Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/138

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

138

„MUGI KASALIBA! KASALIBA!”

***

Pilatus, akèh baé mergané jèn arep njuṭat Pilatus saka ing kabupatèn, kajata ngaturake lajang gugatan marang Sang Prabu ing Rum, kang idjoané nggugat Pilatus bab pirang-pirang prakara sing magepokan karo pangrèhé Pilatus sing tansah disiḍem lan ora kauningan déning Sang Prabu. Samangsa prakara mau nganti kapijarsa ing Sang Prabu, wis mesṭi ora betjik kadadéjané tumrap Pilatus; kitir sasuwèk bebasane bisa ngenḍangaké bupati Pilatus. Mulané Pilatus kudu wewéka lan kudu pinter ngrogoh atiné wong Jahudi, supaja awèt enggoné djumeneng bupati, mangku kamuktèn lan kawibawan, embuh pira prabéjané.

Nanging saiki keprijé enggoné arep mutus prakarané Jésus Nasarani iku? Wong sing ora tinemu mungguh dosané pati apa kena katrap ing ukum pati?

Mulané bareng mijarsa jèn Gusti Jésus iku saka ing tanah Galiléa, panggalihé sanalika mak plong, awit ngira bakal olèh dalan ontjat saka ing karépotan. Tanah Galiléa iku ora klebu bawahé. Sing maréntah ing kono radja Héroḍès. Mangka mbarengi rijaja Paskah iku Héroḍès ana ing Jerusalèm .... Jèn mengkono, prakara mau luwih betjik dipasrahaké marang Héroḍès, temah Pilatus ḍéwé bisa ombèr galihé. Tur ana perluné apa ta tumrapé Pilatus ngurus prakarané wong sing arep ngadegaké kraton sing ora saka ing donja kéné? Sing tansah diudi déning Pilatus iku supaja bisaa lestari mukti wibawa lan kepénak uripé, apadéné tetep enggoné djumeneng bupati, ora kedukan ana ing ngarsané Sang Prabu ing Rum.

Ing kono Pilatus bandjur ḍawuh supaja Gusti Jésus kaladosaké menjang ngarsané Héroḍès.

Wong Jahudi paḍa pating kedumel nguman-uman Pilatus lan njampahi Gusti Jésus .... djenèh prakarané ora tumuli diputus. Nanging wong mau paḍa ora bisa mbangkang ḍawuh, temah Gusti Jésus diḍabjang manèh turut dalan menjang dalem pamonḍokané Héroḍès. Wong sing paḍa mèlu ngetut-buri saja munḍak-munḍak akèhé nganti dadi golongan geḍé, swarané wong akèh gumeder kumruwuk paḍa nguman-uman lan mojoki Gusti Jésus. Ana sawenèh sing ngèlokaké: „Iku rak Rabbi saka Nasarèt sing bisa gawé kaélokan warna-warna ta? Généja? ....” Ana manèh sing tjelaṭu: „Kuwi rak sing adaté wani melèh-melèhaké para imam ta? Saiki keprije?” .... Ana sing njambungi, kanḍané: Kuwi apa dudu wong sing diarak mlebu ing kuṭa Jerusalèm nunggang kuldi kaja déné ratu? Saiki kok dadi bebandan, mesṭiné wong kuwi tukang ngapusi! .... „Mengkono udjaré wong akeh, lan kabèh paḍa maido lan ngina marang Gusti Jésus. Ana ing tengahé wong golongan mau Gusti Jésus mung idjèn baé, ora ana wong sidji baé sing nglabuhi: senadjan ditjetjamah lan dipepojok, Gusti Jésus tansah kèndel baé. Pasurjané ora ketingal adjrih utawa rengu, nanging paningalé kawistara jèn nanḍang trenjuh.

Gusti Jésus diḍabjang wong golongan kaja bebandan .... mangka Pandjenengané iku Putrané Allah kang nitahaké langit lan bumi, ija kang Mahakuwasa .... Jèn ditanḍing karo mahakuwasané Allah, nggandra pira wong golongan semono kèhé ana ing ngarsané? Nanging wis dadi kersané Gusti Jésus nanḍang sangsara, sepira aboté disiksa lan disija-sija, dipepojok lan ditjetjamah, kabeh iku mau arep disanggi klawan éklasing galih..

Gusti Jésus diglanḍang ing wong golongan ora béda karo wong sudrapapa, wong sing musakat ḍéwé paḍa-paḍa titahé Pangeran. Nanging malah karana iku mau kabéh Pandjenengané iku kang pinundjul lan kang luhur ḍéwé; Pandjenengané iku kang djumeneng Sang Mesih kang nanḍang sangsara sumurup enggoné ngluwari umat kagungané lan njanggi dosané manusa kabéh.

DADINÉ Gusti Jésus kaladosaké ing ngarsané radja Héroḍès.

Héroḍès bareng ningali Gusti Jésus, banget bingahé. Pangunandikané: „O, iki ta sing djeneng Jésus, sing wis kerep dakrungu wartane, nanging sing durung tau dakweruhi wudjude.” Satemené nalika Héroḍès miḍanget kabar bab Gusti Jésus enggoné memulang lan nindakaké kaélokan, galihé ketuwuhan rasa wedi, djalaran kagungan panginten jèn Gusti Jésus iku Jochanan Pambaptis, sing bijèn disédani nanging bandjur gesang manèh. Nanging bareng saiki ningali wudjudé Gusti Jésus, bandjur ilang kuwatiré, djalaran sing dadi bebandan iku tjeṭa jèn dudu Jochanan Pambaptis. Héroḍès bingah mirsani Gusti Jésus, pangadjeng-adjengé bisaa ningali pratanḍa lan kaélokan kaja sing wis naté ditindakaké Gusti Jésus .... Héroḍès ora menggalih babar pisan bab trenjuhing galihé Gusti Jésus utawa ora menggalih marang kaadilan sing kudu ditandukaké marang Gusti Jésus, nanging sing ndadèkaké bingahing galihé mung enggoné arep ningali tetingalan sing gawé senengé wong nonton. Gusti Jésus iku dianggep mung kajadéné tukang sulap baé!

Gusti Jésus didangu klawan tembung akèh-akèh lan diḍawuhi nedahaké kaélokan, nanging saketjap Gusti Jésus ora paring wangsulan. Pandjenengané ora naté nindakaké kaélokan jèn ora kagem nulungi wong kang paḍa nanḍang kasangsaran lan katjingkrangan, apadéné kagem ngluhuraké Asmané Sang Rama ing swarga.