam meksa durung ketemu karo putrané.

Bareng telung dinané, Jusup lan Marjam wis tekan ing padaleman sutji. Ora ketemu ing nalar, jèn putrané isih ana ing kono, Jusup lan Marjam durung nganti nggolèki ana ing djero padaleman sutji. Gèk apa perluné botjah tjilik kajadéné putrané mlebu ing padaleman sutji, panggonané wong tuwa-tuwa lan para ahli kitab? Ah, mesṭi putrané ora ana ing kono. Nanging supaja adja ketanggungan enggoné kangèlan lan supaja lega atiné, Jusup lan Marjam ija bandjur mlebu ing padaleman sutji. Enggoné nggolèki wis mèh kemput, ing palataran, bandjur ing kamar-kamar turut èmpèran, bandjur .... wekasané tekan ing kamar panggonané para ulama lan para ahli kitab.

Lah kaé ....!

Dumadakan Marjam bandjur madju ngesuk, sing dadi golèkan saiki wis ketemu.

Putrané tinemu lingguh ing tengah-tengahé para ulama lan ahli kitab. Marjam ora ngrungu sowal-djawabé para ahli mau karo putrané sing lagi umur rolas taun, ija ora ngingetaké ulaté wong-wong tuwa mau sing pada kagum njawang putrané sing senadjan isih botjah, wis kadunungan kawitjaksanan sing ngéram-éramaké, ketitik saka enggoné nakokaké prakara warna-warna sing tumrapé para ahli mau isih awudjud kekeran .... Kabèh mau sing sarwa élok lan aèng ora dirèwès, ora taha-taha putrané bandjur dirangkul sarta diarasi kambi nangis; mbrebel wetuning eluhé, nanging eluhing kabungahan, djalaran putrané sing dinjana ilang, wis ketemu manèh!

Udjaré Marjam: „Enggèr, jagéné kowé teka mengkono marang aku? Lah bapakmu karo aku paḍa nggolèki kowé karo was-was.” Marjam pantjèn wis ngerti, jèn putrané enggoné tumindak mengkono mau ora kagawa saka pamurangsaraké.

Aturé Jésus marang rama ibuné: „Kadospundi déné sampéjan ngantos sami ngupadosi kula, sampéjan punapa boten sumerep bilih kula kuwadjiban wonten ing dalemipun Rama kula?”, kambi njawang ibuné klawan welas asih, ésṭané kaja arep ngélingaké: „Bu, punapa ibu sampun kesupèn bilih Gusti Allah punika sadjatosipun Rama kula? O, ibu, taksih wonten pinten-pinten prakawis malih ingkang ndjalari trenjuhing galihipun ibu, margi saking anggèn kula kedah ngéstokaken kersanipun Rama kula.”

Para ahli kitab mau mung paḍa kedjuḍegan. Kerep baé ana botjah lan wong nonoman paḍa meguru mrono, nanging durung tau mrangguli botjah sing kalantipan lan wangsulané ngèmperi Jésus. Apa tumon ana botjah sing lagi semono umuré wis duwé kalantipan ngungkuli para ahli? Mangka saiki, keprijé wangsulané marang ibuné? Djaréné duwé kuwadjiban ana ing padaleman sutji, ana ing dalemé Ramané? Sapa ta Ramané botjah iku? Lan apa ta kuwadjibané? Para ahli kitab mau mung paḍa gèḍèg-gèḍèg, awit pada ora njanḍak eliding pangandikané iku mau.

Lan Jusup lan Marjam? Paḍa ḍéné enggoné ora njanḍak, senadjan sakaroné wis paḍa ngerti sapa sing djumeneng Ramané, nanging ija durung ngerti Jésus mau ing tembé bakal dadi apa utawa bakal nindakaké apa ing sadjeroning sugengé.

SAWISE mengkono Jusup lan Marjam bandjur mulih menjang Nasarèt, lan Jésus tumuli tumut kang rama lan kang ibu, tansah sumujud ing wong tuwané. Jésus saja minḍak-minḍak agengé, lan saja wuwuh olèh sihé para mitrạ karuhé. Pagawéané saben dina mbijantu pagawéané wong tuwané, lan bok-