Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

PARA PANḌITA SAKA TANAH WÉTAN

19

ngèlmu, mesṭi bisa sumurup jèn ana ratu anjar mijos. Nanging sapa ta sing disebut ratu mau? Mesṭiné ratu mau saiki isih botjah tjilik sing ing tembé bakal dadi wong pinundjul lan ngesur sang prabu dalah para putrané saka ing kaprabon. Sing kaja mengkono iku kudu didjaga adja nganti bisa kelakon. Jèn menggalih bab iku, tingalé sang prabu katon mantjereng, nélakaké runtik galihé. Lah keprijé enggoné arep ngilangi klilipé, awit papan dunungé si baji mau durung kasumurupan?

Ing kono sang prabu bandjur nimbali para pangarepé imam lan para ahli kitab, jaiku wong-wong sing paḍa pana marang Torèté nabi Musa lan kitabé para nabi utawa kitab-kitab lijané. Wong-wong mau mesṭi luwih ḍamang marang lajang-lajang babadé bangsané wiwit djaman kuna. Sang prabu ora kalebu darah Jahudi, nanging isih teḍak turuné Ésap, dadi kalebu bangsa Édom. Ewadéné sang prabu saiki ngerèhaké bangsa Jahudi, senadjan enggoné nganti bisa djumeneng ratu mau nganggo patrap sing ora prajoga, jaiku sarana roda peksa lan kaniaja. Mangka kalenggahané saiki digondèli kentjeng banget adja nganti mrutjut saka ing astané.

Dadi para tuwa-tuwané bangsa Jahudi mau paḍa kaḍawuhan sowan, djalaran arep dipunḍuti pirsa apa bab wijosé ratu anjar ija diwetja ana ing kitab-kitab tjekelané bangsa Jahudi.

Atur wangsulané para ahli kitab: „Kasinggihan ḍawuh dalem, sang prabu. Sang Mesih ing tembé baḍé mijos.”

Klawan gupuh enggoné sang prabu ndangu: „Énggal matura, wijosé ratu anjar iku pinasti ana ing ngendi?”

Aturé kang kadangu: „Wonten ing Bètlechèm tanah Judéa kados ingkang sampun kaseratan pinten-pinten atus taun kepengker wonten ing kitab pametjanipun nabi Micha.”

Nanging para pangarepé imam lan para ahli kitab mung paḍa njawang radja Héroḍès karo mbatin mengkéné: „Sakarepmu, jèn kowé meksa arep ngandel udjaré wong-wong mantja saka tanah wétan kuwi. Nanging sing mesṭi luwih ngerti rak aku, para pangarepé bangsa Jahudi! .... Jèn njata Sang Mesih rawuh, rak aku wis paḍa ngerti utawa ngrungu luwih ḍisik. Jèn aku, suṭik ngandel udjaré wong neneka kuwi!”

Kotjapa, ing dina iku Héroḍès nimbali para panḍita mau ḍeḍemitan, paḍa kadangu genah-genahing waktu katoning lintangé. Satemené galihé Héroḍès wis krasa ora kepénak, nanging dauru lan was sumelanging galihé sinamun ora nganti ketara ana ing pasurjané. Klawan sarèh lan sumèh enggoné ngandikani para panḍita, piwelingé: „Paḍa buḍala menjang Bètlechèm, awit ratu anjar sing paḍa kogolèki ora mijos ana ing Jerusalèm, kaja mengkono iku aturé para ahli kitab. Paḍa priksanen klawan nastiti mungguh dunungé Sang Timur, déné samangsa wis ketemu, paḍa ngundjukana uninga marang aku, supaja aku bisaa mrana uga sudjud marang Pandjenengané.”

„Aku bisaa mrana sudjud marang Pandjenengané!” mengkono pangandikané Héroḍès, nanging osiking galihé mengkéné „Ja, mengko jèn paḍa bali mréné, lan ngaturi priksa ana ing ngendi panggonané ratu anjar iku, mesṭi bakal gampang enggonku arep njirnakaké klilipku, bebasan suwé midjet wohing ranti, sengara ratu anjar mau bisa ngesur aku saka ing kaprabonku. Saiki mesṭiné isih botjah tjilik, umuré durung nganti rong taun, djalaran lintangé durung suwé enggoné katon. Malah rong taun baé durung ana. Dakéling-élingé adja nganti lali!”

ING kono para panḍita bandjur paḍa nerusaké lakuné. Ing benginé lintangé bandjur katon manèh, mentjorong ana ing langit, alon-alon tuduh dalan sing ngener menjang Bètlechèm. Bareng wis tekan ing kono, bandjur manḍeg. Sapungkuré iku lintang mau wis ora tau katon manèh. Nanging saiki para panḍita wis ora mbutuhaké sing tuduh dalan.

Ana ing kuṭa Bètlechèm kono ana omah tjilik sing dienggoni Jusup lan Marjam karo Sang Timur. Para panḍita mau dalah panḍèrèké paḍa ndjudjug ing kono, atiné wis ora mangu-mangu lan ora duwé gagasan maido: „Mangsa, Ratu Agung kok mijos ana ing kéné!” .... Ora, gagasan sing mengkono mau sarambut baé ora tinemu ana ing atiné. Klawan urmat lan pakéring para panḍita mau paḍa mlebu ing omah tjilik panggonané Jusup lan Marjam. Bareng wis paḍa weruh Sang Timur ana ing pangkoné kang ibu, para panḍita mau bandjur paḍa sudjud djèngkèng lan saos bekti marang Pandjenengané.

Iba begdjané, déné saiki wis paḍa bisa ketemu karo Sang Djabang Baji sing digolèki. Saking kentjenging pangandelé, para panḍita mau paḍa ora ngétung bebaja lan pakéwuh ana ing dalan, ora ngétung asoring dradjaté wong-wong lan rèmèhé omah kang paḍa ditekani. Swara sing dumeling ana ing atiné, jaiku pamisiké Rohé Pangéran pijambak, kang mbereg para panḍita mau paḍa sowan lan sudjud saos bekti ana ing ngarsané Sang Timur.

Marga saka geḍéning pangandelé, para panḍita mau paḍa diparengaké njumurupi kamuljan sing semono geḍéné, tur paḍa bisa ngrasakaké tentrem rahaju.

Minangka tanḍaning pangadji-adji lan pakurmatané marang Sang Timur, para panḍita