Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/166

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

166

WONG LUMPUH LAIR MULA

***

anjar sing durung tau dirasakaké salawasé urip .... Wong senadjan kagèt seḍéla, nanging ora nganti was lan sumelang atiné, mulané maknjat ndjumbul, wis ngadeg bandjur mlaku, nḍèrèk wong loro mau mlebu ing padaleman sutji kambi mloka-mlaku lan lintjak-lintjak sarta memudji marang Allah. Wong lumpuh mau ndeleng, ngrungu lan ngrasakaké ḍéwé ana ing awaké, jèn pangandika sing diutjapaké wong sing durung diwaruhi mau mengku daja gaib lan ndjalari kabungahan geḍé; wong sing lumpuh mau bisa ngadeg lan bisa mlaku temenan.

Wong kabèh paḍa ndeleng wong mau mloka-mlaku kambi memudji marang Allah, bandjur ora pangling jèn iku mauné wong lumpuh sing adaté lingguh pepriman ana ing Gapura Éndah ing padaleman sutji. Kabèh paḍa kaéraman lan kagawokan banget njipati kaélokan sing tumanduk ana ing awaké wong lumpuh mau. Saja wuwuh ngunguning atiné bareng weruh sapa sing nindakaké kaélokan mau, kabèh paḍa ndjenger njawang marang wong loro sing didèrèkaké wong lumpuh sing wis diwalujakaké mau, mlebu ing bangsal kang aran bangsalé Suléman. Warna-warna gagasané wong akèh, ana sing wedi lan miris, nanging akèh uga sing bungah, nanging kabèh paḍa pitakon ing atine ḍéwé-ḍéwé: „Lelakon apa ta iki? Keprijé bisané kelakon?”

WONG loro sing paḍa nindakaké kaélokan mau, iku ora lija Pétrus lan Jochanan. Pétrus sing ngutjapaké mawa daja mau, lan Pétrus sing njanḍak tangané wong lumpuh mau, bareng saiki wong akeh paḍa ndjenger njawang klawan wedi lan pakéring, ija Pétrus sing bandjur meḍar pangandika nganḍaraké mula-bukané lelakon sing élok mau. Pétrus babar pisan ora mburu aleming wong akèh, Pétrus ora nggajuh marang montjèr lan kuntjaraning djenengé, isiné anḍarané ora lija mung tumudju marang pakurmatan lan kaluhurané Gusti lan Guruné.

Tembungé Pétrus mengkéné: „Hé kantja-kantja Israèl, jagéné kowé paḍa gumun awit saka iku mau, teka paḍa manḍeng marang aku, kaja kosengguh bisa gawé lumaku wong iki srana dajaku ḍéwé utawa kamursidanku? Kaélokan iku mau sanjatané dudu panggawéku, aku mung wong lumrah, nanging diagem lantaran déning Gustiku nindakaké pangwasané. Gustiku iku Jésus Nasarani sing wis paḍa kosalib, nanging wis wungu saka ing antarané wong mati lan saiki pinarak ana ing tengené Allah Sang Rama ana ing swarga ... Éwadené para sadulur, aku wis ngerti jèn enggonmu nglakoni iku mau awit saka kurang pangerti. Mulané paḍa salina batinmu lan mratobata, supaja dosamu kalebura.” Pétrus sing saiki wis disebut rasul, isih muwuhi pituturé murih tjeṭané, apadéné kadereng déning rasa tresna marang Djuru Slameté, Pétrus ora wegah lan ora wedi njaritakaké bab pangwasa lan sihé Gustiné. Pandjenegané iku ora mung kwasa malujakaké wong lumpuh lair mula, malah wong sadjagad rat, jèn paḍa gelem pratjaja marang Pandjenengané, bakal kaparingan karahajon donja ngakératé langgeng ing salawasé.

Lan ing dina iku uga wong sing paḍa ngrungu pangandika mau akèh sing pratjaja, temahan paḍa dibaptisi déning para rasul, kaétung dadi putrané Allah, lan klebu dadi weḍus ing pepanṭan ngèn-ngènané Djuru Pangon kang utama, jaiku Gusti Jésus Kristus.

NALIKA semono ing kuṭa Jerusalèm wong-wong paḍa usreg lan gondjing atiné. Mentas baé paḍa njumurupi lelakon sing ngéram-éramaké nalika paḍa ngrijajakaké rijaja Pentékosta ana ing padaleman sutji, saiki wong akeh paḍa upjek ngrembug kaélokan anjar sing tumanduk ana ing awaké wong lumpuh lair mula, sing diwarasaké mung sarana tembung. Lelakon sing kaja mengkono iku sadjatiné njasmitani apa? Apa njata jèn Jésus Nasarani iku ora goroh piwulangé? Apa njata wis bisa tangi saka ing antarané wong mati? ....

Wong golongan paḍa usreg, nanging para imam kena disebutaké dauru atiné! Ora kira-kira enggoné mangkel lan ndjontong atiné! Bareng paḍa ngrungu kabar jèn akèh wong sing paḍa mandjing pratjaja marang Gusti Jésus, lan bareng paḍa ngerti jèn para rasul saben dina ora kenḍat-kenḍat enggoné paḍa memulang ana ing padaleman sutji, ana ing sadjabané padaleman sutji, ana ing omahé wong sing paḍa kesdu nampani, bareng para imam njumurupi prakara iku mau kabèh, atiné dadi miris.

Saiki Jésus Nasarani wis kelakon disirnakaké nanging apa wong golongan isih paḍa gelem ngrungokaké marang para tilas muridé sing saiki dadi utusané lan apa ija paḍa gelem pratjaja marang Jésus mau? .... Bab sing kaja mengkono iku kudu dilarang! Jésus Nasarani iku tilas satru, saiki para tilas muridé ija kudu disatroni, mulané kudu paḍa dilarang memulang ing saenggon-enggon. Rak para imam ta sing njekel pangwasa, bisa lan wenang nglilani utawa nglarangi wong paḍa memulang! Wong golongan ora kena diélingake manèh marang Jésus Nasarani, sing kudu dilalèkaké déning saumat kabèh.

Nalika Pétrus lan Jochanan lagi paḍa memulang ana ing padaleman sutji, lan nalika wong lumpuh sing diwarasaké isih ngadeg ing buriné dumadakan bandjur paḍa ditjepeng déning