Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/136

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

136

„MUGI KASALIBA! KASALIBA!”

***

MUNGGUH Judas ḍéwé keprijé? Sawisé nguntjalaké ḍuwit mau, bandjur klépat lunga .... Atiné kuwur banget. Saiki wis kasèp, madju buntu, mundur wis kebandjur! Atiné ngenes, tanpa ana ungup-ungupé oleh pepaḍang lan pitulungan. Keduwunging atiné ora bakal bisa sirna, malah mung tansah njiksa uripé, keprijé enggoné arep ngontjati. Nijaté arep golèk pangungsèn, nanging menjang endi enggoné ngungsi, djalaran sing arep diontjati iku wis mandjing ana ing djero atiné. Ing salawasé uripé bakal tansah dadi buron, diojak-ojak déning keduwunging atine. Kedjaba jèn bisa ontjat saka ing alaming ngaurip! Judas saiki wedi urip. Sing bisa ngluwari saka ing panggugating atiné ora lija kedjaba mung pati. Jèn wis mati, lagi bisa meneng swaraning keduwungé!

JUDAS ketliweng pikiré! .... Béda banget karo Pétrus! Pétrus keduwung banget atiné, bandjur nangis kelara-lara. Sing dikeduwungi jaiku déné nganti gawé sekeling galihé Gustiné. Ing sadjeroning keduwungé Pétrus sesambat marang Gusti njuwun pangapura. Mangka Gusti Jésus ora nampik wong sing nggetuni kaluputané lan njuwun pangapura.

Judas ora mengkono kaanané. Sing dipikir mung tjilakané awaké ḍéwé, déné tansah bakal diojak-ojak déning keduwunging atiné ḍéwé, mangka ora bisa ngontjati .... Nanging atiné ora ketuwuhan nalar golèk pangungsèn marang Gustiné, lan ora sesambat njuwun kawelasan ....

Judas wis kapandjingan déning Iblis lan ora bisa ontjat manèh saka ing pangwasané. Ing wajah ésuk isih repet-repet Judas nggeblas, parané menjang ing patamanan Gètsémané. Ing sawengi iku Judas nganti ping pinḍo enggoné mlaku mrono. Ana ing papan sing linḍuk ing gegampèng Judas bandjur ngenḍat tali murḍa. Pang sing dienggo ngenḍat iku tugel, temah Judas tiba krungkeb ing djurang, ketanggor-tanggor ing parang tjuri nganti beḍah wetengé lan djeroané metu kabèh .... Ana ing djurang djero Judas gumléṭak wis mati.

Nanging dosané sing wis akèh, isih diwuwuhi dosa ngenḍat, katut digawa mlebu ing djaman kalanggengan. Mangka ing kana ora ana pangapura manèh.

Mengkono kelakoné njèplesi pangandikané Gusti Jésus nalika paḍa kembulan mangan budjana Paskah, mengkéné: „Bilai wong kang dadi margané Putrané manusa kaulungaké; begdja wong iku saupama ora kelakona lair!”

PARA imam sing paḍa ana ing padaleman sutji mung paḍa nggeguju pratingkahé Judas. Ḍuwit telung puluh sèkel selaka sing pating slebar ana ing djubin bandjur dikukup, karo paḍa ngutjap: „Iku ora kena dilebokake ing peti bet-amal, marga dadi patukoning getih.” Dadi ḍuwit sing dienggo ngopahi Judas ngulungaké Gusti Jésus iku paḍa dianggep ḍuwit reged, ḍuwit nadjis, ora kena dilebokaké ing peṭining pisungsung ing padaleman sutji. Saka kakenṭelaning rembugé wong mau bandjur ditukokaké palemahane kunḍi, palemahan sing ora akèh adjiné, djalaran lempungé wis entèk digawé grabah. Palemahan mau bandjur kagawé pakuburané wong ngamantja sing mati ana ing Jerusalèm lan ora kena dikubur ana ing bumi sutji, bumi pusakané bangsa Jahudi. Ing sabandjuré palemahan mau ketelah aran Akeldama, tegesé palemahan getih, djalaran pinangkané saka ḍuwit patukoning getih.

PIRANG-pirang atus taun kapungkur nabi Jirmijah nglairaké pametja ḍawuhé: „Paḍa nampani wang telung puluh sèkel selaka mau, ija iku pangadjiné kang wus kamurwat ing sapamurwaté Banisraèl; bandjur ditukokaké palemahané kunḍi.” Pangandika mau pangandikané Gusti Allah pijambak lantaran abdiné; nalika djamané nabi Jirmijah ora ana wong sing njandak tegesé pangandika mau.

Nanging saiki pangandika mau kajektèn.

Mungguh para imam lan para ulama mau kabèh mesṭiné paḍa ora kélingan marang pangandikané Gusti Allah ing djaman kuna, djalaran atiné wis kebak piala.

„MUGI KASALIBA! KASALIBA!”

WAJAHÉ isih ésuk umun-umun. Para pangarepé imam karo para pinituwa lan para ulama, jaiku sapepaké pradata, sawisé gawé karampungané prakara, bandjur paḍa nḍabjang Gusti Jésus kaladosaké ing dalemé bupati Pilatus. Karampungané pradata ingatasé Gusti Jésus wis tjeṭa, jaiku: Pandjenengané bakal disédani, déné saiki kari ngentèni, apa bupati Rum sing ngasta pangwasa ana ing tanah kono ngrudjuki karampungan mau. Jèn wis dirudjuki, wong Nasarèt iku tan kena ora mesṭi mati. Saiki wis dina Djumuwah, lan jèn mengko soré srengéngéné surup, wis ngantjik dina Sabbat Paskah. Ing dina Sabbat wong Jahudi paḍa ora kelilan nglakoni pagawéan, dadi ija ora kelilan mematèni. Mulané sadurungé ngantjik dina Sabbat mau, Jésus Nasarani iku kudu wis dirampungi prakarané lan kudu wis dipatrapi paukuman pati!

Dalemé bupati Pilatus wis katon, lakuné bandjur digelak. Prakarané kudu énggal-