Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/184

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

184

TINDAKÉ RASUL PAUL KANG KAPISAN NGGELARAKÉ INDJIL

***

GUSTI Allah mirsa samubarang lan nguningani samubarang, ija sing betjik, ija sing ala .... Éwasemono sapa sing ngungsi marang Pandjenengané samangsa katempuh ing pakéwuh, ora énggal-énggal kaparingan pitulungan lan dosa ija ora tumuli kaḍawahan paukuman. Ora tumuli! Nanging Gusti Allah ora naté njupèkake titahé sidji-sidjia, ija sing betjik, ija sing ala. Gusti Allah nguningani seḍenging mangsa.

TINDAKÉ RASUL PAUL KANG KAPISAN NGGELARAKÉ INDJIL

KATJARITA ing sawidjining dina ana prau lajar lelajaran ing tengah segara, kombak-kombul katut ing aluning banju; lajaré kumrebet katempuh ing angin, temah ladju lakuné prau mau, diréwangi para pambelah sing paḍa njolahaké welahé ....

Prau mau momot barang dagangan warna-warna kawaḍahan ing karung lan peṭi geḍé-tjilik. Kedjaba para pambelah lan sing paḍa nglakokaké prau, ana wong-wong lijané sing mèlu lelajaran, kajata: sudagar sing paḍa nggawa barang dagangané. Ing antarané wong-wong mau isih ana wong Jahudi telu sing ora nggawa barang dagangan kaja lija-lijané. Wong telu mau katon anteng lan ulem, pasadja lan anḍap-asor solah-tingkahe. Nanging wong telu malah nggawa banḍa sing ora katon, nanging sing adjiné ngungkuli sakèhing radjabrana kadonjan.

Sing tansah digagas lan digunem para sudagar ora lija mung bab bebaṭen sing arep dikeruk samangsa wis tekan ing negara mantja. Para pambelah ija wis ngétung pira opah lan umbalané sing bakal ditampa, jèn prauné slamet tekan ing panggonan sing diparani. Ringkesé wong-wong mau paḍa nggagas prakara sing bakal ditampani.

Nanging wong Jahudi telu mau paḍa nggagas apa sing arep diwènèhake, sing arep diluntakaké menjang negara mantja, marang wong maèwu-èwu sing paḍa manggon ing tanah mantja, lan sing ora ngerti jèn ing tengahing djagad ana banḍa sing luwih déning mulja.

Banḍa mau arep disebar ing saenggon-enggon sing ditekani, lan saben wong sing kesdu nampani, bakal diwènèhi kanṭi lelahanan ....

Banḍa mau senadjan wis diedum-edum, ora bakal suda utawa susut, djalaran geḍéné ngluwihi, nganti bisa ngebaki djagad.

Wong telu mau paḍa ngawasake lakuning prau, nanging ing batin paḍa nggagas, apa wong-wong sing arep diwènèhi banḍa mau paḍa gelem nampani pawèwèhé klawan bungah apa ora. Wong telu mau paḍa ngawasaké djembaring langit sing majungi lumabing segara .... lan ing batin paḍa ngutjapake pandonga.

WONG telu mau paḍa wong Jahudi, djenengé: Saul, jaiku sing tau nguja-uja wong Kristen, nanging saiki dadi rasulé Gusti Jésus sing setya, lan rowangé loro sing djeneng: Barnabas lan Jochanan kang peparab Markus.

Wong telu mau pinangkané saka Antiochi, kuṭa ramé ing tanah Siria, lan ing kono ana pasamuwan Kristen sing wis geḍé.

Anadené wong telu mau dadi utusané pasamuwan ing Antiochi, paḍa kabubuhan ndjadjah désa lan negara perlu nggelaraké Indjil marang djagad, marang sadéngah bangsa, supaja paḍa ngertia jèn ana kabar kabungahan sing martakaké bab panebusing dosa lantaran sédané Gusti Jésus, waton paḍa gelem pasrah suménḍé lan pratjaja marang Gusti Jésus, apadéné paḍa tresna marang Pandjenengané .... Kaja mengkono iku wudjuding banḍa sing bakal diparingaké lelahanan, tanpa prabéja mung karana sih-rahmat. Banḍa iku sing bakal bisa ngolèhaké karahajon lan urip langgeng kanggo sadéngah wong sing pratjaja.

Kabar kabungahan mau ora mligi kanggo wong Jahudi lan bangsa lija-lijané sing paḍa manggon ing tanah Jahudi, nanging ija katjaḍangaké tumrap sakèhing para bangsa ing salumahing djagad.

Ḍawuhe Gusti Jésus sadurungé minggah menjang swarga, mengkéné: „Paḍa ndjadjaha ing sadjagad kabèh, Indjil undangna marang sarupané tumitah.

Mulané wong telu mau paḍa buḍal arep ngéstokaké ḍawuh mau, kadereng déning katresnané marang Allah lan marang manusa pepaḍané ....

Wong telu mau ora lali jèn pagawéan sing diajahi rekasa lan akèh mutawatiré, malah kudu diréwangi lara-lapa, nanging paḍa tansah gambira atiné tan ora nganḍut was sumelang. Lan saupama kudu ngalami panganiaja, pamemada lan kawirangan, iku mung bakal dianggep kaja enggoné nglabuhi Gustiné sing wis nanḍang sangsara sing luwih banget.

Mulané wong telu mau tatag lan gambira atiné.

SATEKANÉ ing pulo Kipros (Cyprus), bandjur paḍa nḍarat ing kuṭa Salamis. Wong telu mau tumuli wiwit nggelarake Indjil ana ing masdjid-masdjidé wong Jahudi .... Nalika djaman semono wong Jahudi akèh sing metu saka ing tanahé bandjur bebara utawa laku dagang ana ing tanah mantja, lan ing endi ana pakampungané wong Jahudi, ing kono ija ana masdjide. Ana ing masdjid-