Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

18

PARA PANḌITA SAKA TANAH WÉTAN

***

Nanging tumimbalé pawarta mau nganggo patrap sing aèng banget. Ing tanah wétan mau ana golongané wong kang paḍa olah ngèlmu warna-warna: wong sing wis ahli lumrahé kasebut panḍita, utawa pudjangga, utawa ahlinudjum. Para panḍita mau ahli ngèlmu palintangan, bisa ngerti lelakon warna-warna kang bakal kelakon sarana métungi lakuné lintang-lintang kang saben bengi katon abjor ing langit. Katjarita ing sawidjining dina ing wajah bengi katon ana lintang mentjorong ing langit, ngalahaké soroté lintang lija-lijané, mangka lintang sing semomo geḍéné durung tau katon.

Bareng para panḍita njumurupi lintang sing anjar katon mau, ora kira-kira bungahé. Awit miturut pétungané, lintang anjar mau awèh pituduh sing wigati banget, jaiku ana baji lair sing ing tembé bakal dadi wong misuwur. Mangka lintang iku soroté gumebjar ngungkuli sakèhé lintang ing langit, mulané baji sing lair nalika semono mesṭi bakal dadi wong sing luwih déning kuwasa lan mulja, ngasoraké sakèhing panguwasa lan kamuljan ing saindenging djagad.

Para panḍita mau paḍa katuwuhan osik ing atiné, mengkéné: „Pajo paḍa mangkat, nggolèki Ratu Agung kang mentas mijos, lan paḍa saos pisungsung lan sembah bekti marang Pandjenengané, kaja sing kelumrah marang Ratu, sing kudu disudjudi lan dibektèni.”

Paḍa sanalika para panḍita mau paḍa buḍal bebarengan, lakuné mengulon, ngungkuraké negarané, nurut pituduhé lintang. Saben bengi lintang mau katon, eneré saja suwé saja mengulon. Lan saben bengi para panḍita mau mbatjutaké lakuné, mung manut pituduhé lintang, ora ngétung sajah lan rekasa, ora wedi bebaja lan pakéwuh ana ing dalan, djalaran paḍa kadereng déning manteping atiné, daja-daja bisaa tumuli sowan saos bekti ing ngarsané Ratu Agung sing dadi pelenging tjiptané. Dalané kaḍang-kala ngambah ara-ara samun,munggah gunung, mudun djurang, lakuné nasak alas wanawasa, panggonané kéwan galak lan panḍoḍotané bégal. Nanging para panḍita mau paḍa ora duwé wedi lan miris, unta-unta tunggangane paḍa digelak supaja énggal tekan. Lakuné paḍa diḍèrèkaké abdiné sing paḍa nunggang unta karo dimoti pèni-pèni radjapèni saka ing tanah wétan.

Para panḍita mau kalebu wong sugih singgih, wong kadjèn kéringan ana ing tanah wétan, kamuljané unḍa-unḍi karo para ratu ing djaman semono. Nanging bab kaanan tata-lair mau babar pisan wis ora kepikir, djalaran pelenging atiné mung menjang Sang Timur, tjalon Ratu Agung, sing mentas mijos, nanging sing durung dingertèni ana ing endi mijosé. Panganti-antining atiné endang bisaa ketemu karo Sang Timur lan saos bekti, wis mèh ora kena disabari manèh, mulané ija wis ora ngétung répot lan rekasaning lakuné.

Saben bengi lintangé katon mentjorong manṭer tjahjané tuduh dalan marang sing paḍa andon laku. Wekasan lakuné wis ngantjik tlatahé tanah Jahudi. Lakuné diterusaké menjang ing kuṭa-kradjané negara kono, jaiku kuṭa Jerusalèm. Wis mesṭi Sang Timur enggoné mijos ana ing tanah Kanaan, lan mesṭiné ija ana ing kuṭa-kradjané tanah kono, malah kuduné ana ing keḍatoné ratu sing nglenggahi kaprabon.

Tekané para panḍita saka mantja negara dalah panḍèrèké ana ing kuṭa Jerusalem èmperé kajadéné arak-arakan, sadalan-dalan dadi tontonané wong akèh. Apa ta iki? Apa karepé para panḍita paḍa teka mréné tanpa wara-wara? Apa ta sing paḍa digolèki?

Suwé-suwé wong-wong Jahudi paḍa ngerti, jèn sing digolèki iku ratu sing mentas mijos. Para panḍita mau saben-saben pitakoné adjeg mengkéné: „Wonten ing pundi inggih Ratunipun tijang Jahudi ingkang nembé mijos? Kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing tanah wétan, mila sami ḍateng mriki baḍé saos bekti.”

Éman banget, ora ana wong Jahudi sing bisa mènèhi wangsulan, djalaran pantjèn ija ora ana sing ngerti bab wijosé ratu anjar.

Nanging ora mokal jèn enggoné mijos ana ing keḍatoné radja Héroḍès, awit ratu iku mesṭiné mijos ana ing kraton. Nanging angger wong Jahudi paḍa ngrungu asmané radja Héroḍès Agung, menḍekel atiné, ndjontong, nginggit-inggit, nanging ija wedi, djalaran radja Héroḍès iku wis konḍang enggoné ambek sija. Nanging Héroḍès iku wis sepuh, lan putra-putrané sing bakal gumanti djumeneng radja, kabèh wis paḍa kaparingan pangkat. Dadi, para panḍita mau mesṭiné ora nakokaké radja Héroḍès dalah putra-putrané.

Lah jèn ora, gèk sapa sing digolèki? Wong-wong mau paḍa ora ngerti.

Wusanané para panḍita mau ija sowan menjang kraton, nanging ing kono ija ora ana gotèké ratu anjar mijos. Para panḍita wis paḍa djuḍeg lan semplah atiné. Lah menjang endi saiki olèhé nggolèki? Apa kliru olèhé paḍa narbukani wiriding palintangan? Ah selak mokal, djalaran lintang geḍé sing wis tuduh dalan seprana-sepréné mesṭi ora bakal ndjlomprongaké. Lan wangsit sing wis ḍiwedaraké ana ing atiné mesṭi ora goroh.

Ana ing keḍatoné sang prabu ora ana Ratu anjar mijos.

Malah radja Héroḍès dadi kedjot banget, bareng midanget undjuké para panḍita mau. Apa ana ratu anjar sing mentas mijos? Para panḍita sing wis misuwur dadi keḍunging