Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/154

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
„MARJAM!” ——— .... „RABBUNI!”

jam weruh jèn Gustiné djumeneng ana ing ngarepé, mulané ora taha-taha bandjur sudjud kambi mulung tangané, undjuké: „Rabbuni!” djarwané: „Guru kawula!” Sedyané Marjam arep njungkemi sampéjané Gustiné karo ngesokaké kabungahaning atiné, nanging bandjur dipenggak déning Gusti Jésus, pangandikané klawan sarèh: „Adja nggepok marang Aku, awit Aku durung sumengka menjang ing ngarsané Ramakku. Nanging lungaa nemoni para sadulurku, paḍa warahen: „Aku sumengka menjang ing ngarsané Ramakku lan Ramakmu, ngarsané Allahku lan Allahmu.”

Sarampungé ngandika mengkono, Marjam weruh-weruh wis kari idjèn. Gusti Jésus ora kaweruhan menjang endi tindaké: kajadéné rawuhé mak djleg katon ana ing ngarepé Marjam, mengkono uga tindaké mak klépat ilang saka ing pandeleng.

Nanging Marjam, senadjan ditilar idjèn, atiné tatag lan bungah, awit sakèhing prihatiné wis kabirat. Iba senengé jèn diparengaké nḍèrèk tindaké Gustiné, nanging Pandjenengané ngandika jèn arep kondur menjang swarga ing dalemé Allah Sang Rama. Kaprihatinaning atiné wis malih dadi kabungahan sing tanpa upama geḍéné, pangutjapé: „Gusti wis wungu saka ing séda! Saiki Pandjenengané gesang manèh!” Jèn ngélingi uripé sing wis kepungkur, enggoné tansah gawé dosa, iba suka sukuring atiné, déné Gusti Jésus kepareng ngluwari lan ngapunten sakèhing dosané, mangka saiki Marjam rumangsa olèh kanugrahan geḍé déné diparengaké njawang marang Gustiné sing wis wungu, luwih ḍisik tinimbang para sekabat lan murid lijané, malah kapatah nimbalaké ḍawuhé Gustiné marang para kagungané.

Satekané Marjam ing ngarepé para sekabat, bandjur njritakaké lelakoné, tembungé: „Saèstu Gusti sampun wungu saking séda. Mripat kula sampun ningali Pandjenenganipun lan kula sampun mireng pangandikanipun!” Sing paḍa ngrungu mung ndjenger, djalaran pawarta sing dirungu saka Marjam lan wong wadon lijané sing luwih ḍisik tekané, pantjèn ngéram-éramaké banget, nanging ija mbungahaké! O, muga-muga Gusti ija kepareng rawuh ana ing satengahé, mengkono pangarep-arepé para murid kabèh, supaja katog enggoné ngrasakaké kabungahan!

DINA Achad, wiwitaning minggu iki, pantjén kebak lelakon sing élok ngéram-éramaké. Para pradjurit sing paḍa djaga ana ing patamanan, para imam sing ana ing kuṭa Jèrusalém, wiwitané paḍa gambira lan mbeḍeḍeg atiné, djalaran rumangsa unggul ḍéwé; „Jésus Nasarani rak wis sirna! Nanging kaprawiran lan