Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/144

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

144

GOLGOTA

***

sarirané sing ora kasasaban ing pangageman, tatu lan rah sing ana ing mastaka lan pengkerané paḍa garing, lan Gusti Jésus banget enggoné nanḍang katoran .... Mangka ing sadurungé kasalib Gusti Jésus diaturi ngundjuk anggur ketjut kaworan rempelu; bareng diitjipi, ora kersa ngundjuk. Ombén-ombèn iku mendemi, bisa ngilangaké rasa lara. Mulané Gusti Jésus ora kersa ngundjuk, supaja bisa ngrasakaké ing sakatogé enggoné nanḍang sangsara ....

Para pradjurit sawisé njalib Gusti Jésus, bandjur paḍa ndjupuk pangagemané Gusti Jésus lan wong durdjana loro mau, tumuli diedum-edum, nanging bareng tekan kotang agemé Gusti Jésus, ana pradjurit kang duwé usul mengkéné: „Iku adja disuwèk, pajo digebug ing ḍaḍu, supaja karuwana sapa kang bakal nduweni.” Mungguh kotang mau ora nganggo dondoman, tenunané ladjuran saka ing ḍuwur tutug ing ngisor. Mengkono iku dadiné ana pangagemané Gusti Jésus kang diedum-edum sarana kagebug ing ḍaḍu.

Para pangarepé imam, para ulama lan para Farisi dalah wong golongan sing paḍa nunggoni enggoné Gusti Jésus disalib, paḍa anḍèr ana ing sakupengé kono, nanging ora wani tjeḍak-tjeḍak djalaran panggonan mau didjaga déning pradjurit Rum. Wong-wong ora lèrèn-lèrèn enggoné njampahi lan mojoki Gusti Jésus, sing katoné wis tanpa daja. Ana kang ngutjap mengkéné: „Èh kowé kang mbubrah padaleman sutji, bandjur jasa manèh sadjroning telung dina, mara luwarana awakmu ḍéwé. Menawa kowé Putrané Allah, mara muḍuna saka ing salib!”

Bareng Gusti Jésus wis gumantung ing kaju salib, wong Jahudi paḍa mongkog atiné, rumangsane wis menang, wis bisa ngalahaké Rabbi saka Nasarèt. Wis mesṭi baé menang, djalaran wong-wong mau paḍa dadi umaté Allah, abdi kang pinilih, mengkono rumangsané ....

Mangka ana ing kaju salib Gusti Jésus nanḍang sangsara kang banget. Pangérang-érangé wong golongan natoni galihé .... Saupama Gusti Jésus kersa, tembung saketjap kang mijos saka ing lésané bisa nekakaké wadyabala malaékat sing ngladosi Pandjenengané ing sakersané. Saupama Gusti Jésus nḍawuhaké wewelak, wong-wong Jahudi sing paḍa pating peṭènṭèng ngérang-érang Pandjenengané, ing sanalika mesṭi mak tjekengkeng mati kabèh! Nanging pantjén wis dadi kersané Gusti Jésus nanḍang sangsara ing sakatogé, pamurihé supaja bisa nepangaké manéh manusa karo Allah.

DALASAN wong durdjana kang paḍa kasalib bareng karo Gusti Jésus, kang sidji ngala-ala marang Gusti Jésus, uniné: „Jèn kowe njata Sang Kristus, lah, mara tulungana awakmu ḍéwé lan aku wong loro iki!”

Nanging durdjana sidjiné ora gelem ngala-ala marang Gusti Jésus. Lara sing njiksa awaké apadéné pati sing gawé mirising atiné, iku wis sapantesé baé tumrap ing wong durdjana lan wis murwat karo panggawé kang paḍa dilakoni. Balik Rabbi sing disalib ana ing tengah iku, rak ora sabeneré nampani paukuman sing semono aboté, awit Pandjenengané ora ana èmperé karo wong durdjana. Mangka Pandjenengané iku mung kendel baé, senadjan ora samesṭiné nanḍang paukuman. Lha kok kantjané sing wis genah wong durdjana, wani ngala-ala marang wong sing diukum tanpa kaluputan, dupeh nunggal sapaukuman. Mulané kantjané mau bandjur disenḍu lan diwelèhaké, tembungé: „Keprije ta déné kowé ngala-ala marang wong mursid iki? Apa kowe wis ora duwé wedi marang Allah? Mungguh aku lan kowé, wis sabenere baé nampani kang murwat karo panggawé kang paḍa daklakoni. Balik wong iki ora nglampahi kaluputan apa-apa.” .... Wong durdjana sing diwelèhaké mau mung gumuju baé. Nanging durdjana sing mrinani Gusti Jésus, bandjur mundjuk marang Pandjenengané klawan mantep pangandḍelé: „Ḍuh Gusti, béndjing samangsa Tuwan rawuh ing kraton Tuwan, mugi ngèngeti ḍateng kawula.” Gusti Jésus sing ora naté nampik panjuwuné wong sing sowan marang ngarsané klawan tobat, bandjur mirsani wong durdjana mau klawan welas lan kepareng paring wangsulan sing gawé lereming ati. Senadjan lésané wis rekasa kagem ngandika djalaran garing kepanasan, éwadéné widjiling pangandikané tumamané ana ing atiné wong durdjana mau kaja tètèsing ebun ing wajah ésuk. Pangandikané Gusti Jésus iku mrasetyakaké bab pangapuraning dosa lan padunungan anjar ana ing swarga. Ḍawuhé Gusti Jésus: „Satemené pituturku ing kowe: Ing dina iki kowé bakal mèlu Aku ana ing Pirdus.”

SAKA ing antarané wong golongan ana wong wadon marani salibé Gusti Jésus. Klawan rekasa enggoné munggah ing pepunṭuk ḍuwur, polatané katon suntrut lan seḍih banget, enggoné nangis isih kamisesegen. Lakuné dikanṭi ing wong lanang, muridé Gusti Jésus, ketara banget jèn murid mau tresna lan welas marang Guruné nganti ora tegel njawang marang sangsarané.

Pradjurit Rum sing weruh tekané wong wadon mau, ora ana sing wani ngalang-alangi, ana sing ngutjap: „Iku ibune!” Marjam, ibuné Gusti Jésus, lan Jochanan, murid sing