Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/149

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

GUSTI JÉSUS KASARÈKAKÉ

149

getihé awor banju. Iku dadi bukti kang tjeṭa jèn Gusti Jésus sanjata wis séda.

Ing dina iku para imam lan para pinituwa sowan manèh ing ngarsané Pilatus lan adreng panjuwuné supaja para wong sing paḍa disalib, énggal kauḍunaké saka kaju salib lan kakubur ing sadurungé ngantjik dina Sabbat, djalaran bangsa Jahudi kudu nutjèkaké dina Sabbat kang sutji. Ing dina iku adja ana wong durdjana kebandjur gumantung ing kaju salib, supaja adja paḍa ngéling-élingake para wong mursid marang piala, temah mulusa enggoné paḍa saos pangabekti lan memudji marang Allah.

Pilatus ija ndjurungi apa sapanjuwuné para imam mau.

Nanging sapungkuré iku isih ana sing paḍa sowan manèh ngundjukaké panjuwun marang Pilatus. Sing paḍa sowan mau wong loro kalebu panunggalané para ahli kitab, wargané Pradata Jahudi, dadi ija kalebu golongané para pangarepé bangsa Jahudi. Déné sing paḍa disuwun jaiku supaja kelilana ngukup lajoné Gusti Jésus saka ing kaju salib; iku perluné supaja lajoné Gusti Jésus adja nganti katjemplungaké ing djugangan awor karo djisimé wong durdjana, nanging bisaa kasarekaké klawan pakurmatan ana ing kubur kang betjik lan mungguh kagem Pandjenengane ... Pilatus katon éram mirsani ulama loro mau, sing paḍa ngaku dadi mitrané Gusti Jésus, awit Pilatus kagungan panjana jèn Gusti Jésus iku babar pisan ora kagungan mitra, saja manéh ing kalangané para ulama lan pangarepé wong Jahudi ....

Pilatus ora mambengi sedyané wong loro mau. Pilatus wis ora merduli marang Rabbi saka Nasarèt sing saiki wis mati, senadjan enggoné kasalib tanpa dosa. Jèn wis mati, arep dikapakaké manèh, menawa ora dikubur? Jèn wis kakubur, rak bandjur énggal sirna saka ing pangangen-angen .... Mungguh bisaa, lelakon sing mentas kepungkur arep dibusek saka ing pangangen-angené!

ULAMA loro mau bandjur énggal-énggalan mangkat menjang Golgota. Ing sabisa-bisa kudu nḍisiki tekané para pradjurit utusané Pilatus, supaja Gusti Jésus adja nganti kapetak bareng karo wong durdjana. Ulama loro mau wis paḍa golong sedyané arep njarèkaké lajoné Gusti Jésus ana ing kubur sing anjar lan resik, sembada marang kasutjèné. Ulama loro mau jaiku: Nikodémus lan Jusup ing Arimatèa, sakaroné paḍa kalebu golongané para ahli kitab lan wong Farisi, nanging paḍa ora mèlu ngrudjuki ing rembug lan pratingkahé para imam, malah paḍa mbudi daja murih luwaré Guru lan Gustiné saka ing paukuman pati. Nanging wong loro mau bisa ndajani apa lelawanan karo wong semono kèhé? Rékadajané ora bisa oleh gawé. Nanging saiki, sawisé Gusti Jésus séda, wong loro mau kepéngin nélakaké bekti lan tresnané marang Pandjenengané. Lajoné Guruné disuwun lan arep disarèkaké patrapé kajadéné njarèkaké lajon sing pantes diurmati lan dipunḍi-punḍi.

Nanging enggoné paḍa tumandang ing gawe kudu tjèkat-tjeket, adja nganti kesurupan srengéngé. Awit jèn srengéngé wis surup, wis ngantjik dina Sabbat-Paskah sing adi lan sutji, temah ora diparengaké nglakoni pagawéan apa baé ....

Wong loro mau bandjur nggelar mori alus sing isih anjar lan resik didèkèki tjaruban blendok mur lan kaju garu, kaja adaté wong Jahudi menawa mètak lajoné wong sugih .... Ing kono ija ana wong wadon, murid-muridé Gusti Jésus, sing paḍa ngréwangi, kajata: Marjam Magdaléna, karo Marjam ibuné Jakobus, apadéné Salomé ....

Ing wajah soré remeng-remeng mau punṭuk Golgota dadi sepi njenjet, jaiku njenjeting kaprihatinan kang tanpa upama geḍené. Atiné wong-wong mitrané Gusti Jésus wis kumanṭil-kanṭil déning trésna marang Pandjenengané, trenjuh dening welas njawang marang lajon sing isih pinantèk ing kaju salib .... Tumrapé wong-wong mau djagad dadi mamring djalaran rumangsa tinilar ing mitra sedjati!

ING kono lajoné Gusti Jèsus bandjur ditumeḍakakè saka ing kaju salib klawan urmat lan pakering, disarèkaké ana ing mori alus sing wis didèkèki tjaruban blendhok mur lan kaju garu. Sawisé diulesi, bandjur dibopong déning Jusup ing Arimatèa lan Nikodemus, digawa menjang ing kubur anjar sing ana ing patamanan ing satjeḍaké panggonan kono, jaiku ing pasareané. Ing saburine lajon mau para wong wadon paḍa nḍèrèkaké kambi nangis mingseg-mingseg djalaran kamomotan ing seḍih, djagad wis prasasat sepi ing panglipur lan tuna ing pangarep-arep.

Gusti Jésus, ija Gusti kang paḍa ditresnani, awit saiba enggoné tansah ngerobi ing sihé!

ING panggonané Gusti Jésus kasalib ana patamanan duwèké Jusup ing Arimatèa, lan ing patamanan iku ana kuburé isih anjar, kang durung tau kanggo ngubur wong, iku genṭan duwèké Jusup wong sugih mau. Nanging sarèhné saiki Gusti Jésus kudu kasarèkaké tumuli, mulané kubur anjar sing diganṭa-ganṭa kanggo awaké ḍéwé, bandjur kasaosaké kagema ing Gustiné.

Dadiné Gusti Jésus tumuli kasarekaké ana ing kubur sing isih anjar, tur kuburé wong