Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/140

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

140

„MUGI KASALIBA! KASALIBA!”

***

dadi panjuwuné .... Nanging senadjan Pilatus masrahaké Gusti Jésus marang wong Jahudi, éwadéné Pilatus arep nedahaké jen ora mèlu-mèlu dadi djalaraning sédané, mulané bandjur munḍut banju sarta widjik asta ana ing ngarepé wong golongan, ḍawuhé: „Aku iki ora ketempèlan getihé wong mursid iki. Kowé paḍa ngrasakna ḍéwé, djalaran kowé sing paḍa duwé nijat njédani Pandjenengané!”

Mengkono iku lelakoné bupati sing djirih lan hakim sing ora wani ngukuhi kaadilan! Mangka Pilatus iku ngerèhake wadyabala Rum, dadi ora perlu wedi marang pangamuké wong Jahudi, lan jèn netepi kaadilan, benerė Pilatus kudu ngandika marang wong Jahudi: „Senadjan panguwuhmu ngantia sunḍul ing langit, senadjan kowé paḍa nganakaké éra-èru lan senadjan kowé madulaké aku marang ngar sané Sang Prabu ing Rum, .... Jésus iki wong resik tanpa dosa, mulané dakluwari!” Nanging kodjur, Pilatus iku wong djirih. Banju sing diagem widjik asta, bisa ngilangi rereged sing ana ing astané, nanging piala sing wis mandjing ana ing galihé djalaran nuruti panggudjegé bangsa Jahudi, apa bisa ilang mung sarana widjik asta? Ḍawuhé Pilatus marang wong golongan: „Kowé paḍa ngrasakna ḍéwé enggonmu arep matrapi wong sing resik tanpa dosa iku!”

Wong golongan bandjur paḍa surak, aturé marang Pilatus klawan bungah: „Sendika, prakawis punika dados tanggelan kula sedaja. Rahipun dumawaha ing kula saanak-putu kula! Kula sedaja ingkang baḍé njanggi amis-batjinipun! Nanging tijang punika kedah kasirnakaken!” Wong golongan kaja-kaja wis geleng nunggal karep njirnakaké Gusti Jésus, embuh keprijé kadadéjané ing tembé buri.

Pilatus bandjur ḍawuh nggawa lan njapu marang Gusti Jésus. Miturut adaté ing tanah kono, wong durdjana sing bakal kapatrapan paukumam pati sarana kagantung ing kaju salib, iku kudu disapu ing sadurungé .... Mengkono uga Gusti Jésus, sarèhné Pilatus wis masrahaké Pandjenengané marang wong Jahudi supaja kasalib, mulané Pandjenengané saiki ija kudu nanḍang dipisakit sarana kasapu.

Gusti Jésus bandjur diḍabjang déning para pradjurit Rum menjang ing palataran djero. Kantja-kantjané pradjurit diklumpukaké sapanṭa pepak, arep ngleksanani ḍawuhé Pilatus. Jèn ndeleng para pradjurit sing pawakané blenṭot lan pating peṭékol, apadéné kasar tandangé, ana ing tengahé wong-wong mau Gusti Jésus katon ringkih tanpa daja. Gusti Jésus tansah digegudjeng lan dipepojok. Sakèh ing pamemirang disanggi klawan sabar. Lan bareng sarirané dilukari lan pengkerané disapu nganti tjètjel-butjel kulité lan diéwéran rahé .... Gusti Jesus mung kèndel baé, sèwu lara diampet lan sèwu wirang dibetahaké. Mangka Pandjenengané ora ketara jèn mengku duka.

Ana pradjurit sing ngutjap mengkéné: „Iki ratune wong Jahudi.” Kantjané njauri: „Jèn mengkono kudu dianggon-anggoni kajadéné ratu! „Ing kono Gusti Jesus bandjur diagemi pangageman wungu, malah digawèkaké makuṭan eri bulet-buletan, diagemaké ing mastakané, eri sing lantjip-lantjip njubles ing kulit, teman pasurjané godrès rah .... Ing astané tengen ditjepèngi rajung minangka djungkating kaprabon. Pradjurit mau bandjur paḍa djengkèng ana ing ngarsané Gusti Jésus kambi mojoki, pangutjapeé: „Saos bekti, ratunipun tijang Jahudi!” Bandjur paḍa ngidoni lan ndjupuk rajungé digebugaké ing mastakané ....

Gusti Jésus kèndel baé. Sarirané rempu déning disapu; galihé kaja dirudjit-rudjit déning pepojok lan tjetjampah. Éwadéné lésané ora nglairaké pasambat lan nétrané ora mantjereng mengku duka. Gusti Jésus kang lembah-manah, tansah mbetahaké lara lan wirang lair batin .... mung karana saka sih kawelasané marang manusa dosa.

PILATUS mirsani Gusti Jésus enggoné kagawé sawenang-wenang, nanging ora nganti rentah welasé, djalaran wis kerep pirsa sesawangan sing mengkono iku. Nanging Pilatus isih pados réka supaja bisa nguwalaké saka ing paukuman pati. Ḍawuhé marang para pradjurit: „Wongé gawanen metu, tuduhna marang wong golongan.” Gusti Jésus bandjur diirid mijos ngagem makuṭa eri lan djubah wungu .... Panggalihé Pilatus mengkéné: „Bokmenawa wong Jahudi runtuh welasé jèn paḍa njawang marang seduluré tunggal bangsa nanḍang disija-sija.”

Gusti Jésus didjumenengaké ing ngarepé wong golongan, sirah lan pengkerané gubras rah, remek rempu sarirané dening nanḍang panjija-njija kang banget; mengkono iku wudjudé „Wong kang banget kelara-lara”.

Ing kono pangandikané Pilatus marang wong akèh: „Sawangen Wongé!” Wong golongan sanalika meneng kabèh. Nanging bareng para pangarepé imam lan para ulama paḍa njawang marang Gusti Jésus, bandjur paḍa ngipuk-ipuk wong golongan paḍa diadjak bebarengan nguwuh-uwuh: „Kasirnakna! Kasaliba!” Wong golongan njambungi: „Kasaliba! Kasaliba!” Pangandikané Pilatus: „Ratumu teka daksalib?” Nanging wong Jahudi sing adaté paḍa geṭing marang wong Rum lan paḍa ora seneng dadi bawahe kraton Rum, mangsuli klawan lelamisan: „Kula sami boten gaḍah ratu kadjawi Sang Prabu