Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/146

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

146

GUSTI JÉSUS KASARÈKAKÉ

***

ngraosaké pananḍangé lan sangsara manèh, djalaran sakèhing ajahan sing dibebahaké Sang Rama wis kelakon dirampungaké, paukumaning djagad wis disanggisumurup enggoné ngleksanani kersané Sang Rama ing swarga. Dosa sing ndjalari sangsarané djagad wis kabirat, temah manusa diparengaké sowan ing ngarsané Gusti Allah. Sang Djuru Slamet, senadjan isih gumantung ing kaju salib, pamulaté marang djagad lan swarga kajadéné Sang Prawira sing mentas unggul judané. Ing kono Gusti Jésus bandjur nguwuh manèh klawan swara kang sora: „Wus rampung!” Lan sadurungé megat njawa Gusti Jésus nguwuh manèh: „Ḍuh Rama, kawula nitipaken njawa kawula ing asta Tuwan.” Sawisé mengkono bandjur nḍingklukaké mastaka megat njawa. Pangandikané kang wekasan mau awudjud panjuwun marang Allah, nanging ija awudjud kamaremaning panggalih, déné Pandjenengané saiki wis pulih manunggil karo Sang Rama ing swarga ing salawas-lawasé.

KOTJAPA kang ana ing padaleman sutji, para imam wis wiwit saos kurban kaja adaté miturut angger-angger, kagem ing kaluhurané Allah, ― bareng karo sédané Gusti Jésus ing kono ana lelakon kang élok ngéram-éramaké: gubahé padaleman sutji suwèk dadi loro, wiwit ing ḍuwur tumeka ing ngisor. Gubah iku gumantung ing djero padaleman sutji minangka singgetan ing antarané pasutjèn lan pasutjèn kang pinundjul, kang ora tau dileboni ing wong kedjaba imam agung, nanging keparengé mlebu mrono mung sepisan saben setaun, jaiku jèn pinudju njaosaké kurban pangruwating dosa. Mangka saiki gubah mau suwèk dadi loro, dadi pasutjèn kang pinundjul wis ora disingget manèh. Prakara iku njasmitani, jèn pasutjèn kang pinundjul sing mauné disengker, saiki kena dileboni ing saḍéngah wong. Para imam paḍa kagèt bareng weruh suwèking gubah nganti pijak dadi loro.

Nanging wong-wong mau paḍa ora bisa ngerti tegesing sasmita mau. Sasmitané gubah suwék iku kanggo mralambangi jèn dalan mlebu menjang swarga saiki wis binuka kanggo saḍéngah wong, lantaran pakarjané Gusti Jésus sing mentas dirampungaké ana ing kaju salib, nalika Pandjenengané ngandika klawan swara sora: „Wus rampung!”

Bareng karo suwèking gubah ing padaleman sutji, nalika semono bumi gondjang-gandjing, parang-parang paḍa bengkah, lan kubur kubur paḍa menga, lan baḍané para sutji kang wus ngadjal akèh kang paḍa katangèkaké.

KEPRIJÉ mungguh kaanane wong-wong sing paḍa ngrungu lan weruh lelakon iku kabéh? .... Wong-wong mau paḍa banget wediné, bandjur paḍa mulih kambi tebah-tebah ḍaḍa, lan bisik-bisik pada ngutjap: „Bilai aku déné ngwutahaké getih resik! Sapa ta sedjatiné wong sing mentas paḍa daksalib iku?” Wong golongan mau bubar pating blesar mulih menjang omahé ḍéwé-ḍéwé, lan ora lèrèn-lèrèn enggoné paḍa nutuh awake, ḍéwé, udjaré: „Bilai aku, déné wis ngwutagaké getih resik!”

Anadéné panatus pradjurit, wong kapir, bareng weruh lelakon mau lan nungkuli enggoné Gusti Jésus megat njawa, tumuli ngluhuraké Allah, pangutjapé: „Njata jèn wong iku tanpa kaluputan! Iku Putrané Allah!”

WAYAHÉ wis ngarepaké soré. Punṭuk Golgota pulih sepi njenjet kaja adaté jèn wajah bengi.

GUSTI JÉSUS KASARÈKAKÉ

KATJARITA soréné, bareng wis ngarepaké wajah surup srengéngé, ngarepaké puputing dina sing keliwat-liwat gawaté, Gusti Jésus isih gumantung ing kaju salib, ― wis dadi lajon, djalaran séda katjidra déning bangsa Jahudi.

ING wajah remeng-remeng katon ana regemenging wong paḍa munggah marani kaju salib. Iku pradjurité Pilatus sing paḍa kaḍawuhan nguḍunaké wong-wong sing isih paḍa gumantung ing kaju salib, bandjur kaḍawuhan ngubur ana ing sikilé punṭuk Golgota utawa ana ing pakuburan Hinnom, jaiku pakuburané wong-wong durdjana. Lan saupama sing disalib isih paḍa urip, wong mau kudu karemukan sikilé tumuli mati. Nalika semono wong durdjana sing paḍa disalib, bareng karo Gusti Jésus, tinemu isih paḍa urip, mulané pradjurit mau bandjur paḍa mara ngremuki sikilé durdjana sing ngala-ala marang Gusti Jésus bareng karo durdjana sing njuwun pangapura. Dadi marga saka nanḍang lara kang banget djalaran karemukan balunge, wong durdjana loro mau paḍa nemahi mati ....

Nanging bareng paḍa nekani panggonané Gusti Jésus kasalib, pradjurit mau paḍa ngerti jèn Pandjenengané wis séda, mulané ora nganti karemuk sampéjané. Nanging ana sawidjining pradjurit sing ora pati ngandel jèn Pandjenengané wis séda, ndjodjoh lambungé nganggo tumbak, temahan sanalika metu