Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/158

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

158

LET SEMINGGU

***

bungah, sawisé ngalami seḍih lan giris ing dina-dina sing mentas baé kapungkur. Ing sadjegé urip para sebakat durung tau ngrasakaké kabungahan sing semono geḍéné, djalaran Gusti lan Guruné wis kepareng rawuh manèh ing tengahé lan kepareng uga ngapunten sakèhing kaluputané. Kabèh iku mau ndjalari para sekabat rumangsa olèh nugraha lan kabegdjan ing uripé.

LET SEMINGGU

PARA sekabat lan wong-wong sing paḍa njipati ḍéwé enggoné Gusti Jésus ngetingal sawisé séda rumangsa begdja lan bungah banget lan saben wong sing trésna marang Gusti Jésus, ditjritani kaélokan sing mbungahaké, mengkono uga Tomas.

Nalika Gusti Jésus ngetingal marang para sekabat lan murid lijané, Tomas ḍéwé ora melu nglumpuk ana ing kono, wataké Tomas pantjèn luwih seneng ngangen-angen prakara sing njeḍihaké katimbang karo sing mbungahaké. Satemené kaprihatinané Tomas marga kélangan Guruné sing banget disujudi iku luwih nanḍes lan luwih nabeti katimbang lija-lijané, temah ora gampang enggoné arep ngandel marang sakèhing pawarta lan tjrita bab kaélokan wunguné Gusti kaja sing dikanḍakaké para sekabat lijané. Dalah ngumpul bareng karo kantja-mitrané ana ing kamar tengah Tomas ija ora gelem; karepé arep njepi nuruti seḍihing atiné, djalaran djagad wis dadi sepi lan samun sapengkeré Gustiné séda.

Tomas, nalika ngrungu udjaré para sekabat bab wunguné Gusti Jésus, lan bab rawuhé ana ing tengahé para kagungané ana ing kamar, atiné durung bisa mèlu ngrasakaké bungah. Udjaré para sekabat lijane: „Éman banget déné kowé ora mélu menangi rawuhé Gusti ana ing kamar tengah kana.” Wangsulané Tomas: „Aku ora nganḍel sing dadi kanḍamu. Apa njata Gusti saged wungu saka ing sèda? Menawa aku durung ndeleng tabeté paku ana ing astané lan tabeté paku mau menawa durung dakdulek ing dridjiku, tuwin lambungé dakdemèk ing tanganku, aku bakal ora nganḍel pisan-pisan.” Wangsulané para mitrané: „Wis ta, Tomas, jèn mengkono, betjik kowé lestaria kembulan karo aku kabèh. Gusti mesṭi bakal rawuh manèh!”

BARENG tumeka penḍaké dina mau, para sekabat paḍa nglumpuk ana ing djero omah manèh, lan Tomas ija nunggal, lawang lan djenḍélané ija dikantjingi kabèh. Ing kono Gusti Jésus bandjur rawuh lan djumeneng ana ing tengah sarta ngandika: „Tentrem rahaju anaa ing kowé!” .... Para sekabat wis ora kagèt diketingali Gustiné, kedjaba Tomas, atiné trataban. Nalika Tomas teka arep mèlu lungguh ana ing pakumpulané para sekabat, polatané isih katèn suntrut, awit atiné isih nganḍut prihatin. Tomas durung bisa ngandel jèn Gusti wis wungu.

Bareng saiki mripaté njipati ḍéwé rawuhé Gustiné, djleg tanpa sangkan, lan kupingé tjeṭa ngrungu pangandikané sing ngleremake ati ...., Tomas meksa kagèt lan ḍeg-ḍegan. Saja ḍeg-ḍegan atine bareng dipirsani Gusti Jésus sarta dipangandikani: „Tomas, dridjimu aṭungna mréné, tanganku titènana, sarta tanganmu ulungna, demèkna ing lambungku. Lan adja bubrah pangandelmu, nanging kumandela!” Tomas bandjur marek klawan wedi lan wirang ana ing ngarsané Gustiné ...

Sapa ta sing ngaturaké marang Gusti jèn Tomas ora bakal ngandel menawa durung ndemok tabeté paku? Rak ora ana ta sing matur mengkono? Éwasemono Gusti Jésus wis nguningani prakara iku mau kabèh. Jèn mengkono, sing rawuh iki mesṭi Gusti Jésus pijambak, awit Pandjenengané pantjèn bisa nguningani samubarang, dalah gagasan lan rasa-pangrasa sing isih sumimpen ana ing ḍasaring atiné wong. Pandjenengané wis mesṭi ora bakal kasamaran mungguh ing pangangen-angené Tomas. Dadiné Tomas saiki bisa neksèni ḍéwé jèn sing rawuh iku Gustiné lan Pandjenengané isih asih tresna marang sekabaté sing lagi nanḍang prihatin. Pandjenengané kersa rawuh pijambak perlu ngluwari kagungané saka karubedan lan kaprihatinan.

Tomas ngrasa wirang banget, nanging batiné mbludag suka sukur awitdéné: „Gusti sanjata wungu saka ing séda lan Pandjenengané nedahaké sih katresnané marang aku!”

Tomas kepéngin nglairaké sarasaning atiné kabèh, arep mundjuk bab wirangé, bab kaduwunging atiné, bab kabungahan lan katresnané .... Nanging kabèh mau ora ana sing kelair, awit nalika Tomas sudjud njungkemi sampéjané Gusti, sing kelair ing tjangkemé ringkes lan aos: „Ḍuh Gusti kawula, Allah kawula!”

Ḍawuh pangandikané Gusti Jésus: „He Tomas, amarga kowé wus ndeleng Aku temah kumandel! .... Rahaju wong kang kumandel ora nganggo ndeleng.”

RAHAYU wong kang kumanḍel ora nganggo ndeleng! Pangandika mau isi pamèlèh marang Tomas, sing mèh bubrah pangandelé. Nanging pangandika iku uga isi berkah kanggo saḍéngah wong sing paḍa kumandel lan trésna marang Gusti Jésus, senadjan ing sadjroning uripé ing alam donja iki durung tau ndeleng Pandjenengané.