Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/185

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

TINDAKÉ RASUL PAUL KANG KAPISAN NGGELARAKÉ INDJIL

185

masdjid mau enggoné Saul lan rowangé arep nggelaraké pangandikané Allah kang kawitan lan tumudju marang wong Jahudi.

Sawisé paḍa ndjadjah pulo mau, wekasané tekan ing kuṭa Pafos, kuṭa-kradjané pulo Kipros lan padunungane bupati Rum. Sing djumeneng bupati nalika semono Sèrgius Paul, wong sing limpad ing budi, nimbali Barnabas lan Saul, kepéngin mijarsakaké pangandikané Allah. Djagad dalah kamuktèn lan kawibawané kabèh ora bisa gawé marem lan tentreming galihé. Bokmenawa wong sing nggelaraké wulangan anjar iki bisa tuduh dalaning katentreman.

Bareng Saul wiwit nggelaraké piwulang, bupati mau mijarsakaké klawan mindeng ....

NANGING kotjapa ― ing dalem kabupaten kono ija ana wong Jahudi sing ngaku-aku nabi lan dadi djuru sichir, djenengé Élimas, klebu pangiringé bupati Sèrgius Paul sing katengen ḍéwé marga saka pinteré enggoné ngapus-krama. Bareng weruh Saul meḍar sabda ana ing ngarsané bupati, temah ing semu kèlu marang rembagé Saul, Élimas bandjur panas atiné. Sapa ta wong iki déné kok tjumanṭaka ngaturi rembag marang bupati. Jèn bupati Sèrgius Paul nganti nḍahar aturé wong anjar iki, ora betjik kadadéjané tumrapé Élimas, awit ing sabandjuré sing bakal digega rembagé Saul, lan Élimas bakal kesingkur.

Ing kono Élimas wiwit madoni rembugé Saul, pangarahé ngèngetaké sang bupati supaja adja nganti pitados marang Jésus Nasarani sing lagi diaturaké Saul.

Nanging Saul — kang uga nama Paul — kapenuhan ing Roh Sutji, bandjur mantjerengi marang Élimas sarta ngandika: „Èh, anake Iblis, .... jagéné kowé wani ngajoni Rohé Pangéran? .... Lah kang iku samengko kowé kena ing astané Pangéran, temah dadi pitjak, nganti ora ndeleng srengéngé sawetara mangsa!” Sanalika Élimas mau kesaput ing peteng limengan, temah ora bisa weruh apa-apa; tangané gagap-gagap golèk wong sing gelem nuntun metu saka ing kono ....

Bupati Sèrgius Paul njipati pijambak enggoné Élimas sing djaréné duwé ngèlmu lan kasektèn, ora bisa mangga pulih nalika katempuh ing astané Pangéran. Sang bupati saiki pirsa jèn Élimas iku wong tjulika lan kabèh aturé iku goroh, nanging ija wis neksèni pijambak jèn aturé Saul iku mawa daja lan prabawa kang élok, temahan pitados marang Gusti Jésus.

KATJARITA sawisé lelakon iku mau Paul sakanṭiné bandjur mantjal saka ing Pafos menjang ing Pergé, kuṭa ing tanah Asian-tjilik. Saka ing kono Paul lan Barnabas mbatjutaké tindake ndladjahi tanah pagunungan, nanging Jochanan pamitan mulih menjang ing Jerusalèm ....

Tindaké Paul lan Barnabas nglangkungi dalan sing rumpil-rumpil, munggah ing gunung, tumurun ing djurang, ora ngètung sajah lan pakéwuh ing dalan.

Kuṭa-kuṭa sing diampiri kajata: Antiochi, Ikoni, Listra, lan Derbé. Ing saenggon-enggon Paul lan Barnabas ora lèrèn-lèrèn enggoné memulang marang wong Jahudi lan uga marang wong kapir bab geḍéning katresnané Allah marang manusa, nanging ija mratelakaké bab paukumané Allah marang saḍéngah wong sing ora gelem pratjaja marang Gusti Jésus. Lumrahé wong Jahudi paḍa mangkotaké atiné lan ora pratjaja marang Gusti Jésus. Kosokbaliné wong kapir paḍa nggatèkaké marang piwulangé Paul lan Barnabas, lan akèh sing paḍa mandjing pratjaja, temahan paḍa kabaptis.

Nanging suwé-suwé wong Jahudi paḍa panas atiné lan paḍa nglawan marang Paul lan Barnabas. Saka wewengkon Antiochi Paul lan Barnabas ditunḍung, lan iku kelakoné marga saka pangodjok-odjoké wong Jahudi, supaja paḍa nguja-uja marang wong loro mau .... Ing kuṭa Ikoni Paul lan Barnabas mèh baé dibenturi watu .... djalaran Paul wani mulangaké wulangan anjar sing durung dirungu déning para pangarepé wong Jahudi sing misuwur kapinterané lan kamursidané!

Lan ana ing kuṭa Listra .... ana ing kono Paul lan Barnabas luwih banget enggoné nanḍang panganiajané mungsuh. Mula bukané mengkéné: ing Listra kono ana wong lumpuh lair mula. Saben dina nḍéprok satjeḍaké gapuraning kuṭa, ora adoh saka panggonané Paul memulang. Sasuwéné Paul memulang, wong lumpuh mau tansah nilingaké pangandikane Paul, lan suwé-suwé wong mau duwé pangandel. Saben Paul ningali wong lumpuh mau, mesṭi rentah welase. Ing sadjroning galih ija rumangsa begdja, déné saiki bisa nedahaké marang wong akeh sepira geḍéning pangwasa lan katresnané Allah .... Paul pirsa jèn wong mau wis kadunungan pangandel, bandjur diḍawuhi: „Ngadega djedjeg!” Wongé tumuli ndjumbul ngadeg sarta mlaku-mlaku. Wong-wong bareng weruh pandamelé Paul mau, bandjur surak gumuruh lan paḍa nguwuh-uwuh nganggo tembung sing Paul ora ngerti, udjaré: „Wong loro iki dudu manusa lumrah, nanging déwa sing minḍa manusa neḍaki kita saka ing kajangan!” Barnabas sing ora akèh pangandikané, diarani Jupiter, déné Paul diarani Merkur, awit akèh enggoné ngandika. Mangka ing ngarepané sekèṭèngé negara ana kabujutan kanggo déwa Jupiter; bareng pangulu ing kabujutan mau ngrungu jèn Jupiter ngédja-wantah ing kuṭa