Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PANDJENENGANÉ TUMULI DISAOSI PISUNGSUNG ARUPA MAS LAN MENJAN APADÉNÉ BLENDOK MUR


mau paḍa njaosaké bulu-bekti awudjud emas lan menjan apadéné blendok mur, kaundjukaké ana ing sangisoré padané Sang Djabang Baji, kaja patrapé kawula enggoné paḍa soas bulu-bekti, guru-bakal guru-dadi, marang ratu pepunḍèné.

Wusana para panḍita mau paḍa mulih menjang tanahé kanṭi kabungahan geḍé. Senadjana paḍa kalebu bangsa kapir, éwadéné paḍa olèh kanugrahan diparengaké njumurupi Gusti Jésus, temah paḍa nemu karahajon. Kosokbaliné para pangarepé bangsa Jahudi sing paḍa kumlungkung lan ambek djubrija, paḍa ora sudi sowan ing ngarsané Sang Djuru Slamet, mulané ija bakal kontjatan karahajon kang sedjati ....

Djalaran wong-wong Jahudi mau paḍa ora duwé pangandel.

KOTJAPA radja Héroḍès isih tansah ngentèn-entèni ....

Para panḍita paḍa ora bali sowan ing keḍaton wis diantarakaké sawetara minggu, malah sawetara sasi, meksa ora ana pawarta apa-apa. Ing kono sang prabu duka jajah sinipi, pangunandikané: „Panḍita musibat kuwi paḍa mbléndjani djandji, paḍa mulih menjang negarané tanpa pamit, mesṭiné metu dalan lija. Para panḍita kuwi mesṭi wis ketemu karo ratu anjar, sing disebut Sang Mesih utawa Kristus déning wong Jahudi, malah bandjur paḍa diadjak sekuton, temah paḍa wani nilapaké aku .... Nanging, sengara ratu anjar iku bisa ngenḍih aku saka ing kaprabonku. Umuré durung ganep rong taun, ora kliru pétunganku!”

Kotjapa, ratu kang ambek niaja mau, nanging wedi banget karo Sang Djabang Baji, énggal-énggal nimbali pradjurité sawetara, bandjur diḍawuhi mengkéné: „Paḍa mangkata menjang Bètlechèm, kabèh botjah lanang sing umuré rong taun sapangisor, paḍa patènana. Poma-poma adja ana sidji baé sing kliwatan!”

Mengkono ḍawuhé radja Héroḍès, nanging osiking galihé mengkéné: „Wis mesṭi Jésus, Sang Mesih iku, ora bisa ontjat saka ing pati!”

Pradjurit mau bandjur ngleksanani ḍawuhing ratuné.

Saben omah ing kuṭa Bètlechèm dileboni, saben botjah lanang umur rong taun sapangisor direbut saka tangané wong tuwané, bandjur dipatèni klawan sawenang-wenang. Pandjerit lan panangisé wong-wong wadon babar pisan ora dirèwès. Pradjurit mau wataké kamitégan, djalaran ratuné ija ambek niaja kagawa saka angkara-murkané.

Sawisé paḍa nglakoni ajahan, pradjurit mau paḍa sowan ratuné, ngaturaké lapuran, jèn ora ana botjah lanang sidji baé sing kliwatan.

Sang prabu gumudjeng, djalaran wis lega panggalihé, sedyané wis kaleksanan. Ratu anjar sing tjalon dadi klilipé, wis sirna. Saiki wis ora ana sing bisa ngantjam kapraboné sang prabu dalah putra-putrané. Kasusahané wong