Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/157

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

GUSTI NGETINGAL MARANG PARA SEKABAT KANG LAGI KUMPULAN

157

weruh Gusti Jésus rawuh ana ing tengahé tanpa ngengakaké lawang. Gusti Jésus uga ora kesamaran mungguh ing prakara mau, mulané bandjur ngandika: „Keprijé déné kowé teka paḍa kegiwang, lan sebab apa déné teka paḍa ketuwuhan pikir kaja mengkono ana ing atimu? Paḍa titinen tanganku lan sikilku, rak Aku ḍéwé. Mara grajangen Aku lan paḍa ngawasna. Jèn ta lelembut rak ora ana daging lan balungé kaja kang kodeleng ing Aku iki.”

Sadjroné ngandika mengkono iku Gusti Jésus nedahaké asta lan sampéjané sing isih katon tilasing paku sing dienggo mantèk ing kaju salib.

Wong-wong sing paḍa wedi prasasat ora keḍèp enggoné paḍa ngawasaké lan ngrungokaké marang Gusti Jésus. Swarané lan pasurjané apadéné tatu ing asta lan sampéjané, iku kabèh (dadi tanḍa jekti jèn sing rawuh iku Gusti Jésus temenan, dudu lelembut sing minḍa-minḍa Gustiné.

Wong-wong mau paḍa ndjenger tanpa ngutjap apa-apa kagawa saka gumun lan banget bungahé. O, saiki Gustiné wis rawuh temenan ana ing tengahé. Uripé saiki bisa pulih manèh kaja wingi-wingi, saben dina mung tansah ndèrèkaké Gusti Jésus lan ngrungokaké pangandikané. O, saiba seneng lan begdjané urip mengkono iku! Nanging rasané kok mung kaja ngimpi baé!

Gusti Jésus ija pirsa jèn para sekabaté, marga saka geḍéning kabungahané, isih rada mangu-mangu atiné, mulané bandjur ngandika maneh: „Ing kéné apa kowé paḍa deduwé kang kena dipangan?” Gusti Jésus bandjur kasaosan iwak loh gorèngan sairis. Sawisé ditampèni, tumuli diḍahar ing sapandelengé para sekabat lan wong sing paḍa kumpulan ana ing kono.

Bareng wis njipati ḍéwé enggoné Gusti Jésus ḍahar, para sekabat paḍa ora mangu-mangu manèh, awit jèn lelembut, mesti ora bisa mangan kajadéné manusa lumrah. Bareng wis tita mengkono, wong mau kabeh ing batin paḍa ngaku: „Gusti, Paduka punika saèstu Guru kawula!”

Para sekabat lan murid lijané satemené ing batin wis ngrumangsani luput, déné ora énggal-énggal ngandel marang Gusti lan Guruné, isih ndadak njuwun pratanḍa lan bukti warna-warna, mangka wis rambah-rambah Gusti Jésus ing sadurungé séda paring pitedah marang para sekabat, jèn kudu nanḍang sangsara lan séda, nanging ing telung dinané bakal wungu saka ing séda. Prakara iku kabèh wis bola-bali dipangandikakaké déning Gusti Jésus, malah ija wis diwetja déning para nabi ing djaman kuna. Bareng pangandika lan pametja mau kelakon temenan para sekabat paḍa ora ngandel, paḍa kagèt lan wedi apadené mangu-mangu!

Para sekabat paḍa ngrumangsani iku mau kabèh, lan panjawangé marang Gusti Jésus semu wirang, upama kelaira arep paḍa mundjuk mengkéné: „Gusti, mugi kepareng ngapunten kakirangan kawula, déné kawula sami kirang pitados saha sami kagèt lan mangu-mangu. Gusti, mugi kepareng ngapunten kawula, déné kawula sampun damel sekeling galih Paduka. O Gusti, mugi melasi kawula!”

SATEMENÉ wong-wong mau pada kurang antepan lan ora teguh setyané. Wataké ngutjira, bareng katempuh ing baja-pakéwuh, paḍa tinggal gelanggang tjolong plaju. Wong-wong sing tjilik pangandelé.

Éwasemono ...., Gusti Jésus kepareng ngapunten, malah Gusti Jésus isih kepareng mitados para sekabat mau. Gusti Jésus bandjur maringi ḍawuh sing isi bubuhan tumrap para sekabat, pangandikane: „Paḍa ndjadjaha ing sadjagad kabèh, Indjil unḍangna marang sarupané tumitah .... Kaja enggonku kautus déning Sang Rama, kowé ija paḍa dakkongkon .... Lah, Aku nunggal karo kowé ing sadina-dina kongsi tumeka wekasané djaman.”

Para sekabat saiki kaparingan bubuhan lunga menjang Jerusalèm, menjang kuṭa-kuṭa lijané kaḍawuhan ndjadjahi saindenging djagad perlu ngunḍangaké Indjil marang sarupané tumitah, jaiku saḍéngah wong lan bangsa, supaja paḍa ngrungua pawarta kabungahan, jèn Gusti Jésus wis kasiksa lan kasalib nganti ngalami séda, lah sarana mengkono wis njanggi sakèhing paukuman sing beneré kudu disangga déning manusa dosa; nanging sing mbungahake jaiku: Gusti Jésus wis wungu saka ing séda lan kepareng mitulungi slamet marang angger wong sing tresna lan pratjaja marang Pandjenengané, kaparingan karahajon langgeng.

Marga saka dosa manusa kasébrataké saka ing ngarsané Allah lan kaineban gapuraning swarga. Nanging marga saka sangsara lan sédané Gusti Jésus, Pandjenengané wenang njowanaké kagungané marang ngarsané Allah lan gapuraning swarga binuka manéh.

Mengkono iku djatining Indjil, ija kabar kabungahan sing kudu diwartakaké para sekabat marang djagad.

Para sekabat lan murid-murid sing paḍa nglumpuk ana ing omah mau dadine dipitaja déning Gustiné ngemban ḍawuh sing adi linuwih, pinatah nglakoni ajahan sing mulja lan pinundjul, ngungkuli sakèhing bubuhan lan ajahan sing ana ing djagad.

ING dina Achad malem Senèn iku para sekabat lagi bisa ngrasakaké marem lan