Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/152

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

152

GUSTI JÉSUS NGETINGAL MARANG WONG WADON

***

nganti sumebar ing saindengé djagad, mangka akeh wong sing paḍa ngandel, nganti tekan ing djaman saiki uga.

Pawarta goroh mau ing sakawit perluné mung kanggo ngaling-alingi para imam supaja adja nganti ditutuh déning wong golongan jèn tumindak nasar, nanging sadjatiné para imam ḍéwé atiné ora bisa djendjem, awit tansah direriḍu déning gagasan mengkéné: „Jésus Nasarani wusanané bisa menang, lan aku sing kalah!”

GUSTI Jésus unggul! Apa sing kelakon ing wajah bengi ing sadjeroning patamanan, ora ana djanma manusa sing ngerti, nanging luwih déning élok lan mulja pinundjul, ngungkuli sakéhing prakara sing tau kelakon ing djagad.

Pasaréan sing peteng lan anjes iku ora bisa masésa marang Gusti Jésus, Gustining kamuljan wungu saka ing séda lan mijos saka ing guwaning pasaréan. Bala malaékat, utusan saka ing swarga tumeḍak lan ngglunḍungaké watu lawangané pasaréan. Lan ing swarga ana kabungahan geḍé, marga Sang Djuru Slamet wis ngasoraké sakèhing pialané manusa, malah unggul saka ing pati.

Saiki Pandjenengane wis olèh kaunggulan ing sasampurnane.... Ing djaman purwa pirang-pirang abad kepungkur, marga saka pamurangsaraké bapa Adam lan ibu Chawa paḍa tumiba ing dosa, temahan wong sadjagad kabèh paḍa kawengku ing dosa, sing ndjalari manusa paḍa kasebrataké saka ing ngarsané Allah kang maha sutji. Nanging ing djaman purwa iku uga, nalika isih paḍa ana ing patamanan Pirdus, Gusti Allah wis paring prasatya bakal ngrawuhaké Sang Mesih, ija Djuru Panebus, kang bakal mulihaké patunggilané manusa karo Allah .... Lan ing nalika semana Iblis sing tansah ngarah tjilakané manusa, wis kaparingan paukumané tumuli, lan wekasané bakal kasoran.

Iku kabèh saiki wis kelakon. Iblis, satruné manusa, bisa nggegasah atiné para imam supaja niksa lan njédani Gusti Jésus, Putrané Allah. ....Nanging Pandjenengané saiki wis wungu saka ing séda. Lan saiki sakèhing pialané manusa ora bakal bisa tumama ing Pandjenengane, awit Pandjenengané unggul lan djumeneng Gustining swarga lan bumi. Lan sing sapa ngungsi marang Pandjenengane njuwun pitulungan lan pangajoman, bakal slamet ing salawas-lawasé. Pandjenengané wis ngalami nanḍang sangsara lan séda njulihi manusa dosa: Pandjenengané kang njanggi paukumaning djagad.... Kang tinemu saiki mung sarwa mulja lan nengsemaké.

Nanging nalika wajah bengi iku ing salumahing bumi ora ana manusa sing njana, adja manèh sing ngerti lelakon mau.

GUSTI JÉSUS NGETINGAL MARANG WONG WADON

ING dina Achad, wajah ésuk umun-umun, ana wong wadon telu paḍa buḍal saka Jerusalèm menjang ing pasaréané Gusti Jésus nggawa anggi-anggi sing wis ditjawisaké. Wong wadon mau, Marjam Magdaléna, Marjam ibuné Jakobus, lan Salomé, sedyané paḍa arep minḍoni enggoné ngulesi Gusti, djalaran enggoné njarèkaké Gusti ing dina Djumuwah soré mung mburu tjukup, awit wis mèh ngantjik dina Sabbat .... Jèn kélingan marang Gusti lan Guruné sing wis dadi lajon, atiné karanta-ranta kebak seḍih, temah mbrebel wetuning eluhé. Mengko ing sarampungé enggoné paḍa ngulesi Gustiné, bakal ora njawang manèh marang Gusti sing paḍa ditresnani, ing sadjegé urip.

Dumadakan wong wadon mau ana sing kélingan jèn pasaréané Gusti ditutup nganggo watu geḍé, mulané bandjur takon: „Sapa sing bakal nulungi ngglundungaké watuné saka ing lawangané pasaréan? Aku wong telu mesti ora kuwat ....!” Èwadené wong wadon mau ora paḍa bali ing dalan. Mangka ija paḍa ora ngerti jèn pasaréane wis ditjap lan didjaga ing pradjurit. Apa sing mentas kelakon ing wajah bengi sing ngrinakaké dina Achad, wong wadon telu mau genah ora ngerti babar pisan.

Satekané ing patamanané Jusup, wong mau paḍa kagèt, djalaran watuné ketemu wis kaglundungaké lan guwaning pasaréan katon menga, Marjam Magdaléna bandjur tjengkélak bali menjang ing kuṭa, arep awèh weruh marang para sekabat. Durdjana saka ing endi wani-wani ngrusak pasaréan lan njolong lajoné Gusti?

Kotjapa wong wadon sing loro nerusaké lakuné nganti mlebu ing pasaréan .... Mripaté katja-katja, djalaran atiné kagèt kaworan seḍih: lajoné Gustiné wis ora ana ing pasaréan, mesṭiné wis ditjolong ing wong. Wong loro mau bandjur alon-alon mundur ... tumuli ana malaékat djumeneng ing tjeḍaké pangagemané mentjorong ngungkuli paḍangé srengéngé. Bareng paḍa banget wediné lan paḍa tumungkul, bandjur dipangandikani: „Keprijé déné kang gesang paḍa kogolèki ana ing panggonané wong mati? Ora ana ing kené, Pandjenengané wis wungu. Paḍa élinga kang wis dipangandikakaké marang kowé nalika isih ana ing tanah Galiléa, ḍawuhé: Putrané manusa pinesṭi kaulungaké