Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/139

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

„MUGI KASALIBA! KASALIBA!”

139

Déné para pangarepé imam lan para ulama isih paḍa bengak-bengok ngantebaké panggugaté marang Gusti Jésus.

Nanging Gusti Jésus kèndel baé.

Bareng tetéla jèn tanpa gawé enggoné ndangu Gusti Jésus, Héroḍès bandjur kèndel. Satemené ana paédahé apa tumrap Héroḍès nitipriksa prakarané Jésus Nasarani iku? Mulané Gusti Jésus bandjur dilelingsem lan dipepojok déning Héroḍès dalah para pradjurité, sawisé katog, bandjur diagem-agemi putih gumilap, kaja adaté bangsa Rum: jèn ana wong ngarah marang pangkat ḍuwur, wong mau bandjur manganggo putih. Sarèhné Gusti Jésus ija disuwuraké arep djumeneng ratu, mulané bandjur diagem-agemi putih.

Wusanané Gusti Jésus bandjur diwangsulaké menjang ngarsané Pilatus. Pandjenengané diḍabjang manèh ing wong golongan, ing sadalan-dalan mung dadi tontonaning wong akèh.

Pilatus pirsa tekané wong golongan ngarak Gusti Jésus. Wong resik, babar pisan ora tinemu kaluputané, lha kok diladèkaké lan disuwunaké paukuman, mangka ukum pati! Pilatus djuḍeg galihé .... Swarané wong golongan sing paḍa nguwuh-uwuh krungu saka kadohan pinḍa ampuhan nasak pagunungan .... Pilatus ketara jèn adjrih saupama ngluwarana Gusti Jésus, senadjan wis uninga karesikané.

Nanging Pilatus wis manggih akal. Adaté bupati saben samangsa rijaja Paskah nglilani luwaré lelaran sidji manut ing pamilihé wong akèh .... Mangka nalika iku ana lelaran sidji sing kedjuwara dadi bénggolé branḍal, djenengé Barabbas. Jèn wong Jahudi paḍa diḍawuhi milih ing antarané Jésus Nasarani kang ora tinemu kaluputané karo Barabbas sing dadi bénggolé branḍal, mesṭiné baé wong Jahudi bakal paḍa milih Jésus Nasarani. Mengkono rékané Pilatus enggoné arep ngluwari Gusti Jésus.

Nanging Pilatus iku satemené tansah godjag-gadjeg panggalihé: jèn miturut adilé kudu ngluwari Jésus Nasarani, nanging adjrih bakal gawé nepsuné bangsa Jahudi; jèn arep nuruti panjuwuné bangsa Jahudi nḍawuhaké paukuman ingatasé Gusti Jésus, galihé ija ora sekétja, djalaran wis tjeṭa jèn sing kudu diukum mau ora duwé kaluputan apa-apa .... Saja manèh, nalika wis pinarak ing pangadilan, ana utusané garwané ndikakaké matur: „Sampun sampéjan maèlu prakawisipun tijang punika, awit wau dalu salebetipun supena kula ngraosaken susah sanget krana Pandjenenganipun.”

Pilatus wis nemtokaké ing salebeting galih jèn rantjangané iku mau bakal olèh gawé. Barabbas diwetokaké saka ing kundjara, bandjur digiring menjang ing pangadilan, Barabbas sing kakundjara djalaran prakara radjapati! Jèn wong golongan paḍa ndeleng wudjudé Barabbas sing nggegirisi, mesṭi bakal paḍa njuwun luwaré Jésus Nasarani sing katon lembah-manah.

Nanging bareng Pilatus ndangu, ḍawuhé: „Wong loro iku endi kang kodjaluk luwaré?”, wong golongan bandjur paḍa nguwuh-uwuh saur manuk: „Jésus kasaliba! Barabbas kaluwarana!” Pilatus kedjot, rantjangané gagal, ora njana babar pisan jèn bakal mengkono kadadéjané. Pilatus bandjur ndangu manèh: „Menawa mengkono, Jésus kang kasebut Kristus, iku dakkapakaké?” Aturé wong akèh: „Mugi kasaliba! Kasaliba!” Éwadéné Pilatus isih ndangu: „Dosané apa ta?” Nanging wong akèh malah paḍa munḍak seru enggoné nguwuh-uwuh, uniné: „Kasaliba! Kasaliba!” Panguwuhé wong golongan tumempuhé marang Gusti Jésus apinḍa panggrabjaging samodra rob.

Wong golongan enggoné paḍa nguwuh-uwuh mengkono iku marga saka pangipuk-ipuké para pangarepé imam lan para ulama. Wong golongan ḍéwé satemené paḍa ora ngerti apa perluné paḍa nguwuh-uwuh mengkono iku. Atusan tjatjahé wong sing saiki mèlu-mèlu muni: „Kasaliba!”, mangka sawetara dina kepungkur paḍa bebarengan ngulukaké pamudji: „Hosanna kondjuk ing teḍakipun Dawud; binerkahana ingkang rawuh atas Asmanipun Pangéran!” Saiki wong golongan mau paḍa ngadjap sédané Gusti Jésus ana ing kaju salib, séda kang nisṭa kajadéné patiné wong durdjana!

Wong golongan mau paḍa ketjuwan banget ingatasé Gusti Jésus, déné ora kersa didjumenengaké ratu .... Atiné wong-wong mau saja wuwuh enggoné ketjuwan, bareng paḍa ndeleng Gusti Jésus dadi bebandan, pasurjané putjet, sarirané katon lungkrah tanpa daja .... Wong-wong mau paḍa keduwung déné wingi-wingi paḍa duwé pangarep-arep ndjumenengaké ratu wong kaja mengkono. Sarèhné paḍa rumangsa ketjélik lan kapusan, mulané saiki ora owel-owelen njingkiraké sing ndadèkaké seriking atiné. Seru enggoné paḍa mèlu nguwuh-uwuh: „Kasirnakna tijang punika! Mugi kasaliba!”

Pilatus djuḍeg panggalihé mirsa wong golongan paḍa nggudjeg klawan wurahan banget, alok-aloké paḍa njuwun supaja Gusti Jésus kasaliba. Panguwuhé para pangarepé imam, binarung pambengoké wong golongan wis ora kena diampah manèh. Pilatus adjrih jèn ngluwarana Gusti Jésus. Ora ana dalan lijané kedjaba mung masrahaké Gusti Jésus marang wong Jahudi supaja kapatrapana kaja sing