Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/137

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

„MUGI KASALIBA! KASALIBA!”

137

énggal dirampungi, ora kena disrantèkaké manèh. Mau bengi pradata Jahudi wis nemtokaké ukuman pati kanggo Gusti Jésus lan awané Pandjenengané bakal tumuli disédani! Ing sadalan-dalan wong sing paḍa weruh lan ngrungu gederé wong nḍabjang Gusti Jésus, bandjur paḍa mèlu ngetutaké, kepèngin ngerti keprijé bakal wusanané.”

Satekané ing palataran ngarep dalem kabupatèn, wong Jahudi mau bandjur paḍa manḍeg, paḍa ora gelem mlebu ing dalem kabupatèn, pamurihé supaja adja nganti nadjis, temah isih paḍa wenang mangan Paskah. Sapa ta ing antarané wong Jahudi sing paḍa mursid lan ngibadah, gelem ngambah omahé wong kapir, sing ora wanuh marang Allahé Israèl? Mulané wong-wong mau mung paḍa manḍeg ing ngarep dalem kabupatèn, mengko Pilatus rak mijos menjang ing gadri ngarep manggihi wong sing paḍa ngaturaké panggugat.

ORA antara suwé Pilatus bandjur mijos ing gadri ngarep, pinarak ing kursining pangadilan. Bupati Pilatus iku prijagung bangsa Rum, solah bawané ngetarani jèn wataké adigang adigung, kamitégan, mentalan lan sugih gelar. Wong Jahudi sing paḍa sowan ana ing ngarsané mung paḍa diingetaké baé; jèn ndeleng polatané, wong-wong mau ketara jèn paḍa nesu banget; mesṭiné wong sing diladèkaké iku durdjana geḍé .... Nanging .... jèn ndeleng wudjudé wong sing dibanda, sing kewentar djenengé Jésus Nasarani, ora ana èmperé babar pisan karo durdjana. Gék apa baé kaluputané déné nganti dadi bebandan?

Para pangarepé imam katon rada gadjeg-gadjeg. Apa sing kudu diaturaké minangka panggugat .... Apa kudu matur, jèn Gusti Jésus saben-saben marasaké wong lara, malah wis tau nangèkaké wong mati? Jèn Pandjenengané tau ngandika djumeneng Putrané Allah? Jén para pangarepé imam lan para ulama kerep diwelèhaké mungguh ing kaluputané lan kamursidané sing mung lelamisan? Apa kaja mengkono iku enggoné kudu matur marang Pilatus? .... Jèn mung kaja mengkono sing dadi gugaté, Pilatus mesṭi ora bakal nḍawuhaké paukuman. Dadiné kudu ana gugatan utawa dakwa sing luwih premati, supaja Jésus Nasarani iku kenaa kapatrapan ukum pati!

Wong mau bandjur paḍa wiwit nggugat, aturé: „Saking pamanggih kula tijang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging saos bulu-bekti ḍumateng Sang Prabu, mawi gaḍah pangaken dados Kristus utawi ratu pijambak.”

Pilatus mirsani Gusti Jésus kambi mangu-mangu galihé; jèn wong iki mbalila marang Sang Prabu ing Rum, wis mesṭi kudu kapatrapan ukuman abot, mulané bandjur ndangu: „Kowé iku apa ratuné wong Jahudi?” Nanging Gusti Jésus mangsuli, pangandikané: „Kratonku iku ora saka ing donja kéné; menawa kratonku saka ing donja kéné, mesṭi wadyabalaku paḍa lumawan perang, supaja Aku adja nganti kaulungaké marang wong Jahudi. Kang iku kratonku ora saka ing donja kéné.”

Panggalihané Pilatus mungguh wangsulan mau kira-kira mengkéné: „Jèn wong iki arep ngadegaké kraton sing ora ana ing donja kéné, aku rak ora perlu kuwatir menawa wong iki arep madeg kraman nglawan aku utawa Sang Prabu ing Rum. Généja wong-wong Jahudi iku paḍa banget nepsuné nganti njuwunaké paukuman wong iki?”

Pilatus bandjur ndangu marang Gusti Jésus: „Apa kowé ora ngrungu panggugaté wong iku marang kowe? Lah pirang-pirang prakara kang digugataké marang kowé!” Nanging Gusti Jésus ora mangsuli apa-apa manèh .... Dora-tjara sing diutjapaké bangsané ingatasé iku kang ndjalari sekeling galihé, nanging Pandjenengané wis ora kepareng paring wangsulan.

Pilatus tumuli ngandika marang para pangarepé imam lan wong golongan sing saja suwé saja munḍak akèh lan munḍak gumeder: „Mungguh ing aku wong iku ora tinemu kaluputané!” .... Nanging sing nggugat paḍa saja rengkeng, aturé: „Boten pinanggih kalepatanipun? .... Tijang punika damel balilanipun bangsa, pamulangipun sampun wradin ing satanah Jahudi sadaja, wiwit ing tanah Galiléa ngantos dumugi ing ngriki.”

Pilatus bareng mijarsa bab tanah Galiléa bandjur ndangu: „Wong iki apa wong Galiléa?

Bareng wis njatakaké jèn Gusti Jésus iku pinangkané saka Galilea, ribeding galihé bandjur rada antèr .... Awit satemené Pilatus nganti djuḍeg galihé ngraosaké Gusti Jésus. Wong Jahudi kengkeng enggoné nggugat: „Tijang punika dosa pedjah!”, lan panasing atiné mubal katon ana ing pantjerenging mripat, nanging Pilatus pijambak ora bisa manggihaké kalepatané Gusti Jésus. Jèn mengkono kuduné keprijé? .... Wis mesṭi bae wong sing ora tinemu kaluputané kudu diluwari, mengkono iku wis klebu kuwadjibané hakim sing adil lan djudjur. Pilatus ora kersa tumindak mengkono, awit Pilatus kepéngin damel renané wong golongan. Djalaran saupama Pilatus ora nuruti panjuwuné wong Jahudi mau, wong-wong mau, luwih maneh para pangarepé imam lan para ulama, mesṭi bakal dadi satruné; katimbang dianggep satru rak luwih betjik dianggep mitra déning bangsa Jahudi, djalaran sapa weruh, samangsa bangsa Jahudi ora seneng dieréhaké déning bupati