Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/145

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

GOLGOTA

145

kinasih, paḍa ngadeg ing tjeḍak salib, Marjam njipati ḍéwé enggoné Gusti Jésus disalib. Rasa lara sing tumama ing sarirané Gusti Jésus kaja-kaja ja dirasakaké Marjam ana ing awaké. Saiki Marjam lagi bisa ngerti kadadéjaning pametja sing diweḍarake déning Simeon, nalika bijén njowanaké Sang Djabang Baji menjang ing padaleman sutji. Pangandikané Simeon marang Marjam: „Malah atimu bakal katuwek ing peḍang.” .... Saiki Marjam ngrasakaké atiné kaja djinuwing-djuwing djalaran nekseni pananḍangé kang Putra. Senadjan mung seḍih lan prihatin sing bakal dirasakaké jèn mèlu menjang Golgota, éwadéné Marjam meksa teka mrono pamurihé supaja bisa njawang kang Putra sepisan manèh.

Gusti Jésus ningali Marjam kang ibu. Ing sadjroning mbetahaké sangsara galihé banget trenjuhé déning welas marang kang ibu kang bakal ditilar. Gusti Jésus kepareng paring pitulungan lan panglipur. Jochanan, murid kang kinasih, bakal dipasrahi ngreksa lan ngrumati Marjam, karengkuha kajadéné ibuné ḍéwé, lan Marjam nganggepa marang Jochanan kaja marang kang putra pijambak. Pangandikané Gusti Jésus marang kang ibu: „Njai lah punika putra sampéjan.” Pangandikané marang Jochanan: „Lah iku ibumu.” Wiwit nalika iku Jochanan bandjur ngaturi Marjam terus manggèn ing omahé.

SEPIRA aboté enggoné nanḍang sangsara ing sarirané pijambak, Pandjenengané isih menggalih kabutuhané wong lija, isih ndongakaké wong lija, malah Pandjenengané isih kepareng mberkahi wong lija.

Nanging gerahé saja suwé saja ngranuhi, pameteking sangsara saja suwé saja abot, lan sarirané saja garing kepanasan temah banget enggoné kraos ngelak katoran.

Lan banget-bangeté enggoné nanḍang sangsara bareng wis wajah tengangé, srengéngé kaja pinandjer ing ḍuwur bener. Nanging dumadakan paḍangé srengéngé ilang déning pagowong kang nasabi ing satanah kabèh, pepunṭuk ing Golgota tekan ing Jerusalèm lan sawratané tanah katoné kaja ing wajah tengah bengi, temahan wong kabeh paḍa giris djalaran ketukup ing pepeteng sing ora sebaéné, mangka nganti telung djam suwéné. Lan ing sadjroning pagowong mau kaja-kaja Gusti Jésus ngatogaké enggoné nanḍang sangsara. Mangka satemené dudu gerahing sarira sing niksa Pandjenengané, nanging girising galih ....

Généja giris galihé? Pandjenengané iku Putrané Allah kang Mahakawasa, généja nganti giris galihé? .... Djalaran ing sadjroning pagowong mau Pandjenengané rumaos kepentjil lan ditégakaké. Ditégakaké déning manusa, djalaran wong akèh paḍa sarsaran salang-tundjang ninggal panggonané salib, ora karuwan parané ngungsi, djalaran paḍa wedi lan geter déning pagowong kang ora kaweruhan sangkan-parané. Jèn mung ditégakaké ing wong akeh, satemené iku ora sepiraa dajané, nanging Gusti Jésus rumaos ditegakaké déning Allah Sang Rama. Iku sing ndjalari Gusti Jésus kataman ing giris kang banget. Adaté Gusti Jésus tansah tetunggilan karo Allah Sang Rama, mangka saiki Pandjenengané lagi njanggi dosaning djagad, temah Allah ora ḍangan ningali Sang Putra ing kalané kasasaban ing djedjembering dosa. Saking bangeté enggoné kataman ing girising galih, Gusti Jésus nganti nguwuh klawan swara kang sora: „Èli, Èli, Lama Sabachtani! .... Ḍuh Allah kawula, Allah Kawula, punapaa Tuwan négakaken ḍateng kawula?"

Bareng mengkono srengéngé wiwit trèntjèng manèh, pagowong mundur alon-alon kaja-kaja kasoran prabawa déning pepaḍang sing nelahi ing pepeteng. Apa mengkono iku wudjuding wangsulan ingatasé pasambaté Gusti Jésus mau?

Wong-wong Jahudi sing mauné paḍa pating bilulung ngungsi golèk panḍelikan nalika katempuh ing pagowong, bareng wis ilang pagowongé lan pulih penṭèr manèh, bandjur pulih kakendelané lan gumenḍunging atinė: saiki wiwit wani mojoki manèh. Udjaré wong sawenèh kambi gumuju. „Wong iku njebut: „Èli. Èli! Ajo paḍa dienteni, apa Èlijah teka mitulungi!” Wong-wong mau tjeṭa pangrunguné lan ora salah tampa, nanging sarèhné atiné wis ngenḍem sengit, dadi sawetu-wetuné mung njenjengit. Panjenjamah mengkono mau wis ora digapé babar pisan déning Gusti Jésus. Sarirané gumantung ing kaju salib, kentèkan daja kakuwatan enggoné mbetahaké nanḍang sangsara, sirahé tumungkul kaja-kaja wis ndungkap adjale.

KLAWAN sabar-tawekal Gusti Jésus ngentosi sédané, mung kari seḍela enggoné nanḍang sangsara, bandjur sakèhé pananḍang ora dirasa manèh. Ing kono Gusti Jesus nguwuh: „Aku ngelak.” Ana pradjurit njelupaké djamur karang ing tjokak, bandjur disundep ing rajung, tumuli njaosi ngundjuk marang Gusti Jesus.

SAWISÉ nampèni tjokak mau, Gusti Jésus bandjur katingal rada aḍèng, sirahé sing wis tumungkul, bandjur ndengèngèk, tingalé sing wis lojop, mubjar manèh mulat maspadakaké djagading kadurakan sing ndjalari Gusti Jésus nganti nombokaké sarirane nganti tumeka ing séda. Nanging saiki Pandjenengané ora katon suntrut, kaja-kaja wis ora

10