Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/164

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

164

TUMḌAKÉ ROH SUTJI

***

saka ing langit, èmperé kaja sentoring angin kang banter, ngebeki saomah panggonané lungguhan para sekabat dalah para kanṭiné kabeh .... Mangka ing sadjabané omah mau ora ana mididing angin banter.

Nanging wong golongan sing ana ing Jerusalèm, wong-wong sing tekané saka mantja negara, bareng ngrungu swara gumrubuging angin banter, bandjur paḍa kumrubut mlebu ing omah pamonḍokané para sekabat, arep ndeleng lan ngrungu apa sing kelakon ana ing kono .... Wong-wong mau kabèh paḍa kagawokan, djalaran weruh ana rerupan kaja geni kang ambjar dadi ilat-ilatan nibani sirahé para sekabat lan para murid lija-lijané sing paḍa kumpulan ana ing kamar mau. Saja munḍak éram lan gawoké, bareng paḍa ngrungu wong sing paḍa katibanan ing geni ilat-ilatan mau paḍa meḍar pangandika nganggo tembung lija-lija basa .... Sing banget ndadèkaké kuwuring atiné jaiku déné wong-wong sing pinangkané saka tanah Asia lan Mesir, saka negara Rum lan tanah Arab, paḍa ngrungu pangandika mau nganggo tembungé ḍéwé-ḍéwé. Keprijé bisané kelakon mengkono?

Temahan wong kabèh paḍa ndjenger kagawokan sarta paḍa sapotjapan: „Apa baja tegesé kang mengkono iku?”

Nanging wong-wong Jahudi sing paḍa manggon ing kuṭa Jerusalèm, bareng paḍa weruh sapa sing lagi paḍa meḍar pangandika, sanalika bandjur kélingan marang lelakoné Jésus Nasarani .... Karepé wong-wong mau paḍa arep njepèlèkaké lan mojoki para sekabat, mula udjaré: „Wong Galiléa iku paḍa enengna baé, kuwi rak paḍa kewaregen anggur!”

Kewaregen anggur, dadi mendem? Pétrus ngrungu pamojoké wong akèh, atiné serik dielokaké mendem, mulané ngadeg dalah para kanṭiné sekabat sewelas, njasmitani wong-wong mau supaja paḍa meneng seḍéla, awit Pétrus arep nglairaké wirasaning atiné. Pétrus wis ngrasa jèn saiki wis tekan waktuné Sang Roh Sutji rawuh lan dedalem ana ing atiné. Mulané atiné ora ngeḍap ndeleng wong golongan semono kèhé paḍa teka ngrubung, malah banget kepénginé arep njritakaké bab kamuljan lan kaunggulané Sang Mesih sing paḍa disebut Jésus Nasarani déning wong golongan.

Tembungé Pétrus: „Hé kantja-kantja Jahudi lan kang paḍa mondok ing Jerusalèm kabèh, prakara iku kawruhana marang kowé, lan tembungku muga tumamaa ing kupingmu. Déné wong iki paḍa ora mendem kaja kang dadi panjanamu. Aku paḍa durung nggepok anggur, wajahé rak isih ésuk, lagi djam sanga! Nanging ing dina iki kelakoné apa sing diwetjakaké déning nabi Joèl ing djaman kuna: Aku wis paḍa kaesokan ing Roh Sutji; Rohé Allah wis tumeḍak dedalem ana ing atiku. .. Hé kantja-kantja Israèl, paḍa nilingna pitutur mengkéné iki: Jésus Nasarani, ija Guru pepunḍènku, ija kang wis paḍa koweruhi ḍéwé, wis paḍa kodeleng kasektèn lan kaélokan lan pratanḍa kang ditélakaké marang kowé .... nanging kang bandjur kokanijaja nganti kosalib lan kosédani, ija Pandjenengané iku kang djumeneng Sang Kristus, ija Sang Mesih, nanging émané déné kowe paḍa nampik marang Pandjenengané kaja marang wong duraka. Éwasemono senadjan wis kelakon kosédani, Pandjenengané ora lestari dumunung ing kubur kawengku ing pati, djalaran Pandjenengané iku djumeneng Putrané Allah. Pandjenengané wis wungu saka ing padunungané wong mati, bandjur sumengka menjang swarga. Saiki Pandjenengané pinarak ana ing ḍamparé kaswargan lan saka ing kana Pandjenengané ngrawuhaké Sang Roh Sutji marang aku kabèh para muridé .... Iku wudjuding kaélokan sing paḍa kodeleng saiki.

Hé kantja-kantja Israèl, lan kabèh baé sing paḍa neksèni lan ngrungu lelakon iki, paḍa sumurupa jèn Jésus iku kang djumeneng Sang Kristus, Putrané Allah, ija Sang Mesih sing pinasṭi rawuh ....

Pada rungokna, Pandjenengané sanjata wis rawuh, nanging kowé pada njalib marang Pandjenengané!”

Sawisé Pétrus meneng ....

LAH ing panggonan kono bandjur dadi siḍem premanem. Wong-wong sing paḍa ngrungu tjritané Pétrus, paḍa kagèt lan bingung kaworan wedi déning anḍarané Pétrus mau. Gek keprijé polahé wong-wong mau, saupama njata sing dadi tjritané Pétrus? .... O, saiba geḍéning dosané, déné kumawani njalib lan njédani marang Sang Mesih. Wong-wong mau mesṭi mèlu kedosan djalaran saora orané wis ngrudjuki sédané, mangka sing ditjritakaké Pétrus iku kabèh kepara njata. Wong golongan bandjur akèh sing paḍa njeḍak, bandjur pitakon: „Ḍuh para saḍèrèk, kula kedah sami nglampahi punapa?”

Pétrus babar pisan ora nijat males ala marang wong Jahudi, djalaran saiki rumangsa dadi abdi sing kudu nglakoni ajahan miturut kersané Gusti lan Guruné, mangka Pandjenengané iku ora naté nampik wong sing paḍa marek ana ing ngarsané lan ngaturaké patobaté. Saiki malah bungah lan geḍé atine déné olèh wewengan njrítakaké kabar kabungahan geḍé marang wong golongan, jaiku jèn ana pangapuraning dosa tumrap angger wong sing mratobat. Mulané klawan gambira enggoné Pétrus mangsuli pitakoné wong-wong mau, tembungé: „Paḍa mratobata,