Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/165

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

WONG LUMPUH LAIR MULA

165

lan sidji-sidjiné panunggalanmu nglakonana kabaptis atas Asmané Jésus Kristus, kang pinurih apuraning dosamu, temahan kowé bakal pada nampani peparing Roh Sutji.”

KATJARITA ing dina iku uga ana wong telung éwu, lanang lan wadon, paḍa kabaptis lan mandjing pratjaja marang Gusti Jésus; wong mau kabèh ija paḍa kapenuhan ing Roh Sutji lan paḍa olèh karahajon ing donja ngakératé.

Wong-wong sing paḍa mratobat mau pinangkané saka Jerusalèm, saka tanah Asia, saka Mesir lan saka negara mantja lija-lijané. Mangka salebar rijaja wong-wong akèh sing paḍa mulih menjang ing tanah lan negara kamulané karo nggawa kabungahan lan karahajon sing ora bakal bisa ontjat saka ing atiné. Lan ana ing papan padunungané ḍéwé-ḍéwé wong mau paḍa njritakaké .... Lan ora ana wong sing bisa ngerti pira tjatjahé wong ing tanah mantja mau sing paḍa wanuh lan pratjaja marang Gusti Jésus lan nampani karahajon langgeng salawas-lawasé. Ora ana sing ngerti kedjaba Gusti Allah pijambak.

Mungguh para sekabat ḍéwé keprijé? .... Swara gumrubug èmperé kaja sentoring angin kang banter, sing ngebeki saomah panggonané lungguhan, rerupan geni ilat-ilatan sing nibani sawidji-widjiné wong sing paḍa kumpulan, pamitjara nganggo tembung lija-lija basa sing durung tau digegulang, iku kabèh paḍa bisa dideleng lan dirungokaké wong akèh, nanging sing tumindak tanpa sabawa lan tumama ana ing batiné para sekabat, iku satemené sing luwih wigati, awit marga saka daja sing ora kasatmripat iku mau para sekabat bandjur malih dadi manusa anjar. Saiki Rohé Allah kepareng dedalem ana ing atiné, lan sabandjuré mesṭi ora bakal ontjat saka ing panunggilé Allah ing salaku-djantraning uripé .... Saiki para sekabat paḍa ngangah-angah dening katresnan marang sapepaḍané tumitah. Derenging atiné mung sawidji, jaiku njritani wong-wong pepaḍané bab kanugrahan lan karahajon kang kaparingaké marang djagad ....

Saiki para sekabat wis ora dadi murid manèh, nanging pantes sinebut para rasul, tegesé para utusané Gusti Jésus sing paḍa kautus marang djagad martakaké bab sih kadarman lan katresnané Gusti Allah marang para manusa. Saiki para sekabat lagi paḍa ngerti sakèhing lelakon sing tumindak ana ing sugengé Gusti Jesus, apadéné sakèhing pangandika sing diḍawuhaké marang para muride.

Para sekabat paḍa kaparingan kawitjaksanan déning Roh Sutji.

KAÉLOKAN sing kelakon ing dina rijaja Pentékosta iku wis pirang-pirang atus taun kepungkur, éwasemono nganti djaman saiki wong Kristen ing sadjagad isih paḍa ngrijajakaké rijaja Pentékosta mau. Nanging tumrapé wong Kristen dudu rijaja panèn utawa rijaja unḍuh-unḍuhan manèh.

Sing paḍa diéling-éling jèn pinudju rijaja Pentékosta jaiku geḍéning sihé Allah déné kepareng dedalem ana ing atiné manusa sarana ngrawuhaké Sang Roh Sutji. Pentékosta saiki dadi rijaja tunedaké Roh Sutji.

WONG LUMPUH LAIR MULA

ING satjeḍaké gapurané padaleman sutji kang aran Gapura Éndah, jaiku gapura ing sisih wétan sing betjiké lan geḍéné ngungkuli gapura lija-lijané, ana wong lungguh pepriman, suménḍé ing pilaré gapura sing disalut kuningan. Saben dina wong mau digénḍong mrono dilungguhaké supaja ndjaluka dana marang kang paḍa mlebu ing padaleman sutji. Mlaku ḍéwé ora bisa, djalaran lumpuh wiwit lair mula ....

Ing sawidjining dina mbeneri waktu sembahjang djam telu awan, waktu sing betjik tumrapé wong pepriman mau, djalaran akèh wong paḍa mlebu ing padaleman sutji arep paḍa sembahjang. Tangané manḍo njaḍong kawelasané sing paḍa liwat ing kono lan tjangkemé ndremimil enggoné ndjaluk dana ing sakadaré.

Nalika semono katon ana wong loro teka ing ngarep gapura arep mlebu ing padaleman sutji. Jèn ndeleng sanḍang panganggoné, wong mau ora klebu golongané wong sugih, nanging jèn mung ḍuwit saigar rong igar rak mesti paḍa duwé .... Wong lumpuh mau wis manḍo tangané ....

Wong loro mau mandeg, bandjur mandeng wong sing lumpuh klawan welas. Wong lumpuh mau bandjur diḍawuhi: „Ingetna aku.” Sing lumpuh bandjur ngingetaké, ngarep-arep bakal nampani pawèwèh .... ― Nanging sing nggumunaké, jaiku enggoné wong sing luwih tuwa bandjur ngandika: „Selaka lan emas aku ora duwé, nanging kang dakduwèni, kowé dakwènèhi.” Gagasané wong sing lumpuh mesṭiné mengkéné: „Jèn ora duwé selaka lan emas utawa ḍuwit, lah apa sing arep diwènèhaké marang aku?” Durung nganti ḍong marang karepé wong loro mau, sing lumpuh krungu dipangandikani manèh: „Atas Asmané Jésus Kristus Nasarani ngadega, lumakua!” Wong sing lumpuh mau bandjur ditjanḍak tangané tengen, diadegaké, lan sanalika tlapakan lan poloké paḍa dadi kukuh, kaja-kaja klebon daja kakuwatan