Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/160

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
„SIMON, ANAKÉ JUNUS, KOWÉ APA TRESNA MARANG AKU NGLUWIHI SAKA WONG IKU?”

rumesep ana ing atiné, tjumiṭak ana ing angen-angené, temah ora bakal lali ing salawasé urip.

Sawisé paḍa sarapan, Gusti Jésus bandjur ngandika marang Pétrus: „Simon anaké Junus, kowé apa tresna marang Aku ngluwihi saka wong iku?” Pétrus rada kagèt ngrungu pangandikané Gustiné mengkono iku. Apa ta kersané nganggo munḍut priksa bab rasaning atiné? Pétrus, marga saka wantering budiné, enggoné marek ing ngarsané Gustiné pantjèn luwih ḍisik katimbang kantjané, apa iku sing ndjalari pandanguné Gusti mengkono mau? Apa tresna marang Pandjenengané ngluwihi marang kantja-kantjané? Pétrus isih kélingan jèn wis tau mundjuk marang Gusti Jésus, nalika paḍa mangkat menjang ing patamanan Gètsémané: „Senadjan sadaja sami ngantosa ketjuwan krana Tuwan, kawula mesṭi boten ketjuwan ing salaminipun; Gusti, kawula tjumaḍang mbélani ing Tuwan, senadjana dumugi ing kundjara utawi ing pedjah pisan.” Pétrus ora sélak jèn wis mundjuk mengkono, nanging ...

O, Pétrus bandjur kélingan lelakoné ing wajah bengi nalika Gustiné dadi bebandan lan kélingan enggoné njélaki Gustiné .... Undjuk wangsulané Pétrus semu wedi: „Inggih Gusti, Tuwan mirsa bilih kawula lulut ḍumateng Tuwan.” Pangandikané Gusti Jésus: „Angona para tjempéku.”

Sawisé mengkono Gusti Jésus ngandika manèh marang Pétrus ping pinḍoné: „Simon anaké Junus, apa kowé tresna marang Aku?” Undjuk wangsulané Pétrus isih adjeg: „Inggih Gusti, Tuwan mirsa bilih kuwala lulut ḍumateng Tuwan.” nanging saiki swarané grojok kaworan seḍih. Pangandikané Gusti Jésus manèh: „Angona para weḍusku.”

Ping teluné Gusti Jésus ngandika marang Pétrus: „Simon anaké Junus, apa kowé lulut marang Aku?” Bareng nganti ping telu didangu mengkono, Pétrus dadiné seḍih banget,” atiné kebak piduwung lan panalangsa marga saka kaluputané ing atasé Gustiné. Pétrus saiki ngerti apa sebabé didangu nganti ambal ping telu ....

Pétrus rak nganti ping telu enggoné njélaki Gustiné, ping telu Pétrus sélak: „Kula boten warah ing wong niku!” Déné saiki, Pétrus kudu ngambali ping telu enggoné ngaku tresna marang Gustiné ....

Undjuké Pétrus ping teluné: „Ḍuh Gusti, Tuwan mirsa samukawis sadaja, inggih mirsa bilih kawula lulut ḍumateng Tuwan.” Bareng wis mundjuk mengkono iku, atiné Pétrus wis rada lega lan marem, awit Gusti Jésus saiki pirsa, malah luwih permana katimbang wong lija-lijané, jèn Pétrus asih lan tresna marang Pandjenengané. Apa manèh Gusti